Nalika Gusti Allah nyiptakake suwarga lan neraka, Allah ngutus jibril ‘alaihis salam supaya menyang suwarga. Allah paring dhawuh: “Delengen lan kabeh nikmat sing Tak janjekake marang sing padha manggon”.
Jibril banjuj ndeleng suwarga kuwi, banjur dheweke bali nuju marang Allah.
“Pinaringan Kaagungan-Paduka Gusti, mboten wonten setunggal tiyang kemawon ingkang mireng bab suwarga menika kejawi piyambakipun pengin mlebet,” ature Jibril.
Banjur Gusti Allah perintah amrih suwarga ksb diubengi dening sakabehing bab kang ora disenengi dening hawa napsu.
“Saiki delengen maneh, lan titenana apa wae isine kang wis Tak siapake kanggo sing bakal manggon,” perintahe Allah marang Jibril.
Jibril ora kesuwen uga banjur mangkat ndeleng, pranyata ing suwarga wis kinupengan dening apa wae kang ora disenengi napsu.
“Pinaringan Kaagungan-Paduka Gusti Allah, kula kuwatos, mboten wonten setunggal tiyang kemawon ingkang saget mlebet dhateng lebetipun,” ature Jibril.
Allah uga perintah, “Delengen neraka, lan siksa kang Tak janjekake marang wong kang ngenggoni.”
Jibril banjur ndeleng mrono, pranyata siji lan sijine padhadene tumpang tindhih. Sabanjure Jibril bali ngadhep Gusti Allah maneh.
“Pinaringan Kaagungan Panjenengan Gusti, mboten wonten tiyang setunggal kemawon ingkang purun mlebet dhateng lebetipun,” ujare Jibril. Gusti Allah banjur dhawuh amrih neraka dikupengi syahwat.
“Saiki mranaa meneh, lan delengen neraka,” perintahe Gusti Allah marang Jibril.
Jibril enggal mangkat ndeleng mrana, pranyata neraka wis dikupengi dening kabeh bab kang disenengi syahwat. Banjur Jibril sowan maneh marang Gusti Allah.
“Pinaringan Kaagungan Panjenengan Gusti Allah, kula kuwatos mboten wonten setunggal kemawon tiyang ingkang saget slamet mboten keblubuk dhateng neraka,” ature Jibril.
Hadits iki njelasake marang kita kabeh yen pawongan kuwi ora bakal mlebu suwarga engga dheweke ngamalake perkara-perkara kang dibenci jiwa. Semono uga suwalike, pawongan kuwi ora bakal mlebu neraka engga dheweke mengamalake perkara-perkara kang disenengi dening syahwat. Mangkono iku ora liya merga ana tabir kang ngrenggani suwarga lan neraka arupa perkara-perkara kang dibenci apadene kang disenengi jiwa.
Sing sapa kasil mbukak tabir mula dheweke bakal tekan ing njerone.
Tabir suwarga iku dibukak kanthi amalan-amalan kang dibenci jiwa lan tabir neraka iku dibukak kanthi amalan-amalan kang disenengi syahwat.
Ing antarane amalan-amalan kang dibenci jiwa yakuwi kayadene temen-temen jroning ngibadah marang Gusti Allah Ta’ala sarta taberi jroning nglakoni, sabar nalika abot nindakake, bisa ngerem kanepson, aweh ngapura wong liyan, andhap asor, seneng sedhekah, tumindak becik marang wong kang tau nindakake salah, sabar amrih ora nuruti hawa napsu lan sapanung- galane.
Dene perkara kang ngriyasi neraka yakuwi perkara-perkara kang disenengi syahwat kang jelas harame kayadene inuman khamr, palanyahan, ndulu wanita kang dudu mahrame (tanpa hajat), rasan-rasan, main musik lan sapanunggalane.
Dene syahwat (waca:pepenginan) kang mubah mula ora klebu jroning bab iki. Nanging makruh ukume yen kaluwihen merga dikuwatirake bakal njlomprongake marang perkara-perkara haram, paling ora atine dadi garing utawa nglirawakake ati kanggo nindakake taat kepara bisa ndadekake atine dadi condhong marang gebyare donya.” (Syarhun Nawawi ‘ala Muslim, Asy-Syamilah).
Lawang Menyang Neraka Cacah Telu
Menungsa mlebu neraka saka telung lawang, yaiku:
- Lawang syubhat kang munculake rasa was sumelang marang agamane Allah.
- Lawang syahwat kang nyebabake menungsa luwih ndhisikake hawa napsune katimbang taat marang Allah lan rida marang Allah.
- Lawang kanepson kang nglairake memungsuhan marang makhluk” [Al-Fawaaid: 58]
Dampak Bebayane
Sauntara iku dampak bebayane uga ana telu, ing antarane yakuwi;
- Syubhat yakuwi sakabehing panemu kang ora selaras karo pemahaman Ahlus Sunnah wal Jama’ah senajan dilambari dalil, kekuwatan apalan lan retorika kang nengsemake.
Dampake sing ala yakuwi kafir, syirik, rusake aqidah lan anane bid’ah.
- Nuruti nafsu syahwat lan ora disalurake marang jalur kang halal mula munculake kemaksiatan kayadene syahwat kemaluan: zina, syahwat weteng: riba, lan sapanunggalane.
- Ora bisa memper senu munculake kedaliman marang hamba-hamba Allah, kayadene ghibah, ngina, ngantemi kepara mateni.
Wallahua’lam biasawab.
***
Panulis: Ki Jenggot
Panitipriksa: Keanu Ibrahim







