Wis akeh sing mangerteni, ing laladan Ngayogyakarta Hadiningrat sasuwene iki akeh tinemu kampung- kampung tuwa. Kampung-kampung tuwa kasebut ora mung tuwa umure, nanging uga nggembol sejarahe kang dudut ati.
KAMPUNG bisa sinebut tuwa, salah sijine yaiku bisa kalacak saka umure pasareyan sing tinemu ing kampung ksb. Kejaba iku, sapa wae kang sumare ing pasarean ksb, dadi salah sijine tandha yen sejarah kampung kuwi dudut ati. Contone, kang sumare ing pasareyan kampung mau saka trah Kera-ton Mataram Islam. Kampung tuwa kang nggembol sejarah kang istimewa ing laladan Ngayogyakarta Hadiningrat mena- wa dipantha-pantha gunggunge ana papat. Sepisan yaiku Kuthagedhe utawa Kotagede, kanthi pasareyan Panembahan Senopati. Sing nomer loro Mlangi, yaiku minangka papan sumarene Kiai Mulangi Mataram. Sabanjure kampung Pakuncen, ing kene tinemu pasareyan maratuwane Sultan Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene kampung tuwa kang pungkasan yaiku Kampung Nitikan, papan sumarene Kanjeng Ratu Beruk, garwa dalem Susuhunan Paku Buwono I.
Kampung kang sinebut pungkasan, yaiku Kampung Nitikan, bokmenawa durung akeh kang padha mangerteni. Kampung Nitikan dhewe dumunung ora adoh saka Kotagede, yaiku mung watara 2 km ing sisih kulon kidule.
Miturut maneka sumber, ing Kampung Nitikan, kejaba tinemu pasareyan Kanjeng Ratu Beruk, uga diyakini tau dadi papan sumarene Raden Rangga, putra Panembahan Senapati kang kasektene ngedab-edabi. Mung wae, miturut pratelane salah sijining abdi dalem ing Pasareyan Kotagede, pasareyan Raden Rangga ing Nitikan iki wis diputer, lan disarekake ing Pasareyan Kotagede, nyawiji klawan ramane, Panembahan Senopati.

(Foto Agung Hartadi)
Kiai Nitik lan Nyai Nitik
Menawa ngonceki asal muasale Kampung Nitikan, satemene ora ana kitab kang bisa dadi rujukan. Sumber sing bisa kalacak yaiku mung crita tutur kang sumebar ing masya- rakat Nitikan. Crita tutur ksb ngan- dhakake, asal muasale jeneng Nitikan yaiku saka piyayi kang arane Kiai Nitik lan Nyai Nitik. Masyarakat akeh sing percaya, Kiai Nitik lan Nyai Nitik dadi cikal bakale Kampung Nitikan,.
Kepiye larah-larahe kok Kiai Nitik lan Nyai Nitik bisa ana ing kampung iki? Salah sijining versi crita tutur njlentrehake mangkene. Sawijining wektu, ana wong loro, lanang lan wadon, krungu ing sawijining papan ana keraton anyar sing madeg. Wong loro ksb asale saka gisiking pesisir kidul, dene Keraton anyar mau dinuga Keraton Mataram Kotagede.
Wong lanang wadon mau jenenge Kiai Nitik lan Nyai Nitik. Krana kepingin nggayuh kamulyan, Kiai Nitik lan Nyai Nitik nyoba nggoleki keraton anyar ksb. Senajan loro-lorone ora ngerti panggonane sing saktenane.
Krana ora ngerti papane, dadekake Kiai lan Nyai Nitik kang lan nemokake keraton anyar kuwi. Sok ngonoa, Kiai lan Nyai Nitik tanpa kendhat terus nggoleki, mlaku ing sadengah papan.
Nanging bokmenawa wis garise Nyai Nitik, nalika tekan ing sawijining papan, dheweke lara, lan wusanane tilar donya. Sabanjure, Nyai Nitik dikubur ing papan mau. Papan ksb, saiki jenenge Nitikan. Jeneng Nitikan, dinuga dijupuk saka jeneng Nyai Nitik sing dikubur ing kampung kuwi.
Nah, kuburane Nyai Nitik tekan saiki isih bisa ditemoni, yaiku ing pasareyan Winong, Bakalsari, Nitikan Kulon. Emane, kijing Nyai Nitik sing lawas wis rusak, banjur diganti anyar ing taun 1989.
Dicritakake, sawise Nyai Nitik ora ana, Kiai Nitik banjur nerusake lakune, nggoleki keraton anyar mau. Durung nganti ketemu, Kiai Nitik uga lara, lan wusanane pra- laya. Kiai Nitik banjur dikubur ing sawijining papan kang saiki jaran Lempuyangan, adohe mung uda- kara 4 km ing sisih lor Nitikan. Kuburane Kiai Nitik ing Lempuyangan uga isih ana. Nanging luwih dikenal kanthi sebutan Ki Ageng Lempuyangan utawa Ki Ageng Nitik Talipraja.
Yen ngungak crita ing dhuwur, mula kampung Nitikan wis ana wiwit zaman awal-awale Keraton Mataram madeg, yaiku sadurunge taun 1600 M. Bukti yen kampung Nitikan pancen tuwa lan dudut ati yaiku anane petilasan loro utawa pasareyan tuwa, yaiku Pasareyan Panitikan lan Pasareyan Kranon. Loro-lorone saiki statuse Pasa- reyan Kagungan Dalem.

(Foto Agung Hartadi)
Sepi Peziarah
Salah sijine pasareyan tuwa ing Kampung Nitikan yaiku Pasareyan Panitikan, kang mapan ing tengah kampung, jejer karo mesjid tuwa, Mesjid Sulthonain. Mesjid iki ing jaman biyen jenenge Mesjid Panitikan.
Nah, versi sing beda ngan- dhakake, kampung iki sinebut Nitikan krana anane pasareyan kramat Panitikan ksb. Ya, pasareyan iki jaman biyen pancen dimulyakake banget dening para peziarah.
Malah, sadurunge jaman kamardikan, saben sasi Ruwah, Kraton Ngayogyakarta lan Kraton Surakarta ngirim utusan kang arane gandhek, saperlu nyekar. Semono uga ‘merbot’ utawa punggawa, saben dina Kemis lan Senin ngadani ritual tebah. Dene yen dina Jum’at, para punggawa padha nyekar.
Ananging ritual kasebut saiki wis ora ana maneh. Miturut pratelane juru kunci pasareyan, Surakso Wigeno utawa Pak Muhadi (88 taun), saiki wis arang banget wong tirakat utawa nyekar ing pasareyan iki.
“Jaman biyen sing nenepi uta- wa tirakat ing pasareyan iki pra- sasat tanpa kendhat. Mung wae, ana maneka prastawa kang ndadekake warga kampung ing sakiwa tengen pasareyan keganggu. Salah sijine yaiku, ing wayah bengi, ora pisan pindho ana peziarah kang kangslupan. Anggone kesrurupan kadhangkala nyuwara sora, bengok-bengok. Mula, amarga keganggu, warga kampung banjur ora ngidini pasareyan kasebut kanggo tirakat,” ujare Pak Muhadi.
Babagan angker lan keramate pasareyan, Pak Muhadi crita, keangkerane Pasareyan Panitikan wis kondhang kawit biyen. Sing mbaureksa pasareyan kadhangkala usil. Contone, sore-sore nalika Pak Muhadi resik-resik pasareyan, dheweke dirungon-rungoni swara babon arep angrem. Ka- mangka, ing kono babar blas ora ana pitik sing saba. Nanging Pak Muhadi ora wedi.
Pak Muhadi ngaku, dheweke anggone ngabdi dadi juru kunci ing Pasareyan Panitikan wis 30 taun luwih. Pak Muhadi muji syukur, krana anane Danais (Dana Keistimewaan), dheweke diparingi sembulih sing murwat.
Ing Pasareyan Panitikan iki, kuburan sing paling dikeramatake yaiku kuburane Raden Rangga. Kuburan iki papane ing sisih lor kulon, ijen ndheweki. Ora dicungkup, mung kaya watu ditata. Dene pasareyan liyane, mapan ing kidule.
Ngenani Raden Rangga, pancen akeh mitos utawa crita kang versine beda-beda. Ana kang ngandhakake, Raden Rangga kuwi anake Panembahan Senopati lan Kanjeng Ratu Kidul. Ananging ana uga rujukan sing nyebutake, Raden Rangga kuwi putra Panemba- han Senopati saka selir Dewi Anggronsagi, putri saka Jipang Panolan.
Ngenani cara sedane Raden Rangga uga akeh versine. Ana sing ngarani sedane Raden Rangga krana tarung karo ula gedhe ing desa Patalan. Ananging ana uga sing nyebutake, Raden Rangga seda krana dipidana pati dening Panembahan Senopati.
Mung wae, ora ana sumber sing ngandhakake kanthi cetha, kapan Raden Rangga seda. Ing sakiwa tengen pasareyan, uga ora tinemu tetenger utawa prasasti kang nuduhake taun sedane.
Kena apa Raden Rangga dipidana, pranyata uga ana maneka versi. Versi sing umum kita mangerteni yaiku amarga Raden Rangga adigang adigung adiguna, cengkiling, obral kasekten. Ananging ana uga crita ngenani pokal lan solah bawane Raden Rangga sing kaanggep ngisin-isini lan gawe kuceme Mataram. Pokal lan solah bawa mau yaiku babagan wanita. Ora disebutake komplite, ananging solah bawane Raden Rangga ngenani wanita iki ndadekake Panembahan Senopati isin lan duka. Mula, senajan Raden Rangga kuwi anake dhewe, wusanane Raja Mataram ksb banjur menehi pidana pati.
Salah sijining versi nyritakake, pidana pati kang nemahi Raden Rangga mau kedadeyan ing sakiwa tengene kampung Nitikan. Nalika ing papan sing jenenge Sidikan, salore Nitikan, Raden Rangga dirangket dening Prajurit Mataram. Sawise dicekel, Raden Rangga banjur digawa mengidul lan ditaleni ing pinggir tegalan. Papan prastawa ditalenine kuwi ing tembe e banjur dadi kampung sing jenenge Nalen.
Sauwise ditaleni dening para prajurit lan algojo Mataram, Raden Rangga sabanjure disedani dening Ki Juru Mertani, kanthi cara disorog utawa ditusuk nggunakake pusaka sing panase pindha geni. Mula, ora adoh saka Kampung Nalen lan Nitikan, ana kampung kang jenenge Sorogenen.
Sawise seda, Raden Rangga disarekake ing tengah alas, ing kidule papan dheweke diperjaya, kang saiki sinebut Nitikan. Bener lan orane tekan saiki isih dadi misteri. Sebab, isih ana maneh versi liyane kang beda.
Ing Pasareyan Panitikan, kejaba dadi papan sumarene Raden Rangga, garwane Pangeran Puger utawa Susuhunan Paku Buwana I uga disarekake ing papan iki. Garwa Pangeran Puger kasebut asring sinebut Kanjeng Ratu Beruk, utawa Kanjeng Ratu Puger, utawa Rara Cumbring.
Pangeran Puger nggegem panguwasa Mataram antarane taun 1704 M nganti 1719 M. Miturut tradhisi lisan sing ana masyarakat, Kanjeng Ratu Beruk seda ndhisiki garwane. Krana ing Pasareyan Imogiri durung disarekake garwane, miturut paugeran, garwa putri kang seda luwih dhisik ora dikeparengake disarekake ing Pasareyan Imogiri. Mula, kuwi banjur dipilih Pasareyan Panitikan kanggo papan nyarekake.
Crita liya njlentrehake, nalika Susuhunan Paku Buwana I seda lan arep dipasangi kijing gedhe minangka tetenger pasareyan kakung ing Imogiri, jaran sing narik kereta isi kijing kuwi mandheg ing dalan tumuju Imogiri, adohe mung 1 km ing sisih wetan Nitikan. Jaran mau embuh krana apa banjur menggok tumuju Pasareyan Nitikan. Wusanane, kijing kuwi dipasang ing dhuwur pasareyane Kanjeng Ratu Beruk, lan tekan saiki pasareyan Kanjeng Ratu Beruk kijinge kijing kakung.
Isih ana maneh piyayi luhur keraton Mataram kang disarek- ake ing Pasareyan Panitikan, ing antarane yaiku Sayyid Agung Abdur Rahman, saka Makkah, kang dadi juru dakwah agama Islam ing Keraton Mataram. Kejaba iku, isih ana maneh Pangeran Balitar lan Nyi Balitar, sabanjure dhalang Sandipaya lan Sandiguna, sarta Nyi Juru Mertani, uga disarekake ing Pasareyan Panitikan. Dene Ki Juru Mertani, kang dinuga merjaya Raden Rangga, kasarekake ing Pasareyan Gambiran, adohe mung watara 1,5 km ing sisih lor wetan Pasareyan Panitikan.
Ing Kompleks Pasareyan Pani- tikan iki, pranyata kapantha-pantha dadi rong bageyan. Bageyan sing kapisan dijenengi Pasareyan Gedhong. Pasareyan Gedhong mapan ing sisih lor. Pasareyan Gedhong kakupeng tembok sing dhuwure 1,5 meter, rapet ing sisih kulon lan lor, sarta tembok sing dhuwure sak meter ing sisih kidul lan wetan.
Dalan mlebu pasareyan iki mung siji, yaiku ngliwati lawang sing ana ing sisih wetan. Lawang pasareyan mesthi ditutup lan kuncine digawa dening juru kunci. Pasareyan Gedhong iki mligi kanggo nyarekake kulawarga saka trah Keraton.
Sawise ana Palihan Nagari utawa Prajanjen Giyanti, Pasareyan Panitikan wusanane uga dipara loro. Pasareyan Gedhong Dalem sing dumunung ing sisih kulon, dadi duweke Keraton Surakarta. Dene Pasareyan Gedhong Jawi sing ana ing sisih wetan, dadi duweke Keraton Ngayogyakarta.







