Ngonceki Werdine Sembah Catur Warna

“Mangkene menggah terangnya, tumanjane sembah kang catur warni, mring trape sajuru-juru, kapisan sembah rasa, kapindho sembah cipta aranipun, tri sembah jiwa ranira, kaping pat sembah ing dhiri.” [Serat Mudha Karana: Pupuh Pangkur, Pada 6]

Miturut Kamus Sansekerta_ Indonesia kang kaimpun dening Dr. Purwadi, M.Hum & Eko Priyo Purnomo, SIP, tembung sembah duweni makna sembahyang. Sembah uga duweni makna laku batine manungsa kang migunake tuntunan lan tatanan kanggo ngga- yuh manunggaling kosmis antarane aku (jagad cilik) lan Ingsun (jagad ageng).

Tumrape wong Jawa, manungsa kang kepengin gayuh manunggaling kosmis kudu bisa ngamalake sembah catur warna, yaiku: sembah raga, sembah rasa, sembah jiwa, lan sembah cipta. Supaya bisa nglakoni sembah catur warna, manungsa kudu luwih dhisik mangerteni maknane. Ing kene kaangkah supaya lakune sembah ora keplantrang utawa mleset saka ancas lan tujuane.

(Freepik)

Sembah Raga

Sembah kang kapisan kasebut sembah raga. Manungsa kang ngamalake sembah raga kudu tansah ngobahake awak. Tegese manungsa aja dhemen thenguk-thenguk mangku tangan, nanging kudu sregep makarya. Kanthi makarya kang becik, manungsa bakal bisa nggayuh rejeki saka Gusti Kang Maha Kuwasa. Amarga kanthi makarya, raga dadi urip. Urip kang jalari uruping kren- tek kanggo nggayuh sakabehing panjangka sartane gegayuhane priyangga sartane kaluwarga. Menawa kabeh manungsa wus nindakake sembah raga, panjang- kane bangsa lan negara uga bakal kaleksanan.

Sembah Rasa

Sadengah manungsa kang ngamalake sembah rasa kudu bisa ngendhaleni nepsu catur warna, yaiku: supiyah, aluamah, amarah, lan mutmainah. Ngendhaleni nepsu supiyah, tegese manungsa aja dhemen nguja kekarepan nepsu birahi kang njlomprongake ing jurang kasangsaran. Ngendhaleni nepsu aluamah, manungsa aja dhemen memangan ngluwihi wates kang jalari lelara lan keset makarya. Ngendhaleni nepsu amarah, tegese manungsa aja dhemen ngumbar kanepson kang jalari urip ora waspada. Ngendhaleni nepsu mutmainah, tegese manungsa aja dhemen semuci-suci kang jalari didohi sanak kadang lan tangga teparo.

Kejaba saka kuwi, manungsa kang ngamalake sembah rasa ku- du tansah ngupaya amrih ati tetep ayem ing saben dinane. Amarga kanthi ayeming manah, ma- nungsa bisa ngrasakake padhange swasana sajroning kalbu. Rikala swasana ati tansah padhang, manungsa bakal bisa waspada marang apa kang kumethip ing sakiwa-tengene. Kanthi kawaspadan, manungsa bakal antuk pituduhe Gusti kang jalari urip slamet saka pancabaya lan rubeda.

Sembah Jiwa

Sembah kaping telu, yaiku sembah jiwa. Manungsa kang ngamalake sembah jiwa kudu tansah agawe larasing ati. Tegese manungsa aja bungah kepatipati rikala lagi digung karo sing ngecet lombok. Aja susah setengah mati, rikala lagi antuk bebendu. Bungah klawan susah kudu ditampa kanthi jiwa samudra.

Kejaba saka kuwi, manungsa kang ngamalake sembah jiwa, aja dhemen nggresah. Amarga pang- gresah bakal nggetasake balung. Satemah, uripe bakal sepi saka pangarep-arep. Sawalike, manungsa kudu yakin menawa sakabehe pacoban kang kasandhang bakal dadi pikuwating urip. Kaya oyote wit-witan utawa cagake omah kang pengkuh saka sakalire prahara.

(Freepik)

Sembah Cipta

Menawa manungsa kepengin ngamalake sembah cipta, kudu ngedohake karep srakah. Sawalike manungsa kudu dhemen nyengsemake ati. Menawa atine tansah sengsem lan bisa ngendhaleni karep, apa kang cinipta bakal dumadi. Apa kang kaajab bakal kaleksanan. Apa kang kagayuh bakal maujud. Amarga mantheng lan kendhoning cipta gumantung marang kahanane ati. Menawa ati tansah nan- dhang dhuhkita, sakabehing panjangka mung satemah dumadi impen wayah rahina.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *