Ajar ngemonah dhuwit mujudake salah sijine bab sing patut digatekake dening uwong tuwa, utamane gegayutan karo panggulawenthahing anak. Wis ana saperangan sekolahan sing nganakake program gladhen kanggo para muride. Yaiku ajar dodolan, saka milih barang sing arep didol, nyepakake, netepake rega, nawakake, banjur ngitung asile.
Kegiyatan kasebut magepokan karo bab nuwuhake jiwa wirausaha. Ancase, nalika anak diwasa, saliyane temen ing pakaryan kang diutuni uga prigel ngemonah pametu kang diasilake. Amarga bab wirausaha mono ora saderma dodolan. Nanging uga bisa nggadhi bab “manajemen keuangan”. Yen para ibu kepengin nglatih putra-putri bab kasebut, bisa katindakake kanthi alon-alon, mbaka sajangkah. Ora ujug-ujug diwenehi barang kon ngedol. Nanging bisa diwiwiti kanthi latiyan kadidene dolanan. Lire mangkene:
- Target
Yen anak isih umur-umuran SD, ayo dijak nulisake target. Yaiku gegayuhan kang ora dhuwur-dhuwur, kaya ta bisa nata buku-buku lan dolanane dhewe. Wiwitane dibantu dening ibu utawa bapak, sabanjure mbaka sethithik kabeh diprenahake dhewe ing papan kang samesthine. - Kalodhangan
Putra-putri banjur dilatih amrih pinter nyipati kahanan lan ndelok kalodhangan. Kaya ta, yen anak kangelan ngitung ping-pingan. Ibu bapake bisa aweh conto cara liyane kang kapetung luwih gampang dimangerteni anak. Alon-alon, ora mokal anak malah bisa nemu cara liyane maneh kang digagas luwih gampang. Diampingi terus nganti bener-bener lanyah anggone ngeping-ngepingake. Banjur mundhak ing tataran liyane. - Latihan dodolan
Dolanane bocah temtu werna-werna. Ana montor-montoran, boneka, buku, lsp. Iki bisa dadi srana latihan dodolan. Tentu dodolane amung dolanan. Lan wis mesthi ibu lan bapake kudu ngampingi. Carane, saperangan dolanan kasebut didadekake barang dodolan. Anak dilatih nemtokake rega dolanane. Banjur ibu sing tuku, nganggo dhuwit-dhuwitan saka kertas. Saka asile dodolan, dhuwit dinggo kulakan, tuku barang-barang kang didol bapake. Wiwitane dol tinuku wantah wae. Sabanjure bisa wiwit diajari nyang-nyangan. - Nawakake dagangan
Anak uga dikandhani, dene wong kang dodolan iku kudu pinter nawakake dagangane. Kaya ta nliti kaluwihane barang dagangane, banjur iku kang ditawakake marang wong kang arep nuku. Utawa suwalike, nakoni jinis barang kang dibutuhake banjur nawakake dagangane kang saemper karo kabutuhane konsumen. - Ora gampang nglokro
Nalika nglatih nawakake dodolan, wiwitane ibu lan bapak minangka “pembeli” bisa enggal kapilut lan gelem nuku. Sawise kuwi, wiwit takon werna-werna sadurunge tuku. Iki nglatih kaprigelane anak mangerteni sakabehing bab barang dagangane. Kala-kala, ibu utawa bapak nulak, ora gelem nuku barang kasebut, kanthi pawadan ora trep karo kang dikarepake. Ya iki wayahe anak sinau bab gagal utawa ora kasil. Ancase anak ora gampang nglokro nanging malah gumregah ngupayakake dagangane bisa payu. - Ngemonah Dhuwit Jajan
La, saiki wayahe praktik ngemonah dhuwit kang tenanan. Yen maune sangu sekolahe bocah diparingake saben dina, saiki wiwit diwenehi telung dina pisan. Dhuwit kanggo telung dina diwenehake ing dina kapisan, kanthi weling amrih dikemonah kanthi becik. Yen kepengin tetuku barang kang regane ngluwihi sangu sedina, anak kudu bisa ngitung lan ngatur, amrih dhuwit kasebut dicukupake. Ora banjur njaluk imbuh sadurunge titi wancine disangoni maneh. Yen sasuwene setengah taun anggone ngemonah sangu saben telung dina iki gancar, bisa wiwit diwenehi sangu seminggu
pisan. Gladhen kasebut, yen katindakake kanthi tumemen, ora mokal anak yen wancine diwasa bisa luwih gemati ngrumat samubarang darbeke. Ora mung dhuwit wae. Nanging uga barang-barang liyane, kang wis dingerteni dene anggone entuk kanthi cara tuku. Anggone isa tuku amarga ana dhuwit kang cukup. Dhuwit kang cukup iku saka anggone nglumpukake. Yen ora dheweke dhewe, ya ibu bapake kang nglumpukake. Sanadyan ta suk gedhe anak ora
kepengin dagang, nanging ngemonah dhuwit mono gedhe banget mupangate. Amarga, kerja apa bae, lan saakeh-akehe pametune, yen ora bisa ngatur panganggone, ya bablas ngono wae. Mula, sinau gemi lan nastiti prayogane enggal diwiwiti.

Penulis : lie
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital








ini merupakan konten yang sangat menarik
saya setuju