Nandur Jagung Minangka Wujud Ketahanan Pangan

Pemerintah Kabupaten Ngawi, Jawa Timur terus mbudidaya ngundhakake jembare lahan tandur jagung minangka wujud ketahanan pangan. Wakil Bupati Ngawi Dwi Rianto Jatmiko ngandharake, jagung klebu komodhitas alternatif kang nduweni potensi gedhe ing tlatah Ngawi mbeneri mangsa ketiga. Luwih-luwih ing wewengkon sing ngendelake banyu tadhah udan.

“Panandure jagung iki jumbuh karo arahane Kementerian Pertanian kang supaya munpangatake lahan ing mangsa ketiga. Pemkab Ngawi nggandheng Polri, pondhok pesantren, lan temtu wae petani,” kandhane Dwi Rianto, Jumuah, 8 Agustus 2025.

Adhedhasar data Dinas Ketahanan Pangan dan Pertanian Ngawi ambane lahan jagung ing wilayah kasebut taun 2024 kepungkur 36.600 hektar kanthi prodhuksi 282.120 ton utawa 7,71 ton saben sahektare. Lahan jagung mau sumebar ing Kecamatan Karanganyar, Kendal, Kedunggalar, Bringin, Mantingan, Widodaren, lan Ngawi. Lahan-lahan iku nyakup duweke penduduk, Perhutani, sarta lahan pertanian kang nggandheng maneka pihak, klebu disengkuyung pondhok pesantren sarta Polri.

Durung suwe iki Pemkab Ngawi bebarengan karo Polres Ngawi lan Pondhok Pesantren Ma’hadul Muta’allimin  nandur jagung ana lahan kang ambane patang hektar ing Desa Sekaralas, Kecamatan Widodaren. Dwi Rianto ngajab taneman ing lahan anyar kuwi keconggah nyumbang mundhake prodhuktivitas jagung ing Ngawi. “Ing sisih liya kita nyengkuyung mundhake prodhuktivitas jagung, ing sisih liyane maneh kita menehi daya marang pondhok pesantren minangka perangan saka ekosistem pertanian lokal,” kandhane. Dheweke seneng jalaran polres lan pesantren gelem sabiyantu petani nenandur jagung. Merga kanthi nandur jagung otomatis wis nyengkuyung program ketahanan pangan pamarentah. Pemkab Ngawi, kandhane Dwi Rianto, sansaya nggalakake komodhitas pangan kang ora mung pari nanging uga jagung. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *