Salah sijine kadakwa kasus kerusuhan dhemonstrasi Agustus 2025 tinggal donya ing njero rumah tahanan. Pihak kulawarga ndheseg marang pulisi amrih ngusut prekara kuwi jalaran matine dianggep ora wajar. Kejaba bobot awake anjlog, kurban uga tau wadul ngalami pasiksan wektu ditahan ana kantor pulisi.

(Foto: KontraS Surabaya)
Swara kalimah tahlil gumrenggeng ing terase sekretariat Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan (KontraS), Jalan Monginsidi, Surabaya, Senen sore, 5 Januari 2026. Kulawarga, sanak sedulur, mitra karuh lan aktivis nggelar donga ing dina kapitu tinggal donyane Alfarisi bin Rikosen. Nom-noman lola kelairan Sampang, Medura iku tiwas ana njero Rumah Tahanan Negara Kelas I Surabaya ing Jalan Medaeng (Rutan Medaeng), Sidoarjo, 30 Desember 2025.
Alfarisi dipikut pulisi tanggal 9 September 2025 ing warkop duweke mbakyune, Khosiah, Jalan Dupak Masigit, Kelurahan Jepara, Kecamatan Bubutan, Surabaya. Sedina-dina Alfarisi pancen manggon ana omahe mbakyune mau ngiras sabiyantu dodolan wedang kopi. Biyasane, dheweke jaga warkop wiwit bubar magrib nganti lingsir wengi.
Pulisi nuding Alfarisi nggawa bom molotov jrone aksi unjuk rasa akhir Agustus 2025 ing Surabaya. Puluhan pos pulisi, Markas Polsek Tegalsari lan saperangan Gedung Grahadi diobong massa jroning hera-heru patang dina suwene mau. Nalika kuwi ontran-ontran ora mung kedadeyan ana Surabaya, nanging uga njeblug ing kutha-kutha gedhe sa-Indonesia.
Ing nota dakwaan-e jeksa, Alfarisi dinyatakake melu dhemonstrasi jalaran diajak kanca rakete aran Hamdani. Sabacute Alfarisi ngubungi kanca-kancane supaya nggamblok. Miturut jeksa, sadurunge budhal unjuk rasa, Hamdani luwih dhisik ngajak Alfarisi sarowang nenggak omben-omben mendemi. Inuman keras iku dituku Hamdani saka sawijine toko ing Jalan Dupak Bangusari.
“Terdakwa uga tuku botol kothong cacah papat kanggo gawe bom molotov,” mengkono antara liya unine nota dakwaan.
Sasuwene proses sidhang, Alfarisi ditahan ana Rutan Medaeng. Kejaba Alfarisi ana terdakwa cacah 12 maneh sing ditrungku ing kono. Maune kabeh diklumpukake dadi sak sel. Nanging sabanjure dipisah ing blok sing beda-beda. Alfarisi sing sekawit mapan ana Blok C dipindhah menyang Blok B.
“Alfarisi dadi katon sedhih sawise dipisah karo kanca-kancane. Dheweke sing biyasane akeh omong, malih kerep meneng,” tuture Fatkhul Khoir, pengacarane Alfarisi saka KontraS Surabaya.
Khosiah ngandharake, adhi wuragile iku sambat awake lara kabeh saploke ditahan ana Markas Kepolisian Resor Kota Besar Surabaya. Ucapan iku kawetu nalika Khosiah mbezuk menyang kantor pulisi kaping pindho. Bareng didhedhes-dhedhes, Alfarisi wekasan waleh menawa dheweke dipilara penyidik.“Mripate disikep kain, dhadha diantemi nganti semaput. Tilas anteman ing dhadha kiwa isih katon,” ujare Khosiah nirokake pawadulane Alfarisi.
Nalika berkas penyidikan dipasrahake marang jeksa penuntut umum, Alfarisi dipindhah menyang Rutan Medaeng akhir September 2025. Miturut Khosiah, nalika disambangi menyang rutan, awake Alfarisi susut akeh, saka sing maune bobot 86 kilogram dadi 40 kilogram.
Khosiah mbenerake menawa adhine sambat ora nyaman sawise dipindhah menyang Blok B. Alfarisi tau njaluk marang petugas rutan amrih dibalekake menyang Blok C. Panjaluk mau bisa wae dituruti, nanging syarate ora gratis. Lire Alfarisi kudu mbayar kanthi pengaji tinamtu yen kepengin ngalih menyang blok sing luwih nyaman. Nganti dheweke tinggal donya, kekarepan pindhah blok mau durung kaleksanan.
Riwayat Lelara?
Kabar tiwase Alfarisi ditampa Khosiah Selasa esuk, 30 Desember 2025. Kepala Medis Poliklinik Rutan Medaeng dhewe sing nyampekake kabar dhuhkita mau. Miturut kepala medis, Alfarisi kejang-kejang sawise salat subuh. Kanca-kanca sa-blok-e age-age nggotong menyang poliklinik, nanging nyawane ora ketulungan. “Jam 05.30 adhiku dinyatakake tinggal donya,” ujare Khosiah.

(Foto: KSW)
Khosiah lan bojone gegancangan menyang Rutan Medaeng saperlu ngurus jisime adhine mau. Satekane rutan, Khosiah ngaku disodhori ‘surat pernyataan’ sing wose ora arep nuntut apa-apa merga tiwase Alfarisi. Sarehne pikirane lagi bruwet, Khosiah terus neken ngono wae surat pernyataan mau tanpa mikir dawa.
Dina kuwi uga layone Alfarisi dikubur. Nanging nganti seprene isih ana sing ngganjel ing atine Khosiah. Sasuwene iki Alfarisi sehat, ora duwe riwayat penyakit apa-apa. Mula dheweke gumun nalika kepala poliklinik rutan ngandharake menawa Alfarisi kober kejang sadurunge tinggal donya. “Kawit cilik adhiku ora tau lara,” ujare Khosiah.
Khosiah wimbuh kebak tandha pitakon merga Minggu, 28 Desember 2025, Alfarisi isih kober nilpun. Swarane uga biyasa-biyasa wae, ora nuduhake yen lagi ngampet lara. “Dheweke njaluk kon ngirimi dhuwit Rp 70 ewu, embuh kanggo apa,” kandhane Khosiah.
Fatkhul Khoir nambahake, adhedhasar paseksene salah sijine penghuni Blok B, tanggal 30 Desember wanci subuh Alfarisi isih angler turu. Kancane mau banjur gugah-gugah merga adzan subuh keprungu ngumandhang. Nalika diajak salat menyang musala rutan, Alfarisi mangsuli, “Dhisika kana, engko taksusul!”
Bali saka musala, kancane mau meruhi Alfarisi isih glethakan ing jrambah. Kancane banjur nyusul ngglethak nganti wusanane keturon. Dheweke gragaban tangi nalika krungu Alfarisi ngorok lan kejang.
Fatkhul cuwa merga pihak rutan ora cag-ceg aweh pitulungan. Dheweke yakin saben blok diawasi CCTV. Nanging geneya ora ana petugas sing mara aweh pitulungan nalika Alfarisi kejang. “Malah kancane sa-blok sing nggawa menyang poliklinik. Petugas lirwa ing prekara iki,” ujare Fatkhul.
Kepala Rutan Medaeng Tristiantono Adi Wibowo mratelakake Alfarisi nduweni riwayat kejang saploke ditahan ing kantor pulisi. Miturut katrangane dhokter poliklinik rutan, Alfarisi tinggal donya merga gagal napas. “Lapurane dhokter poliklinik mengkono,” ujare Tristiantono.
Ngenani tilas tatu akibat dipilara ing dhadhane kurban, Tristiantono kandha pihak rutan wis nuduhake kahanan jisime Alfarisi marang kulawarga sadurunge dipasrahake. Wektu kuwi, ujare Tristiantono, kulawargane kurban ora komentar apa-apa. “Nalika jenazah dipasrahake, pihak kulawarga gelem tandha tangan,” kandhane Tristiantono dikutip saka tempo.co.
Direktur Eksekutif Amnesty International Indonesia Usman Hamid kandha penyebab tiwase Alfarisi isih peteng. Yen ana bukti menawa petugas rutan lirwa, akibat ukume bisa serius. “Kudu ana penyelidikan pro justitia kanggo ngungkap ana sing ora wajar samburining tiwase Alfarisi,” ujare Usman. Mesthine Selasa 30 Januari 2026 kuwi majelis hakim macakake vonis ukuman tumrap Alfarisi. Nanging merga terdakwa wis tinggal donya, prekara ukume dicuthel tekan semono. Suprandene Fatkhul Khoir minangka pengacarane Alfarisi tetep ndheseg marang kapulisen amrih penyebab tiwase nom-noman mau diusut. “Yen perlu dianakake ekshumasi (ngotopsi jisim sing wis dikubur),” kandhane Fatkhul.
Panulis: KSW






