Mupangate Godhong Kelor Tumrap Kasarasan

Wit kelor (moninga oleifera) lumrah ditandur ing pekarangan lan kanggo pager. Dhuwure wit udakara 5 tekan 11 meter. Watange getas lan diblebetkulit kang ulet. Godhonge lonjong kanthi ukuran cilik-cilik lan ulese ijo, saben sagagang sinusun majemuk. Dene kembange wernane putih semu kuning kanthi papah kang ulese ijo, lan wohe wujud pajutelu panjang, disebut klenthang. Jalaran kasiyate kang ngedab-edabi, meh kabeh uwong sarujuk nyebut wit kelor minangka miracle tree. Tegese, wit kang ajaib utawa wit kang kebak mukjizat.

Godhong kelor iku wis dikenal ing 86 negara kanthi jeneng kang beda-beda. Wit kelor uga disebut marango, mlonge, moonga, mulangy, nebeday, saijhan, lan sajna. Uga disebut ben oil tree, horse radish tree, drumstick tree, benzolive tree, mother’s best friend, miracle vegetable utawa miracle tree. Ing wewengkon Asia Tenggara, kelor disebut kalor (malaysia) chum ngay (Vietnam), marum (Thailand), malunggay (Filipina). Dene saben dhaerah ing Indonesia, kelor dikenal kanthi jeneng nurong (Aceh), merunggai, munggai (Sumatera), kilor (Lampung), maronggih (Madura), kelor (Jawa, Sunda, Bali) parongge (NTB), kawano (Sumba), Marungge (Kupang), haufo (Timor), moltong (Flores), Kelo (Ternate), kiloro (Bugis), Kerol (Buru), kelo (Gorontalo).

Kanggo tamba lelara Methik mupangate godhong kelor tumrap kasarasane manungsa, udakara kawit 5.000 taun kepungkur, masyarakat India Lor wis manfaatake godhong kelor kanggo tetamba. Bab kasebut tinulis ing kitab Ayurveda. Ing kono disebutake, racikan godhong kelor kuwawa kanggo nambani 300 jinis penyakit, kayata anemia, dharah kotor, bronkitis, mengi/asma/sesak napas, watuk, diare, infeksi mripat lan kuping, lara gorokan, mriyang, lara sirah, penyakit gudhig, kesleo, tekanan dharah abnormal, histeria, nyeri sendhi, kolera, konjungtivitas, lsp. Godhong kelor uga bisa kang nambah stamina lan tenaga. Pra prajurit nalika ing kahanan perang, dicepaki racikan jamu godhong kelor.

Tumrap bangsa Romawi, Yunani, lan Mesir, lenga saka wiji kelor digawe kanggo minyak wangi. Ing Mesir, minyak kelor uga piguna kanggo ngayomi kulit saka panase segara wedhi kang sumelet. Ing Guatemala, godhong kelor kanggo obat lara kulit lan tamba wong kang nandhang tatu. Mungguh ing Jamaika kawit taun 1817, godhong kelor digunakake kanggo bahan mangsakan lan lengane kanggo gegenen lan gawe padhang ing wanci wengi. Dene ing Filipina, godhong kelor piguna kanggo nambani penyakit anemia, kelenjar abuh, lan bisa nambahi lancare ASI (Air Susu Ibu) tumrap wanita sing lagi nusoni.

Lowell Fuglie, klebu minangka pawongan kang nduweni labuh labet gedhe marang pengembangan tanduran kelor. Warga Prancis kang mapan lan makarya ing Senegal, Afrika iku, ing taun 1990-an naliti babagan kandhutan nutrisi tumraping godhong kelor. Ing panalitene kasebut Lowell nemokake kasunyatan yen para wanita kang lagi ngandhut sarta nandhang gizi buruk iku tetela bisa nglairake bayi kang sehat, jalaran kerep dhahar godhong kelor. Sabanjure asil panaliten iku dimupangatake ing sakehing negara kanggo setiyar nglawan tumanduke gizi buruk, utamane ing negara-negara berkembang.

Kasiyate godhong kelor liyane:

  • Godhong kelor nyimpen senyawa minangka nutrisi awak. Kayata akeh ngandhut polyphenol dhuwur kang mupangat minangka zat antioksidan. Zat iku becik kanggo detoksifikasi, malah kuwawa gawe kencenge sistem kekebalan badan.
  • Nutrisi ing godhong kelor uga kuwawa mbiyantu ketele rambut, saengga katon luwih nggilap lan sehat. Carane: Godhong kelor tuwa sacukupe, dikumbah terus didheplok nuli dioles-olesake ing rambut. Sabanjure rambut dikramasi lan dibilas nganti resik.
  • Ngunjuk racikan teh godhong kelor kanthi ajeg disengguh bisa mbiyantu njaga kasarasane kulit, nambahi energi, gawe kuwate awak kanggo makarya, sarta njaga bobote awak kang pas lan cocog tumrap priya lan wanita. Uga becik kanggo kasarasane mripat lan uteg.
  • Dhahar godhong kelor mahanani fungsi ginjel lan ati bisa mundhak kanthi lumintu. Awak bakal krasa seger yen fungsi pembuwangan limbah iku bisa lumaku kanthi lancar. Uga becik kanggo ngawekani perkara weteng, upamane angel bebuwang, lsp.
  • Kandhutan seng/zinc kang dhuwur tumrap godhong kelor bisa mbiyantu ngawekani penyakit diabetes. Seng iku mujudake mineral kang dibutuhake kanggo mrodhuksi insulin.
  • Godhong kelor bisa mbiyantu ngurangi peradhangan lan mbiyantu ngurangi rasa lara, kayata arthrithis lan rematik.
  • Ing panaliten asesirah “Kultur Jaringan Sel Kanker Serviks” nuduhake, ekstrak godhong kelor duwe khasiyat nyengkuyung patine sel-sel kanker awal sarta ngegah dumadine reprodhuksi sel-sel kanker.

Bubuk godhong kelor Jalaran gedhe pigunane tumrap kasarasane manungsa, godhong kelor asring dikela sarta kanggo jangan sop lan jangan liyane. Godhong kelor didheplok.

***

Panulis: Ism

Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *