Ngudi Royalti kang Migunani

Penyanyi Bay (tengah) nyanyekake lagu Simpan Saja ciptaane Yaya Yellow (kiwa) nalika rilis album lan panampane kekayaan intelektual ing kafe 168 Palu, Sulawesi Tengah, Kemis (10/7/2025). Kemenkum nyathet, ing triwulan I 2025 wis nerbitake 36.000 sertifikat hak cipta, kalebu karya-karya musik ciptaane musisi dhalem negeri. (Antara)

Pethikan gitar kang nembangake lagu nostalgia iku kepenak rinungu, sumusup antaraning ganda kopi karo obrolane pelanggan kafe ing poncod ibu kota kuwi. Sing duwe kafe ngerti banget menawa swara musik ora beda nyawa tumrap papan usahane iku. Musik sing lembut njalari pelanggan sing lagi butuh katentreman batin betah lungguhan suwe ana kono merga atine krasa jenjem kaperbawan unine lagu sing diputer. Nanging saka tembang sing digadhangake kanggo rungon-rungon mau, nyatane ana kringete pangripta sing mbokmenawa lagi lungguh ampang adoh ing kana karo ngenteni bageyane.

Nalika Lembaga Manajeman Kolektif Nasional (LMKN) ngrapetake aturan royalti, obrolan banjur geser saka sing maune saderma selera musik dadi prekara keadilan, keseimbangan antarane pangripta lagu karo kosumen, lan pandarbe papan usaha. Ing kene larasing wirama aja nganti nuwuhake swara blero ing antarane pihak tetelune mau. Uga aja nganti tetelune plerok-plerokan, saka sing maune harmonis dadi keledan jarak merga durung ngresepi semangat kang kinandhut jrone tujuwan panarike royalti mau. 

Ketua Badan Perlindungan Konsumen Nasional (BPKN) Mufti Mubarok kepengin aturan pangedume royalti kuwi transparan lan akuntabel. Ora mung pangripta lagu wae sing entuk hak-e wutuh, nanging pelaku usaha, utamane UMKM, ora ketambahan sesanggan sing ngebot-boti jalaran dikudokake ngetokake dhuwit tambahan sing sadurunge ora tau dilakoni.

Royalti, kang diatur jrone UU No. 28 Taun 2014 ngenani Hak Cipta, mujudake hak ekonomi sing sah. Nanging tanpa kejelasan tarip, obyek sing kena tarip, lan tata cara mbayare, hak kasebut bisa malah nuwuhake sengketa ukum. Luwih-luwih LMKN majibake lagu sing diputer ing kafe, hotel, restoran, transportasi umum, lan acara-acara sing sipate komersil, mbayar royalti.

BPKN sadhar butuh ‘titik temu’ antarane sektor usaha karo panciptane karya seni. Sektor usaha genah kepengin ora ana tarip tambahan sing ngebot-boti ongkos operasional. Ing sisih liya pencipta lagu ngarep-arep karya seni sing tau digawe lan kuwawa nglipur atine wong akeh, ana sembulihe. Masalahe, kepriye anggone mesthekake yen royalti sing dibayarake kuwi bener-bener dirasakake dening pangripta lagu?

Mufti Mubarok kandha LMKN ora kena nggebyah uyah bab gedhe cilike tarip. Pangutipe royalti marang kafe cilik ing poncod kutha, ora bisa dipadhakake karo hotel gedhe sing duwe jaringan internasinal. Kemampuane jelas njomplang. Mula azas proporsionalitas dibutuhake ing babagan iki. Wiwit saka ukuran usaha, kerepe muter lagu, lan kemampuan ekonomi. Prinsip kasebut laras karo pangayoman marang konsumen kang mapanake keadilan sarta katerusan (keberlanjutan) minangka tujuwan pungkasan.

Transparasi dudu mung urusan administrasi, nanging uga wujud pakurmatan marang kabeh pihak. Nalika dhuwit royalti saka konsumen musik marang pangripta lagu bisa ditlusur arahe, rasa percayane masyarakat bakal thukul. Rasa percaya mono modhal sosial sing diperlokake, mligine marang kawicaksanan kang gegayutan karo ‘lintas kepentingan.’ Sosialisasi sing trep bisa nyuda panulakan mbayar royalti. Merga ora kabeh pelaku usaha paham menawa mbayar royalti mono satemene bentuk kontribusi marang keberlanjutan seni budaya.

Kanthi edukasi sing bener, mbayar royalti bisa dimaknani minangka investasi njaga maneka warna karya musik, dudu mung kuwajiban sing ngebot-boti. Industri kreatif ngrembaka ora mung jalaran bakate seniman, nanging uga thukule keyakinan menawa karyane bakal diregani murwat. Nalika pangripta lagu ngrasakake keadilan, dheweke bakal saya semangat ngasilake karya-karya sing nduweni kuwalitas.

Mufti Mubarok nemenake, jumbuh karo arane, BPKN bakal ngawasi cak-cakane kebijakan sing digawe LMKN. BPKN uga mbukak lawang kanggo nampani pawadulane masyarakat sing dirugekake. Miturut Mufti pengawasan wigati ditindakake kanggo mesthekake menawa kebijakan ora mung kandheg ana konsep, nanging bener-bener lumaku cundhuk karo prinsip pangayoman marang konsumen sarta katerusane industri musik dhalem negri. Musik wis manjing dadi perangan uripe masyarakat. Wiwit ngramekake pahargyan nganti dadi kanca ing kahanan eneng lan ening. Njaga amrih pangripta lagu oleh bageyan materi saka karya sing diciptakake tanpa mlened pelaku usaha, mujudake tanggung jawab kita kabeh. Saengga royalti kang transparan sarta proporsional ora mung saderma dheretan angka lan aturan, nanging uga ngreksa keteg nadi kreatife anak bangsa amrih terus urip. Jrone ekosistem sing sehat, nada lan harmoni ora mung keprungu saka panggung, nanging uga bisa dirasakake liwat keadilan sing bener-bener dicakake. (Hanni Sofia/Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *