NYEPAKAKE nyamikan kanggo kulawarga wis dadi adat sabene para ibu ya? Saperangan ibu milih tuku, dene liyane padha seneng nggawe dhewe. Ana kang diolah langsung sadurunge disugatake, ana kang nggawe akeh sisan lan diwadhahi kanggo jagan.
Ing kalodhangan iki bakal kapacak olahan werna telu kang bisa dicoba. Bahan kang dibutuhake klebu gampang golekane. Rasane? Wis mesthi sakomah padha doyan! Ana brondong ala Dapur Kirana lan lumpia beras abang kreasine Wied Harry (terbitan Gramedia), uga sagu gulung sambel urang kreasi Femina.
Brondong Mente

Bahan:
- Gula jawa 200 gram
- Butter 100 gram
- Sirup vanila 50 ml
- Baking soda sasendhok teh
- Brondong jagung mateng 800 gram
- Kacang mente goreng 400 gram
Carane Nggawe:
- Campur gula, butter, sirup ing wajan gedhe. Mangsak nganggo geni cilik sinambi diudhak, udakara 5 menit wae.
- Tambahake baking soda, diudhak rata, banjur geni dipateni.
- Campurake popcorn lan kacang mente, tata ing loyang nganti rata.
- Panggang ing oven suhu 180C, udakara seprapat jam. Banjur diudhak amrih rata, lan dipanggang maneh seprapat jam.
- Bisa dikethok-kethok ukuran cilik lan dipisahake (dadi mrungkul2). Diwadhahi toples lan ditutup rapet.
Lumpia Beras Abang

Bahan:
- Glepung beras abang 200 gram
- Trigu sasendhok
- Uyah 1/2 sendhok teh
- Sari dhele 500 ml
- Endhog 3 iji, dikopyok
- Lenga zaitun utawa canola karotengah sendhok
Bahan isen-isen:
- Iwak pitik 200 gram Urang oncekan 150 gram, iris cilik-cilik
- Bung 250 gram, kukus, iris dawa cilik
- Tauge 50 gram
- Bawang bombay 50 gram, rajang alus
- Bawang 5 siyung, rajang alus – Loncang sakeler, iris tipis
- Uyah, gula, mrica sacukupe – Lenga zaitun/ canola 2 sendhok
Carane Nggawe:
- Gawe kulite dhisik: campurake glepung beras abang lan trigu karo sari dhele, dikopyok nganti cinampur rata.
- Tambahake kopyokan endhog, campur maneh nganti rata.
- Panasake wajan teflon, dileleti lenga zaitun. Gawe dadar tipis-tipis.
- Godhong iwak pitik, turahake banyune (kaldhu) dadi 100 ml. Iwak pitik diirisi kothak dhadhu cilik/ cilik.
- Panasake wajan, gangsa bawang lan bawang bombay nganti alum.
- Cemplungake iwak pitik, bung, lan urang. Tambahake kaldhu.
- Yen wis umob, diuyahi, banjur tambahi gula lan mrica. Mangsak nganti rada asat.
- Cemplungake tauge lan keri dhewe irisan loncang. Udhak rata, geni dipateni.
- Jupuk dadaran kulit salembar, wenehi isen-isen sacukupe, banjur digulung.
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







