Busi minangka salah siji perangan wigati sajrone pit montor. Busi mengku kagunan minangka panithiking geni ing ruang bakar, saengga bisa ngobahake piston lan miter poros engkol. Jalaran digunakake kanthi wektu suwe utawa merga sawijining sebab, busi nyatane uga bisa benthet.
Nalika kita ngecegakake busi kita ing reparasi, mbokmenawa ana sing ngonangi yen keramike busi benthet. Benthete keramike busi wis dadi aba-aba supaya ganti sing anyar. Ewasemono, apa sih jan-jane sing nyebabake busi benthet kuwi?

Nalika mesin pit montor krasa abot tur tarikan gas abot, tandhane busi njaluk ganti
Keramike busi bisa benthet jalaran saperangan bab, salah sijine yaiku nalika pangemudhi ora bisa ngemonah lumakune pit montor. Ateges, nganti ndadekake pit montor njadhug wekasane agawe busi ketatap. Upamane kaya kekerepen nyetir ing dalanan sing kebak gragal lan gronjalan. Sing ora luput dadi musababe busi benthet yaiku anggone masang karo kuncine maune ora pas.
Benthete keramik busi iki bisa nuwuhake saperangan pasulayan uga. Salah sijine yaiku agawe listrik ing busi bocor. Bocore listrik ing busi bisa nyebababe saperangan masalah teknis kadi dene ruang bakar bakal dadi gampang kotor jalaran aliran listrike ora lancar.
Benthete keramik busi uga bisa ndadekake mesin krasa abot mlakune tur boros, saengga busi dadi cepet gripis lan agawe mesin angel murube. Pasulayan liyane sing bisa disebabake karana busi ora normal yaiku pit montor bisa mandheg sanalika, tarikan gas abot, bensin dadi cepet boros.

Permati marang kapan titi wancine ganti busi kuwi pancen wigati. Nanging ana bab-bab liyane sing ora kalah wigati maneh kanggo ngewet-wet busi. Tips iki mligi ing njaga kahanane busi supaya tetep gangsar tumrape mesin.
Kaya ta nyetiteni pucuke elektroda. Yen wernane pucuke elektroda kuwi wis klawu utawa abang bata, tandhane busi isih normal. Yen wernane ireng, tandhane busi njaluk ganti. Kejaba saka kuwi, pucuke elektroda uga perlu diresiki. Anggone ngresiki mawa cairan semprot non-metal, tuladhane break cleaner. Aja nganggo amplas utawa cairan sing sipate abrasif marang teyeng jalaran bisa ngikis palumahe elektrodane busi.
Sabanjure, coba delengen wujude elektrodane. Busi sing isih ‘sehat’, wujude kothak. Nah yen wujude wis rada bujel utawa lincip, kuwi wis titiwancine golek busi anyar. Ngganti busi kuwi jebule kudu dilakoni kanthi ajeg. Normale, busi diganti saben 12 wulan pisan, utawa sakerep-kerepe mlakune montor nganti udakara 10.000-an km. Mugi migunani tumrap para maos.
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital





