Nalika Seni Peradaban Kasempyok Ontran-ontran

Situs cagar budaya dirusak lan koleksi museum dijarah perusuh jrone dahuru kang kedadeyan tanggal 25-31 Agustus 2025. Wis wancine pamarentah nindakake mitigasi kanggo ngawekani bebaya musnane tabet sejarah akibat ontran-ontran.

Bebasan ngidu durung asat, kurang saka sak jam sawise Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawansa nemoni massa cacah atusan sing nglumpuk sangareping Gedhung Negara Grahadi Jalan Gubernur Suryo, Surabaya, Setu bengi, 30 Agustus 2025, bangunan bersejarah iku diobong. Bengi kuwi udakara jam 21.00, sekawit Khofifah metu menyang ratan saperlu nentremake atine dhemonstran sing pating brengok kebak kanepson. Massa kang nggrombol kawit sore durung gelem ngalih senadyan wis coba dibujuk dening aparat TNI. Kepara saya bengi cacahe uwong mundhak akeh. Nadyan hawa atis wiwit tumrecep, nanging swasana tengah kutha wimbuh panas.

Sedina kuwi kahananing sawatara wewengkon ing Jawa Timur pancen lagi kekes dening timbule ontran-ontran. Awane, DPRD Kabupaten Madiun digrudug massa. Kejaba unjuk rasa, massa uga mbalangi kantor wakil rakyat iku nganti nuwuhake karusakan ing kana-kene. Bakda maghrib, giliran kantor DPRD Kota Kediri sing diobong. Ora mung mbesmi DPRD, massa uga njarah rayah isen-isene Museum Bagawanta Bhari duweke Pemkab Kediri kang ora adoh karo lokasine kerusuhan. Let sedhela, giliran kantor DPRD Kabupaten Blitar ing Kecamatan Kanigoro sing disasar perusuh. Bangunan sisih ngarep kantor kasebut dibakar perusuh.

 Mbarengi wektune, ing Surabaya massa cacah atusan nggelar unjuk rasa ana sangarepe markas Polrestabes Surabaya, Jalan Veteran. Pos-pos pulisi sing tinemu sauruting dalan padha dirusak. Klebu Polsek Tegalsari kang ora adoh jarake karo Tunjungan Plasa dadi sasaran anarkisme. Sabaline saka Polrestabes, massa disumurupi konvoi tumuju Grahadi. 

Khofifah waswas bakal ana apa-apa maneh ing kantore. Sebab sedina sadurunge, Jumuah sore, 29 Agustus 2025, massa perusuh wis ngobong 21 sepedhah motor ing parkirane Grahadi. Nganti parak esuk swasana kutha tintrim merga massa sing didheseg pulisi ngedohi tengah kutha, mundur karo nganakake perusakan-perusakan fasilitas umum, mligine pos pulisi.

Mula Setu bengi kuwi Khofifah nyoba ngedhem swasana kanthi ngajak bawa rasa salah sijine pendhemo. Marang Khofifah pendhemo kuwi njaluk amrih kanca rowange sing ditahan pulisi jrone dhemonstrasi sedina sadurunge, cepet diluwari. Khofifah ngerem-eremi yen dheweke lagi koordhinasi karo kapolda amrih wong-wong sing ora luput mau bisa tumuli diwetokake saka sel tahanan. “Pangajabku, yen sakabehe wis rampung, bisowa kasembadan. Wong-wong sing ditahan iku klebu ewoning warga Jawa Timur sing srempeng nyambut gawe,” tuture Khofifah dikutip saka Kantor Berita Antara.

Rampung omong-omongan saperlune karo dhemonstran, Khofifah banjur tumuju Polrestabes Surabaya bebarengan karo Pangdam V/Brawijaya Mayor Jendral Rudy Saladin. Nanging jam 21.26, massa sing maune wiwit lerem, dumadakan katon bringas. Bledhosan-bledhosan mercon keprungu sesautan. Nuli bocah-bocah enom pencolotan nglumpati pagere Grahadi lan nyawatake bom molotov menyang gedhong mujur ngidul “swiwi” kulon. Bel, geni morab-morab nglalap ruwangane wakil gubernur dalah ruwang wartawan.

Obong-obongan iku mancing massa liyane ngangseg mlebu platarane Grahadi. Ndulu kekacowan kuwi, wong-wong sing maune mung nonton, padha nggunakake kalodhangan mau kanggo njarah isen-isene ruwangan sing kobong. Maneka barang kaya dene printer, dispenser Aqua, laptop, kursi, lan liya-liyane digondhol. Unike, pakarti penjarahan iku malah dadi geguyonane wong-wong sing meruhi. “Cair, Cak…Cair, Cak,” kandhane karo gumuyu latah-latah.

Rahyune kobongan kuwi bisa enggal disirep, saengga gedhong utama Grahadi kang dibangun taun 1795 dening Residen Dirk Van Hogendorps  ora katut ludhes. Bangunane isih wutuh. Upama nganti kobong, sutresna sejarah bakal kelangan cagar budaya sing ora bisa dikerta aji regane. Miturut sejarah, maune gedhong kasebut madhep ngalor utawa ngadhep Kali Mas. Para prayagung Landa kang mapan ana gedhong iku saben sore lungguhan ana balkon karo ngopi lan nyawang prau-prau pating sliri. Taun 1802 adhepe gedhong “diwalik” dadi ngidul utawa madhep dalan gedhe. Sawise Indonesia mardika, Gedhung Grahadi digunakake minangka papane Gubernur Jawa Timur nampa tamu.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *