Mukti lan Andayani liwat Kagunan Basa

Wasis utawa prigel ing sawijining bab, bisa dadi srana kanggo mecaki urip padinan. Sauger kabisane mau ya diasah lan dicakake. Contone, kabisan ing babagan basa. Ya, srana kanggo nulis lan micara, kang katone prasaja iku, nyatane bisa kanggo sangu urip mulya. Ing kalodhangan iki, Taman Wanita andum pengalamane pawestri telu sing kabukten mukti lan andayani amarga kagunan basa.

Sandra Kosasih

Sing sepisanan yaiku Sandra Kosasih, pawestri sing manggon ing Amerika. Yaiku ing Pasadena, California.  Sandra padinane dadi juru basa sing ngalihbasakake basa Indonesia – Inggris lan kosokbalene. Dudu marang pelancong utawa murid anyaran. Ananging, kanggone pasien lan dhokter.

Tan bisa diselaki, ing Amerika akeh pedunung sing asline warga Indonesia. Sanadyan kanggo bisa mrana ya lumrahe kudu bisa micara basa ngenggon, ananging nyatane ya akeh sing ora patiya lanyah. Bisane ya saderma wae. Kang kaya mangkono iku banjur dadi kangelan nalika butuh njlentrehake sawenehing perkara. Contone nalika ngrasakake lara lan arep golek tetamba.

Mula, dadi penggaotane Sandra, nyambungake karepe pasien marang dhokter utawa paramedis. Sabanjure uga ngandharake maneh, pambabar lan pamrayoga saka dhokter marang pasien.

Kang paling kerep ananging tetep rinasa ngguyokake, mungguhe Sandra, yaiku lelarane uwong Indonesia kang diarani “masuk angin”. Wis cukup ngono wae, yen ing Indonesia, ya padha mudhenge. Dene ing Amerika, ora ana padhanane tembunge.

“Rak ya mokal yen banjur dikandhakake wind inside,” ujare sinambi mesem. 

Mula Sandra kudu njlentrehake kanthi rinci marang dhokter sing mriksa. Dheweke aweh gambaran bab kahanan kang dirasakake dening pasien. Kaya ra lungrah, ngelu utawa mumet, gorokane lara, watuk, lsp. “Ing basa Inggris kerep sinebut cold symptoms,” imbuhe.

Gegambaran abang-abang tilas kerokan sing bisa njalari gendra amarga dicubriyani saka tumindak milarani.

Sawise iku ditlesih maneh, endi sing rinasa luwih lara utawa ora kepenak. Angkahe bisa konangan kanthi luwih setiti, endi punjering lelara. Kanthi mangkono tamba lan pamrayogane uga kaajap trep kanggo ngusadani.

Salah siji bab sing dadi kawigatene Sandra lan kerep didumake marang liyan yaiku, ing saben tlatah ana basa lan budaya kang beda. Mula lumrah yen banjur sok-sok ana salah tampa. Lha, kanggo ngawekani bab kasebut, mula gelem nyinau bab maneka basa lan budaya iku becik banget.

Kaya ta pengalamane kudu nengahi nalika ana warga priksa menyang dhokter lan malah dadi gendra. Jalarane, ing anggane pasien sing warga asli Indonesia ana larik-larike abang. “Amarga kerokan,” kandhane pawestri blasteran Solo – Austria iku.

Ing negara sing ora kulina marang usada kanthi ngerokake dhuwit krincing menyang kulit, kahanan abang-abang ing badan iku bisa njalari cubriya anane tumindak kekerasan. Apamaneh yen abang-abange ing gegere bocah. “Ora amung dipriksa dhokter, ananging kudu dilapurake petugas sosial,” ujare. Mula rak ya bakale dadi kedawa-dawa, yen ora digenahake kanthi trewaca.

Sakploke Sandra kerep njlentrehake bab kerokan, mula dhokter lan tenaga medis ing sakupenge banjur akeh sing ngerti marang srana tetamba kasebut. Jalaran kejaba pakulinane warga Indonesia, kerokan uga dadi sranane warga negara liyane ing Asia. Kaya ta China, Taiwan, Thailand, lan Malaysia.

Begjane, Amerika dhewe mujudake panggonan sing nampung maneka werna suku lan budaya. Mula bab kerokan, kang banjur dibasakake coining, ora patiya kangelan ditampa. Sauger bisa ditlesih lan dipesthekake antarane pasien lan sing mriksa.

Bab liyane sing sok butuh dijlentrehake dening Sandra yaiku jamu. Dadi yen ana pasien rak lumrahe ditakoni, wis ngombe obat apa wae. Yen wanguslane jamu, pancen dadi gawe bingung. Umume Sandra banjur ndhedhes marang pasien, jamune apa, lan dikandhakake marang sing mriksa. “Upamane jamu godhong sirsat. Ya mengko banjur rada suwe priksane jalaran dhoktere kudu mesthekake dhisik kandhutane. Amarga ing Amerika ya ora ana godhong sirsat,” tuture pawestri sing wis manggon ing AS wiwit 1995 iku.

Yen pawestri sing siji iki, pakaryane ngalihbasakake basa ing tontonan. Yaiku drama Korea. Para maos mesthine wis langsung cingak yen krungu jeneng Lee Moo-saeng, Kim Ji-hyun, Jeon Mi-do. Utawa Ji Chang Wook alias Babang Ichang, sing durung suwe iki dolan menyang candhi Prambanan. Ananging, yen jeneng Suci Anggunisa Pertiwi, umume ora ana sing wanuh ya?

Suci Anggunisa Pertiwi

Kamangka, Suci, celukane, uga nduwe peran ing drakor Thirty-Nine sing dibintangi aktor aktris ing ndhuwur mau lho! Dudu peran utamane, dudu figurane. Ananging perane ing balik layar. Yaiku dadi penerjemah saka basa Korea dadi basa Indonesia.

Suci dhewe nduwe kawigaten marang basa Korea wiwit 2007. Yaiku nalika lagi nedheng-nedhenge K-Pop. Dheweke nganti milih kuliah jurusan Bahasa Korea. Amarga diwiwiti saka rasa seneng, mula anggone kuliah uga lumaku gancar lan kaya tanpa sanggan. “Rumangsaku kok kuliahe kaya sinambi dolan,” ujare. Jalaran, kejaba sinau basa, Suci lan kanca-kancane uga nyinau bab sejarah, seni, lan budaya Korea.

Rampung kuliah, Suci ngupaya amrih bisa mara menyang negara sing basane digandrungi iku. Ora kok saderma dolan, ananging uga kanthi angkah njembarake wawasan. Saka olehe nggolek beasiswa, Suci kelakon manggon ing Korea Selatan sesasi nutug. Ing kana dheweke gladhen basa kanthi micara klawan warga asli ngenggon. Uga nyinau bab seni lan budaya kanthi nekseni langsung.

Crita bab olehe entuk beasiswa, ujare Suci, ora banjur sakalan ketampa. Dheweke ndhaftar nganti ping telu. Sepisan ora ketampa, ndhaftar maneh taun candhake. Panggan ora katut, Suci ora cilik atine. Dheweke terus ngupaya ngundhakake kawasisane. Lan kaping telune lagi kasil.

Poster drakor Thirty Nine sing dialihbasakake dening Suci.

Ya awit perjuwangane iku, rasa mongkoge Suci gedhe. Dheweke nggethu ananging uga tanpa rumangsa nglokro olehe ngranggeh kabisan sing digandrungi. Lan saka sakebehe pengalamane iku, Suci mantep nalika ana kalodhangan ngalihbasakake drama Korea. Tekan saiki, wis punjul saka 14 drakor sing dialihbasakake dening Suci. Ibu peputra siji iku uga ngalihbasakake filem lan Reality Show. Saka pakaryan iku, ora amung entuk pametu, Suci uga bisa njembarake pasrawungan. Utamane klawan sapepadha juru alihbasa saka saindenging donya. (lie)

***

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *