Ngecek Kesehatane Batrei iPhone

Kanca-kanca nggunakake iPhone ? Tau rumangsa kondisi kesehatan batreine iPhone saya mudhun?

Tumrape pengguna iPhone masalah kaya ngene iki pancen sering kedadeyan. Sebabe merga umur batreine iPhone ana pengaruhe marang kondisi kesehatane batrei iPhone iku dhewe. Saya lawas umur batrei iPhone, saya mudhun kondisi batrei iPhone.

Apple uga ngakoni yen mudhune kesehatan batrei nyebabake kinerja iPhone dadi rendhet. Saikine pengguna iPhone bisa ngecek dhewe kondisi kesehatan batrei iPhone.

Mangkene carane mriksa kondisi kesehatan batrei iPhone kaya kang ditulis Ubergizmo.

Sing sepisan yakuwi bukak menu setting. Banjur scroll mudhun lan pilih Battery.

Sabanjure pilih Battery Health. Ing menu Battery Health ana sakabehing informasi bab kondisi kesehatan batrei iPhonemu. Wiwit saka kapasitas maksimum 100%, utawa mudhun nganti 90% utawa 80%.

Kondisi 100% nyatakake yen kesehatan batrei iPhonemu prima banget. Yen kondisi batrei sangisore 80%, tandhane batrei iPhonemu wis ora sehat.

iPhone Layar Lipat Serius Digarap Apple

Sauntara kuwi nalikane brand liya nyiapake lan ngenalake ponsel lipat taun iki, Apple malah dikabarake bakal ngetokake iPhone layar lipat ing taun 2020.

Senajan isih ing taun ngarep, Apple saya serius jroning nyiapake iPhone layar lipat-e.

Kaya kang dilaporake Apple Insider, US Patent Office wis nuduhake bukti yen iPhone kang bisa dilempit lagi jroning tahap parampungan.

Dikabarake, paten paling anyar difokusake kanthi eksklusif marang sistem pemanas internal kanggo engsel perangkat lipat. Bab iki kanggo masilitasi bengkonge sumbu tikungan tanpa ngusak nalika tampil adhem, saperangan tampilan kang tumpang tindhih karo sumbu tikungan bisa dipanasake kanthi selektif.

Apple uga sajake nampilake sawenehing ‘roll-up’ lan desain kanthi becik kanggo nahan panel ing panggonane utawa mindhahake kanthi pas, apa iku slide utawa roll.

Kabare Apple ora matesi kanggo rong segmen tampilan, sawenehing desain jelas nuduhake telung bagian.

Dikandhakake Apple, faktor desain dibutuhake jroning industri smartphone. Saliyane bisa ana bedane karo brand liya, desain beda iki bakal dadi terobosan kanggone brand iku dhewe.

Panulis: d/ist
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *