Nindakake Instruksi Presiden, Walikota Eri Cahyadi Nguwati Rante Pasokan Hotel lan UMKM

Kutha Surabaya mlebu babak anyar jroning penguwatan ekonomi kerakyatan, utamane sektor Usaha Mikro, Kecil, lan Menengah (UMKM). Lumantar penandatanganan Naskah Kesepakatan Bersama (NKB) klawan 38 hotel, Pemkot Surabaya njurung integrasi kabutuhan industri perhotelan karo produk UMKM lokal.​

Kesepakatan sing dirintis karo Perhimpunan Hotel Restoran Indonesia (PHRI) Jawa Timur sasuwene meh nem wulan iku mbukak kalodhangan pasokan komoditas skala gedhe. Wiwit saka kabutuhan pangan nganti perlengkapan kamar hotel, bakal dipepaki déning pelaku UMKM Surabaya.

Walikota Surabaya, Eri Cahyadi, ngandhakake yen proses nuju penandhatanganan NKB mbutuhaké komunikasi intensif karo PHRI Jatim. Ing tahap awal, NKB iki ngajak kira-kira 38 hotel ing Kutha Pahlawan.

“Dadi NKB iki tindaklanjut sapatemon kita karo PHRI sawenehing wektu kepungkur,” ujare Walikota Eri sakwis acara penandatanganan NKB ing Lobby Balai Kota Surabaya, dina Jemuwah (6/2/2026).

Jroning sapatemon sadurunge, Pemkot Surabaya nawakake perizinan sing gampang kanggo industri hotel lan restoran. Nanging, Walikota Eri nandhesake yen sing ‘gampang’ mau kudu selaras karo manfaat nyata kanggo warga sakupenge.

“Kita kandhakaké, Pemkot bakal menehi sing gampang-gampang, kayata perizinan lan liyané. Nanging kita uga njaluk apa sing bisa ditampa, dudu kanggo Pemkot, nanging kanggo warga Surabaya, supaya investasi iki migunani warga sakupenge,” ujare

Kajaba nguwati rante pasokan lokal, kolaborasi iki uga diarahaké kanggo ngundhakake tingkat hunian hotel pasca-Covid-19. Kepara, Pemkot Surabaya duwe rencana nggathukake maneka kegiatan karo jaringan hotel kanggo njembarake promosi kutha liwat jejaring perhotelan.

“Nalika hotel iki duwe jaringan, kegiatan ing Surabaya uga bisa dimunculaké ing panggonané kang ana ing Indonesia Timur lan papan liyané,” tuture.

Nanging, Pak Eri bali nandhesake yen inti saka NKB yaiku dumunung ing penguwatan rante pasokan. Hotel mbukak dhaptar kabutuhan, wiwit saka bahan pangan nganti perlengkapan kamar. Dene UMKM Surabaya dituntut nyukupi kabutuhan iku selaras standar lan kualitas sing ana.

“Amarga kanthi otomatis Pemkot kudu bisa nyukupi kabutuhané (hotel) selaras klawan standar lan kualitas sing dijaluk,” tandhese

Walikota Eri nandhesake yen program ekonomi kerakyatan iki selaras karo arahan Presiden Prabowo Subianto bab wigatine cawe-cawene negara kanggo masyarakat miskin lan ora mampu.

“Pak Presiden wis kandha, negara kudu ana kanggo warga miskin, kita kudu ana kanggo wong sing ora mampu. Mula Pemkot uga kudu support lan berjuang menehi sing paling apik kanggo wargané,” jlentrehe.

Walikota Eri Cahjyadi uga nyenggol jejere investor jroning nyengkuyung pembangunan Surabaya liwat pajeg. Miturut Cak Eri, dana infrastruktur nganti layanan pendidikan lan kesehatan gratis asalé saka kontribusi pelaku usaha. “Kanggo mbangun infrastruktur, kanggo wong miskin, sekolah gratis, kabeh saka pajeg. Lan pajeg iku saka investor,” tambahé.

Mula saka kuwi, Walikota Eri nelakake apresisane marang para investor sing wis aweh kontribusi marang Pendapatan Asli Daerah (PAD) Surabaya. “Aku matur nuwun marang kabeh investor ing Surabaya, apa kuwi hotel, restoran, utawa liyane. Amarga (dheweke) sabeneré iku walikota sing menehi bantuan liwat pajeg kanggo kita saluraké marang masyarakat Surabaya,” ujare Pak Eri.

Ing lokasi sing padha, Ketua PHRI Jatim, Puguh Sugeng Sutrisno, nyambut apik kolaborasi antarane industri perhotelan karo Pemkot Surabaya. Dheweke ngajab jumlah hotel kang ngenam memitran klawan  UMKM ing Surabaya tambah akeh.

“Matur nuwun tak aturake marang kabeh sing wis nandatangani NKB. Muga-muga sing 38 iki tambah dina, tambah wulan, bakal tambah anggone kerjasama karo UMKM,” ujare Puguh.

Puguh uga aweh apresiasi atas dukungan Pemkot bab revisi Upah Minimum Sektoral/Kota (UMSK) Surabaya taun 2026. Miturut dheweké, dhukungan iki aweh ruang kanggo perhotelan luwih stabil babagan finansial. “Saengga kita bisa terus sinergi karo UMKM demi kemajuan ekonomi Surabaya,” tambahé.

Sauntara kuwi, Pelaksana Tugas (Plt) Kepala Disbudporapar Surabaya, Herry Purwadi, njelasake yen program pasokan komoditas hotel sing mlaku wiwit 2022-2025, saiki dikuwati liwat proses kurasi kesiapan pasokan lan kabutuhan kekarone pihak.

“Tahap awal, 38 unit hotel bakal melu, wiwit hotel bintang loro nganti bintang lima sing ana ing Surabaya,” ujare Herry.

Saka rekap kebutuhan, ana sawenehing komoditas utama sing dibutuhake saben bulan, yakuwi: daging ayam 5,6 ton, daging sapi 600 kg, sayuran 4,7 ton, buah-buahan 12 ton, susu segar 3.200 liter, beras 3,5 ton, endhog 8 ton, minyak goreng 2,6 ton, gula 4,3 ton.

Kajaba bahan pangan, kabutuhan kamar kaya slipper 39.000 pcs, kue kering lan snack, amenities arupa sabun lan sampo.”Maneka kabutuhan iki diajab bisa dipepaki dening supplier lokal utamane UMKM sing wis mepaki standar lan ajeg kanggo kabeh hotel lan pariwisata ing kutha Surabaya,” pamungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 321

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *