Nduwe kulit alus lan seger temtu nyenengake. Endah disawang lan kepenak dirasakake. Mula wis lumrah yen kita nindakake pangrumat sing trep, saka pasuryan nganti tekan ampeyan. Amrih alus mulus ora mbesisik.
PANGRUMAT kasebut bisa diwiwiti saka ndhuwur, yaiku sirah. Ora ana cara liya kejaba sregep kramas. Amarga, yen rambut resik, kulit ing perangan sirah uga bakal seger. Ora gampang nglenga kang banjur dadi apek.

Mudhun sithik, kulit pasuryan. Carane, milih kosmetik kang cocog karo jinis kulit. Saiki ana sing luwih aman, yaiku gel (jel). Bisa kanggo kulit kang nglenga utawa kasap. Diusapake ana pipi uga krasa luwih adhem. Jel iki diusapake ana rai sawise resik, lan banjur lagi wedhakan.

Sing kepindho yaiku badan, utamane lengen lan ampeyan. Umume padha nggunakake losion utawa krim. Saiki uga ana prodhuk jenenge body butter. Ramuane luwih kenthel lan cocog banget kanggo kulit kasap/mbesisik. Anggone nganggo saben sawise adus. Yen ing tangan bisa uga dinggo bola-bali. Kaya ya yen kerep wijik. Sawise wijik, apamaneh yen nganggo sabun, kulit tangan krasa garing. Ya wektu iku pas banget yen banjur nganggo body butter.
Dene perangan sikil, kejaba dirumat nganggo losion utawa body butter, dlamakan uga kudu digatekake. Kanggo para estri kang saben dina makarya, nganggo sepatu utawa sandhal, ana prodhuk cair kang bisa disemprotake. Ancase amrih dlamakan krasa seger. Prodhuk iki prayogane dinggo esuk nalika arep budhal makarya, uga awan satengahing ngaso.
Banjur, yen kulit tungkak kebacut garing lan mbesisik, kaya pecahpecah, kepriye? Iki mono butuh pangrumat kang luwih sregep maneh. Yaiku kanthi dikosoki lan banjur dileleti krim.
Carane, sawise wisuh, sikil diandhuki nganti garing. Banjur perangan tungkak kang katon rusak iku dikosoki nganti mripil kulite. Yen jaman biyen, nganggo watu apung. Saiki, wis ana prodhuk pabrikan kang mupangate saemper. Rada dipenet, nanging aja keladuk, murih kulit ora beset. Sawise iku, wisuh maneh lan diandhuki nganti garing, banjur dileleti krim amrih pulih alus. Iki bisa katindakake rong dina pisan, nganti kulit tungkak bali mulus.
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







