Nggawe Stiker WhatsApp Gambare Dhewe

Sawenehing wektu kepungkur, WhatsApp kanthi resmi ngetokake fitur stiker kang ndadekake aktivitas chatting dadi saya menarik. Kanthi mangkono pengguna Android lan iOS bisa migunakake stiker mau kanggo nggambarake emosine kang biasane mung ditindakake liwat simbul emoji wae.

Lan sajege kawitan diluncurake, wis ana macem-macem stiker pack ing Google Play Store kang bisa di-download banjur digunakake ing WhatsApp.

Nanging saliyane iku, pranata kanca-kanca uga bisa nggawe stiker dhewe ing WhatsApp kok. Kanthi cara iki kanca-kanca bisa nggawe stiker WhatsApp migunakake gambare dhewe lan durasi nggawene uga luwih cepet.

Piye carane? Sadurunge miwiti, kawitan kudu download dhisik aplikasi Personal sticker amrih stiker gaweyanmu iku bisa dipigunakake ing WhatsApp. Aplikasi iki sumadya gratis ing Google Play Store.

Sabanjure kanca-kanca mbutuhake aplikasi kang arane EZ PNG Sticker Makers. Bukak aplikasine lan pilih gambar kang pengin didadekake stiker. Sawise kuwi mung perlu menehi tandha bagian sing pengin dipotong. Yen wis, klik tombol save ing pojok tengen ndhuwur. (gbr 2)

Yen stiker wis kasil digawe, bukak aplikasi Personal Sticker banjur pilih Create sticker pack, lan pilih minimal telung stiker. Klik tombol Add mula kanthi otomatis stiker bakal muncul ing aplikasi WhatsApp.

Mangkono mau carane nggawe stiker WhatsApp gambar dhewe kanthi cepet. Dene yen pengin nggawe stiker sing transparan utawa ora ana backgrounde, kanca-kanca bisa ng-edit gambar ksb migunakake aplikasi Background eraser.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *