Nalika Seni Peradaban Kasempyok Ontran-ontran

Pameran Seni Ditutup 

Kerusuhan ing Grahadi Setu bengi njalari pameran seni rupa paling gedhe sa-Indonesia, ARTSUBS 2025 ing kompleks Alun-alun Surabaya ditutup luwih cepet. Maune pameran kang majang 300 koleksi lukisan lan instalasi mau miturut rancangan digelar 2 Agustus-7 September 2025.

Dhirektur ARTSUBS 2025, Rambat, ketar-ketir atine yen nganti dhemonstrasi anarkistis iku mrantak tekan Alun-alun Surabaya sing jarake saka Grahadi mung udakara 25 meter. Apa maneh tanggal 30 bengi, satpam Alun-alun Surabaya ngonangi sebageyan pengunjuk rasa nyedhaki lokasi pameran. Untunge massa ora mlebu menyang lingkungan Alun-alun. Merga yen lokasi pameran ARTSUBS nganti dadi sasaran pengrusakan, apameh karya-karya seni kang dipamerake iku dijarah, kapitunane panitia bakal gedhe banget. 

Salah sijine karya seni sing dipamerake ing ARTSUBS 2025. Kepeksa dikukuti luwih awal. (Foto KSW)

Mula sawise nenimbang tuna lan bathine, Rambat mutusake nutup ARTSUBS 2025 Minggu tanggal 31 Agustus 2025. Rambat njaluk pangapura marang sutresna ARTSUBS sing durung kober nonton pamaren. Dheweke janji taun ngarep bakal nganakake maneh sing luwih apik. Mligi marang wong-wong sing kebacut tuku tiket nanging durung kober nonton, panitia gelem menehi ganti rugi. Panutupane pameran kang dimajokake seminggu saka jadwal sekawit satemene nyuda peluwang karya seni kang dipajang mau kanggo dituku kolektor. Miturut salah sijine panitia, transaksi tetukon karya seni ing pameran, biyasane kelakon ing wanci-wanci akhir utawa sedina rong dina sadurunge ditutup. “Nanging kepriye maneh wong swasana keamanan ora bisa dipesthekake,” kandhane sumber Panjebar Semangat mau. (KSW)

***

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *