Para sutresna Majalah Panjebar Semangat mbokmenawa ana sing durung pirsa Kampung Naga, sawijining kampung tradisionil sing banget ngugemi pepakem lan adat leluhure masyarakat kasebut. Kampung Naga mujudake kampung tradisionil Sunda kang manggon ing Desa Neglasari, Kecamatan Salawu, antarane kutha Tasikmalaya lan Garut. Adohe kira-kira 30 Km saka Tasikmalaya lan 26 Km saka Garut.

Wujude pomahan ing kampung Naga.
MASYARAKAT kampung Naga banget njaga adat-istiadate, pepakem lan ora nrajang pepacuh kang turun tumurun diugemi saka leluhure. Lelandhesan kapitayan mau seprene ndadekake kampung Naga lestari manunggal karo alam lingkungane sarta slamet saka kehing bencana alam, kaya ta lemah longsor, banjir bandhang, lan lindhu. Nalika lindhu nrajang wewengkon kono dhek 2008, ora ana omah sing rusak utawa ambruk. Kamangka omah-omah ing kampung sekitere padha ancur.
Penulis kepingin ngaturake wawasan bab kampung Naga iki. Omah ing kampung Naga gunggunge 103, ora entuk luwih lan kurang. Yen ana kulawarga anyar gawe bale somah, kudu metu saka kampung kasebut. Yen ana omah kang rusak amarga dipangan umur, dibangun maneh sing jumlahe padha.
Pranyata apa sing dicakake padunung kampung Naga mau cocog karo “daya dukung lingkungan” ing lokasi. Ambane kampung Naga kira- kira 1,5 Ha, dikupengi perengan gumuk lan dumunung ing pinggir Kali Ciwulan. Mula yen luwih saka 103 omah bisa njalari ruang terbuka, ruwang kothong antarane omah siji lan sijine, bakal ciyut lan banyu udan ora lancar iline. Banyu iku bakal ngecembeng terus.
Masyarakat kampung Naga kalis saka pangaruhe kemajuan teknologi, kaya ta listrik ora mlebu mrono. Miturut sesepuh kampung Naga, yen listrik mlebu bakal ana kulawarga sing bisa tuku televisi lan sawernaning fasilitas sing digerakake dening listrik. Kamangka kulawarga liyane ora mampu tuku, saengga bisa njalari timbule “kecemburuan sosial” sing tundhone ngganggu guyub-rukune warga kampong kono. Semono uga lokasi sing ana jurang (lembah)-e cukup jero, ora digawe dalan kanggo kendharaan rodha loro apa maneh rodha 4. Tujuwane amrih ora nggan gu ketenangan kerukunaning padunung.
Sakulone kampong Naga wujud alas sing lokasine ana ndhuwur pereng lan dianggep kramat dening warga asli kono amarga kanggo pesareyane leluhur. Senajan dhaerah longsor nanging kampung Naga kalis saka bencana lemah jugrug mau merga tinukulan wit-witan gedhe kaya dene Sonokeling, Mahoni lan wit liyane sing ngiket lemah saengga ndadekake aman saka longsoran.
Panguripane warga saka ngolah pertanian sawah sing ana sakiwa tengene kampung lan dianggep wis cukup kanggo panguripane warga. Ing sisih lor lan wetan diwatesi Kali Ciwulan sing akeh iwake. Iwak-iwak iku dipaedahake kanggo kebutuhane warga kampung. Kapercayane warga, Kali Ciwulan ana sing “tunggu” arupa lelembut sing diarani “Jurig Cai.” Dadi yen njupuk iwak kanggo kebutuhan mangan, kudu sak cukupe wae. Ora kena golek iwak sak akeh-akehe kaya ta di tawu, distrom lan liya liyane sing ndadekake kebutuhan lawuh tansah nyukupi kanggo warga kampung.
Bab cakrik bangunan omahe warga kampung Naga ana aturan sing tansah kudu diugemi, yaiku arupa omah panggung kanthi pondhasi umpak, bahane saka kayu utawa pring, payone saka godhong alang-alang utawa nipah lan ijuk. Omah kudu madhep ngalor utawa ngidul sarta wajib ana lawang ngarep lan mburi. Ora oleh dicet lan mung oleh dikapur. Omah ora kena ditembok, lan ana aturana adohe (jarak) omah siji lan sijine.

Wawasan Ilmiah
Penulis duwe wawasan ngenani modhel omah sing diwajibake dening warga kampung Naga, yaiku digawe wujud omah panggung amarga kanggo nyuda kelembaban saka lemah kanthi pondhasi umpak. Ing ngelmu teknik sipil Mekanika Teknik, umpak mujudake hubungan “sendi” sing “diagram momen” nol (0). Dadi yen kena daya geser akibat lindhu ora bakal pedhot, nanging mung geser saka papane sekawit.
Nalika penulis ngayahi tugas penanggulangan bencana (BNPB) ing sakitere kampung Naga merga lindhu, akeh omah kang rusak nganti rubuh. Nanging dhestun ing kampung Naga ora ana omah sing rusak apa maneh rubuh. Bahan saka kayu, pring lan payon saka bahan-bahan sing entheng ing ngelmu teknik mujudake beban sing ora abot. Dadi yen ana lindhu ora gampang ambleg.
ora gampang ambleg. Omah kudu madhep ngalor utawa ngidul ndadekake sunare srengenge ora langsung ngenani penghuni omah. Ana lawang loro ngarep lan mburi kanggo bisa enggal nylametake penghuni yen dumadakan timbul bencana, kaya dene lindhu lan kobongan. Omah ora kena dicet mengku karep kanggo njaga keharmonisan lingkungan lan dadi melu njaga guyub rukun anta- rane warga. Wondene aturan let (surup) omah siji lan sijine mujudake dalan kanggo ngungsi (jalur evakuasi) yen sa- wayah-wayah timbul prahara.
Masyarakat kampung Naga banget njaga kabudayan asli leluhur, tradisionil (buhun) adat istiadat (karuhun), ngugemi kesenian leluhur kaya dene musik angklung lan tirta nggambrung. Percaya yen njaga alam lingkungane lan urip prasaja (kesederhanaan) bakal kalis saka kerusakan. Informasi sing ditampa penulis, nalika pandemi Covid-19 nderbala, ora ana warga kampung Naga sing keta- man virus kasebut.
Saka wawasan kasebut para sutresna Panjebar Semangat ngawuningani aliran “post modernisme” yaiku ora diadu (dipertentangkan) antarane bener miturut kapercayan lan bener miturut pemikiran ilmiah. Nanging dipahamana menawa kabeh iku murih keslametan lan katentreming urip. Tuladhane tuk (sumber mata air) ing blumbang ana wite gedhe lan dipercaya ana sing “tunggu” yaiku lelembut. Dadi wit kasebut ora kena ditegor. Wawasan ilmiahe, yen wit iku ditegor, tuk bakal asat amarga oyod-oyode wit ora nyimpen banyu.
Bener miturut kapercayan dhasare “ilmu titen” yaiku “kebenaran empiris.” Dene bener adhedasar pamikiran (ilmiah) dhasare sebab lan akibat (kebenaran causalistis). Dadi ora perlu didu amarga kabeh mau murih keslametan lan katentreman.
Pungkasaning atur, kita urip ing jaman modern iki ora bisa ngemohi teknologi kaya dene listrik, gas, alat transportasi modern lan liya-liyane, nanging sing perlu digatekake yaiku ora nyebabake rusaking lingkungan lan bebrayan kita kabeh.
Ajaran leluhur Nuswantar ora mung ana Jawa wae nanging uga Sumatera, Kalimantan, Sulawesi tekan Irian, yaiku “keselarasan an- tarane manungsa lan kabeh ciptaane Gusti Allah.” Masyarakat Jawa pirsa bab “Manunggaling Kawula-Gusti,” masyarakat Bali ngugemi “Tri Hita Karana” yaiku keselarasan Pawongan, Palemahan lan Parahyangan. Dene masyarakat Tana Toraja percaya karo “Tallu Lolona” kang arupa keselarasan manungsa, watu (simbul alam fisikal) lan kebo (simbul alam hayati).
Kanggo nggambarake kepiye cak-cakane antarane mbangun bendungan utawa dalan tol perlu nggatekake lingkungan, kayata ing dhaerah rawan bencana kudu dipikirake keamanan yen ana kedadeyan bencana, umpamane bendungan mau jebol. Uga perlu diperkirakake dhaerah endi sing kena lan kira-kira apa akibate marang penduduk sarta prasarana liyane (perlu rencana kontijensi) Masyarakat lokal ing dhaerah pembangunan infrastruktur kasebut dibudidaya melu ngrasakake paedahe lan nambah karaharjan, ora malah didheseg minggir. Mbangun kompleks perumahan mewah dijaluk ora ndadekake kecemburuan masyarakat sakitere amarga benturan budaya materialistis individual karo budaya tradisional sosialistis.
Penulis ngelingake ajaran leluhur kanggo urip bebrayan agung yaiku, sepisan eling dilairake ing donya kanggo mbabarake kersane Gusti Allah, yaiku “memahayu hayuning bawana.” Kapindho, eling karo angger-angger langgeng (hukum sebab-akibat, sapa nandur bakale ngundhuh) amarga sifat adiling Pangeran. Katelu, sing marang pati kanggo nyuda napsu-napsu angkara murka.
Nuwun lan nyuwun ngapunten menawi kirang dhanganing penggalih. (*)
***
Panulis: Bambang Tri Sukmono
Panitipriksa: Putra Abimanyu








sanget marem manah kula taksih saget memaos kanthi waosan basa jawa, rumiyin kula remen maos PS wiwit 1994 kanthi nyilih tangga ingkan langganan kalawarti PS. sakniki urip bebrayan wonten paran Tarakan kalimantan Utara. mugi-mugi tansah sae-sae lan sehat tim redaksi kang dherek nglestariaken budaya jawa lewat tulisan