Nalika Seni Peradaban Kasempyok Ontran-ontran

Kapitunan

Rusake Museum Bagawanta Bhari Kediri, kobonge sebageyan gedhong Grahadi, sarta ludhese Polsek Tegalsari cinathet dening Kementerian Kebudayaan minangka dhampak  kerusuhan sing tanpa kendhali. Siji maneh bangunan cagar budaya kang kobong kasempyok ontran-ontran yaiku Wisma MPR kang mapan ana Jalan Diponegoro 20 Kota Bandung, Jawa Barat. Bangunan arsitektur indische empire  yasan taun 1920 iku rusak abot.

 Menteri Kebudayaan Fadli Zon cuwa marang kebrutalane massa kang ora mung ngrusak bangunan cagar budaya, nanging uga njarah koleksi. Museum Bagawanta Bhari upamane, miturut Fadli sawatara isen-isene digondhol. Koleksi kang ilang yaiku sirahe reca Ganesha, kain bathik (wastra), lan buku-buku kuna. Wondene koleksi arupa reca Bodhisatwa sarta bata abang ngandhut enskripsi japa mantra, kasil dislametake dening juru pelihara (jupel) museum.

Fadli ajak-ajak masyarakat njunjung dhuwur sarta ngregani nilai-nilai budaya lan peradaban, salah sijine kanthi cara ngreksa museum apadene bangunan cagar budaya. Sebab museum sarta bangunan cagar budaya mujudake pandha proses peradabane manungsa kang ing sanjerone uga ngadhut proses lumakuning sejarah bangsa. 

Polsek Tegalsari ing Jalan Basuki Rahmad contone. Bangunan cakrik tropis kolonial yasan taun 1924 iku dhek jaman Landa dadi markas Politie Bureau 2e Sectie Kaliasin Soerabaja. Bangunan iku nduweni bunker lan sel tahanan segi nem. Taun 2013 Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini netepake kantor pulisi iku minangka cagar budaya. Samengko tabet sejarah iku musna sawise ajur mumur dilalap geni dahuru. “Ayo kita jaga bebarengan cagar budaya lan museum amrih lestari, sebab lelorone mujudake simbul majune peradaban manungsa,” ujare Fadli.

Bupati Kediri Hanindhito Himawan Pramana ngajap wong-wong sing nyolong koleksi Museum Bagawanta Bhari gelema mbalekake maneh. Miturut Mas Dhito -paraban akrabe Bupati Hanindhito- sawatara pawongan sing kober nyolong isen-isene museum wis mbalekake maneh barang jarahan kuwi. Antara liya tabung gas elpiji melon, alat tulis lan kothak tisu. Nanging barang-barang sing larang regane, kaya dene komputer lan laptop, klebu fragmen reca, durung dibalekake. “Rehne fragem reca lan artefak kuwi barang sejarah, muga ana kesadharan tumrap sing wis njupuk supaya dibalekake menyang kantor Pemkab Kediri,” kandhane bupati.

Sutresna sejarah Surabaya, Kuncarsono Prasetyo, ngandharake sapa wae kang gawe rusuh dina-dina iki, kategorine wis ngawur utawa barbar. Sebab jroning urusan apa wae, klebu prang, situs cagar budaya wajib diayomi. Dheweke menehi conto, prang 10 Nopember 1945 kurang gedhe apa. Prang telung minggu suwene kuwi cinathet sejarah donya klebu ewone ‘perang kota’ sing paling gedhe. Nanging dhestun situs-situs cagar budaya ora diuthik-uthik dening pasukan sekutu lan pejuwang Indonesia. Saengga nalika Indonesia mardika, warisan kolonial arupa gedhong-gedhong kuna mau tetep wutuh.

Tumrap Kuncarsono, bisa wae situs cagar budaya kang rusak mau didandani maneh, kepara dibangun luwih apik. Nanging nilai-nilai sejarahe wis ora bisa dibalekake. Kuncarsono ngaku sawise kobongan Grahadi sirep, esuke dheweke mara menyang lokasi. Kuncarsono nemokake pecahan gentheng mawa tulisan “Dikeloearkan oleh Pabrik Genteng Karanpilang Soerabaja.” Bisa wae gentheng sing remuk iku diganti weton anyar nalika bangunan kang rusak iku direvitalisasi. Ewasemono tetep ora bakal bisa mulihake keasliane. “Apamaneh pabrike gentheng mau saiki wis ora ana,” ujare Kuncarsono.

Mengkono uga Polsek Tegalsari sing samengko kari nyisa gedhonge, bisa wae direvitalisasi luwih modern. Nanging nilai sejarahe kang musna ora bisa diluru maneh. Polsek Tegalsari, kandhane Kuncarsono, salah siji saka kantor pulisi tingkat kecamatan sing dibangun Landa kanggo nglarah tindak kriminal ing Surabaya. Landa uga ngedegake 7 kantor pulisi sektor sing sawatara kawasan. Saka wolung kantor polsek sing dibangun Landa ing Surabaya mau, samengko kari Polsek Tegalsari lan Polsek Bubutan sing nyisa. Liyane wis dirubuhake utawa alih fungsi. “Mula yen Polsek Tegalsari saiki diobong, tabet-tabet sejarahe kutha Surabaya saya ilang,” ujare anggota komunitas Begandring iku.

Para perusuh, ujare Kuncarsono, jrone nglakoni perusakan ora mikir Grahadi lan Polsek Tegalsari minangka situs cagar budaya. Nanging bangunan loro kuwi dadi target pengrusakan merga dianggep dadi simbule kekuasaan. Mengkono uga penjarahan sing kedadeyan ing Museum Bagawanta Bhari Kediri uga ora jalaran ana niyat  nggawa mlayu peninggalan purbakala nuli didol.

“Para perusuh mau ora ngerti sepira pentinge koleksi museum. Buktine sirah reca sing dijarah kober dienggo dolanan balang-balangan karo kancane,” kandhane Kuncarsono.

Mulat kasus kerusuhan sing nyempyok situs cagar budaya lan museum mau, Kuncarsono ngusulake marang pamarentah amrih tumuli nindakake mitigasi kanggo ngawekani kedadeyan ing dina-dina bacute. Miturut dheweke, sebageyan gedhe situs cagar budaya ing Jawa Timur durung dipepaki piranti pemadam kebakaran. “Wis wancine pamarentah mepaki situs cagar budaya piranti-piranti keslametan, merga yen ana bebaya sing jenenge cagar budaya rak ora bisa mlayu,” kandhane Kuncar.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *