Negara Tanpa Wengi

BIASANE ing sedina ana 24 jam dibagi dadi awan lan wengi. Pungkasane dina ditandhani kanthi angslupe srengenge lan ganti wengi. Nanging ana lo sawenehing negara kang ora ngalami srengenge angslup. Ing negara ksb wektune srengenge sumunar bakal luwih suwe dibandhingake wengine. Negara-negara mau ing antarane yakuwi Norwegia, Islandia, Kanada, Finlandia, Alaska, Swedia lan Greenland.

Srengenge Tengah Wengi

Kapitune negara sing ora ngalami wengi iki disebabake dening fenomena sing diarani Midnight Sun. Mignight Sun utawa Srengenge Tengah Wengi iku sawijining fénoména kang durasine sunar srengéngé luwih sethithik. Apa sing nyebabake?

Bumi kang bunder nduweni kemiringan 23 derajat ing sumbune. Iki sing ndadekake sawenehing wilayah ing Bumi ora duwe wengi. Miturut Encyclopedia Britannica, rong wilayah kutub bumi, yaiku Kutub Lor lan Kutub Kidul ngalami Midnight Sun. Ing kana, srengenge mung njedhul lan ambles setaun sepisan.

Kutub lor bisa ndeleng srengenge njedhul ing tanggal 22 Maret lan srengenge angslup ing tanggal 21 September saben taune. Suwalike, kutub kidul bisa ndeleng srengenge njedhul ing tanggal 21 September lan srengenge angslup ing tanggal 22 Maret.

Kanthi anane fenomena Mignight Sun ndadekake negara-negara ksb ngalami owah-owahan musim sing ekstrim. Iki tegese ing wektu-wektu ksb negara-negara mau ora oleh wengi babar pisan. Tansaya kita mengalor, mula saya suwe uga srengenge tengah wengi iki kedadeyan.

Ing Norwegia dhewe, ana 12 wilayah sing oleh Mignight Sun, ing antarane yakuwi kutha Tromso, Svalbard, Lofoten, Cape Nordkinn, Sommaroy, lan sawenehing wilayah liyane. Fenomena Mignight Sun iki mung kedadeyan ing nalikane musim panas wae. Yakuwi nalikane kemiringan sumbu bumi 23 derajat mau, tegese wektu sing dientekake kanggo dhedhe bakal beda-beda ing papan sing beda-beda uga. Wilayah kasebut bakal ngalami awan sing luwih suwe, lan srengenge ana ing garis cakrawala.

Piye srengenge tengah wengi iku?

Sanajan bisa ndeleng srengenge sing sumunar ing wayah wengi, nanging isih ana beda padhange antarane srengenge sing sumunar ing wayah awan lan srengenge sing sumunar ing wayah wengi (Mignight Sun). Njedhul lan angslupe srengenge iki pancen isih ana, mung wae ora tau temen-temen angslup ing ngisor garis cakrawala, lan banjur bakal njedhul maneh.

Beda uga Adate

Ora mung beda fenomena alame, nanging pendhudhuke pranyata uga duwene pakulinan sing rada beda. Miturut peneliti, warga lokal cenderung dadi luwih gampang nesu lan galak. Kajaba iku, uga anane gejala insomnia, napsu mangan kurang lan bobote awak uga suda. Bab iki gegayutane karo anane tekanan kang diadhepi, yaiku kekeselen nyambutgawe sasu- wene srengenge ora angslup.

Aktivitas ing wayah wengi

Fenomena alam iki nduweni pengaruh gedhe tumrap pendhudhuk lokal. Ora sithik wong padha metu mlaku-mlaku ing wayah wengi kanggo ngatasi insomnia. Periode iki biasane digunakake kanggo lelungan menyang negara liya. Pendhudhuk padha nyoba ngindhari stres akibat ndeleng srengenge terus-terusan. Dene bocah-bocah padha manfaatake Mignight Sun kanggo dolanan luwih suwe. Sing unik, sanajan srengenge mau sumunar, suhune mung welasan derajat Celsius wae. Dadi isih tetep adhem. Mangkono sawenehing negara tanpa wengi sing sajake nengsemake yen ditekani.

Panulis: (d)
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *