
Nduwe anak sing manut marang ibu lan ramane, mbokmenwa pancen maremake. Ngongkon mrana, bocahe lunga mrana. Dipenggak amrih aja ngono, ya manut ora tumindak kaya ngono. Ibune lan ramane ora kober rumangsa mangkel, ora nganti perlu nesu-nesu. Ananging yen ana bocah sing nduweni panemu beda, yen dituturi mbantah, apa ateges bakale bubrah?
Sejatine, saben bocah nduweni pradatan sing beda-beda nalika ngadhepi wongtuwa lan sakupenge. Ana sing wis pacakane anteng lan manut, ana sing rada seneng usreg dhewe lan tansah kepengin ngerti werna-werna, ana sing polahe akeh lan seneng bebarengan kancane, lsp. Semono uga nalika bocah banjur nindakake bab sing kanggone wongtuwane ora pener lan dilokake. Tanggepane ya ora padha.
Meneng Ngrungokake
Ana bocah yen dituturi wongtuwane ndhingkluk, meneng, ngrungokake. Semono uga yen ta nganti diseneni, kaya ngapa wae tetembungan lan swarane wongtuwane, ya mung ditampa. Bocah modhel ngene iki ya isih ana rong jinis. Sing siji, ngrungokake tenanan lan ngrumangsani salahe. Dene sijine, mung amarga wedi, utawa malah wegah nyuwara, saengga macak anteng wae nalika diseneni. Nanging sejatine sakabehe pituture ibu lan ramane mung mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen, lan kosok baleen
Ngrungokake lan Nggatekake
Bocah sing gelem ngrungokake lan ngatekake temenan pituture wongtuwane, bakale ngresepake apa sing diwedharake ibu lan ramane. Ukara mbaka ukara digatekake tenan, nganti mudheng gegyutane karo punjering perkara. Yen sing diandharake ibu lan ramane iku selaras karo apa sing wis katindakake, lumrahe bocah bakal ngakoni sanadyan mung batine. Sabanjure, bakale nabet ing ati lan pikirane, yen tumindake kuwi mau ora becik. Dene prayogane, sing ditindakake ya kaya sing diandharake wongtuwane.
Beda maneh yen si bocah rumangsa apa kang dituturake wongtuwane ora trep karo perkara sing kelakon. Bocah bisa rumangsa ditutuh kamangka ora tumindak kaya mangkono. Utawa, nduweni pamikiran lan alesan tinamtu saengga nindakake bab kasebut.
Nggatekake lan Tumidak
Bocah sing kulina nggatekake pituture ibu lan ramane kaya sing kababar ing ndhuwur iku, ana rong macem. Siji, sing nggatekake lan banjur tumindak selaras karo bab sing dipahami. Yen dhawuhe wongtuwane bener, ya banjur ngakoni salah lan njaluk palilah kanggo ndandani tumindake. Lha yen sing dituturake ibu lan ramane rinasa ora trep, ya banjur semaur, ngandhakake kedadeyan sejatine miturut dheweke. Utawa, alesan lan pamikirane, dene si bocah nindakake bab kasebut.
Ana maneh modhel bocah sing nggatekake sakabehe ukara saka ibu lan ramane nalika dituturi, ananging ora tumindak apa-apa. Ngrumangsani salah, ngakoni ing batine, nanging banjur wis ngono wae. Yen kudu ndandani olehe tumindak kliru, ora wani. Dene sing rumangsa pituture wongtuwane ora trep, ya tetep meneng wae, jalaran wedi utawa wegah ndedawa perkara. Sidane kedadeyan iku mung nandhes ing ati lan pikirane, rasa ora mareme ya diulu dhewe.

Bocah Wiwit Mbantah
Saka maneka modhel bocah kaya ing ndhuwur, putra putri pajenengan klebu sing endi? Yen anak luwih saka siji, lan beda banget sapari polahe, ya lumrah wae. Lha, kepriye yen nduwe bocah sing maune manut, banjur wiwit kerep mbantah nalika dituturi?
Nalika anak isih bayi, butuh pokoke pancen isih nyusu, memangan, sandhangan anget, swasana seger, lan dikekudang wongtuwane. Tambah umure, tansaya gedhe anggane, tumangkar uga pamikirane. Sing maune manut memangan apa sing dicepakake ibu lan ramane, malih dadi kepengin icip-icip werna-werna. Diwuruki yen pedhes, meksa nyolong- nyolong ndulit. Sidane kepedhesen nangis jerit-jerit. Dikulinakake ngerti barang kena dipangan karo sing ora, suwe-suwe rasa kepengin ngertine ora mekakat, mbelek pitik ya didilat.







