Lha nalika tumindak ora pener, kaya ta kerah karo kancane, nganti njiwit utawa ngeplak, banjur diseneni, ora kuwawa maneh meneng, pilih semaur. Bab iki bisa njalari ibu lan ramane ora lega atine. Bocah cilik diipuk-ipuk, tambah gedhe dikandhani kok malah mbantah.
Prayogane ibu lan rama aja langsung katut melu emosi. Sebisa-bisane emosine dikendhaleni, aja nganti banjur nyuwara sing luwih sero. Yen ta nganti rada nggereng, tetembungane ya sing trep, aja kasar.
Unjal ambegan bisa dadi salah sijine cara kanggo ngendhaleni emosi. Ya nalika unjal ambegan iku, sinambi ngrumangsani, yen ta kabeh iku proses tumangkare bocah. Sing maune manut jalaran ngerti iki kuwi ya mung saka ibu lan ramane, dadi rada ngeyelan jalaran wis ngerti luwih akeh bab lan kahanan.
Sabanjure, ibu lan rama bisa ngajak bocah rembugan. Wangsulane bocah nalika dituturi mau, mengku karep apa. Kepriye larah-larahe, lan apa sing dadi alesane nindakake bab kasebut. Mesthi wae iki katindakake nalika ya wong tuwa ya anake wis padha lereme.

Yen wis luwih cetha kepriye perkarane, banjur diudhari mbaka siji. Umume bisa kanthi dijlentrehake saka wiwitan (kronologis). Yen pancen sing dadi jalarane tumindake bocah iku bisa tinampa nalar, ya banjur dibacutake ngrembug bab sabanjure. Nanging yen pancen ora trep, ya kudu kanthi teges dielingake. Swasana sing lerem, tetembungan sing alus, sanadyan teges, lumrahe luwih bisa ditampa dening bocah.
Sing ora kena lali, yaiku ngrembug bab pamrayoga. Bisa wujud conto tumindak sing bener (yen bocah pancen kliru), utawa tumindak sing luwih prayoga (yen tumindake bocah ora trep ananging kanthi alesan sing klebu nalar). Kanthi dirembug bebarengan, solusi kasebut bakale dadi “pasarujukan”. Ora mung saderma pituture wongtuwa, ananging bab pener sing dimangerteni dhewe kanthi temen dening bocah.
Panulis: lie
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







