Wis puluhan taun aku nulis ana majalah PS kang kita tresna- ni iki. Kamangka olehku nulis ing selane wektu olehku nyambut gawe. Kadhang aku dhewe ya gumun. Rikala ana Surabaya aku isih dadi kepala bidang ana Kanwil Departemen Penerangan Provinsi Jawa Timur lan banjur dadi Kepala Dinas Provinsi Jawa Timur aku mung kala-kala wae nulis ana PS. Alesanku rikala iku pegaweyanku akeh banget. Kamangka yen dipikir rikala isih kepala bidang rak ya, yen dideleng saka eselon ana birokrasi rak ya isih durung dhuwur banget. Kok iku kang banjur dadi, alesane. Mula sejatine wektu iku, ana lan orane ya gu- mantung marang awake dhewe.
Olehku bisa ngomong mengkono mau, wong nyatane rikala aku diangkat dadi eselon siji ana Kementerian Komunikasi dan Informatika malah luwih aktif. Ka- mangka jenenge pejabat tinggi ana kementerian rak ya luwih abot lan uga luwih repot dibandhingake rikala dadi kepala dinas apamaneh kepala bidang. Ya adoh pancen banget kiraku. Wong ya yen dietung wewengkon tanggungjawab, yen ana pusat rak ya tanggungjawab nasional. La yen dadi pejabat ana provinsi rak ya tanggungjawabe ana provinsi.
Aku dhewe rikala diwenehi rubrik tetep ana ing majalah kang kita tresnani PS supaya ngisi saben mingggu sejatine rikala iku ya mamang. Ya gelem ya ora. Sepisan apa ya bisa aku nyisihake wektu saben minggu nulis. Kapindho, apa ya aku ora ora kentekan idhe yen saben minggu kudu nulis. Mula rikala iku, aku ketemu mas Aryo redaktur PS lan saguh ngisi rubrik mau tekan omah atiku mamang. Gek terus, lan ya gek ora. Akhire aku mutusake terus nulis. Lan amarga aku ana Jakarta rubrik mau diwenehi tenger “email saka Jakarta.” Ngelingake rubrik ing tahun 1970-an ing PS nate ana kanthi irahan yaiku “layang saka Jakarta.”
Bareng nganti saiki pranyata olehku nulis ana PS wis ngancik sepuluh taunan, rasane kok arep mandheg kok ya eman, Apamaneh rikala aku kudu kampanye amarga nyalonake Bupati Magetan kang saben ndina nganti parak esuk kudu teka menyang konstituen. Rasane rikala iku abot banget yen kudu nulis. Nanging kok ya tetep bisa nulis kanthi rutin lan meh ora nate lowong saben minggune. Saiki kaya-kaya nulis iku kanggoku wis mbalung sungsum. Sibuke kaya ngapa tetep nulis. Rikala isih dadi pejabat ana provinsi, pusat lan saiki dadi bupati Magetan tetep terus nulis.
Terus terang kaya kang wis dakaturake ing PS biyen, olehku tetep nulis iku aku nyonto Pak Dahlan Iskan. Wong piyambake dadi redaktur, malah terus dadi menteri wae isih tetep nulis. Kok aku kang mung dirjen lan jabatan mau isih sangisore menteri, ora gelem tetep nulis. Mula olehku repot kaya ngapa aku tetep nulis. Malah ana ing keluargaku wis ngerti banget yen menyang ngendi wae aku nggawa laptop. Ana ngendi wae yen ana wektu aku tetep nulis. Malah ora mung nulis ana PS nanging uga nggawe auto- biografi basa Jawa lan uga nulis buku kanggo mahasiswa barang pranyata kok ya isih bisa.
Mung bedane rikala aku isih ana Jakarta idhe iku kaya-kaya ora nate entek. Wong ya Jakarta iku sumbere lan pusat pemerintahan. Saengga gampang golek bahan. Apamaneh yen aku tugas menyang njaban rangkah kae, malah olehku nulis semangat banget. Amarga aku kepingin banget ngandharake lan mbage pengalamanku mau menyang para maos. Rasane kok eman yen umpama kang dakdeleng mau mung kanggo aku dhewe. Kanggoku bakal luwih manfaat yen banjur dakbage menyang para maos. Senadyan para maos kira-kira ana kang kurang sarujuk lan nduwe pandakwa yen olehku nulis mau mung pamer. Sejatine ora mengkono. Kaya tulisane Pak Dahlan kae kang yen nulis uga njlimet apa kang dirasakake ditulis. Lan karepku supaya para maos melu ngrasakake kaya apa kang dakrasakake.
La rikala dadi bupati amarga wewengkonku cilik, mula kadhang aku terus terang wae kentekan idhe. Apa kang bakal daktulis. Kadhang kudu rada mikir supaya tetep ora patiya nguciwani kang maos. La kang gumuni maneh iku kok ya rikala lagi rong minggu dadi bupati aku wis ditodhong dening redaktur Jawa Pos Radar Madiun supaya nulis. Malah aku ditawani nulis saben minggu. Lan terbit saben dina Senin esuk. Walah rikala aku ditawani mau aku ya langsung kelingan PS. Kamangka aku wis nulis ana PS saben minggune lan meh sepuluh taun. Apa ya aku banjur arep mandheg olehku nulis ana PS. Terus aku yen banjur nyaguhi apa kang dijaluk dening redaktur Jawa Pos Radar Madiun, apa ya ana wektu. Kang cetha aku ora bakal ninggalake PS kang wis ora angger wong Jawa gelem nulis ana kalawarti basa Jawa. Nanging rasane kok ya ora kepenak yen banjur nulak apa kang dijaluk redaktur mau. Akhire aku njaluk wektu lan dakpikir luwih jero. Aku ya ora banjur terus nyaguhi ngono wae. Mula aku banjur njaluk wektu seminggu kanggo mikir lan nari awak apa ya bisa. Bareng seminggu mikir, kok ya terus wae aku nggawe keputusan yen aku saguh nulis saben minggu ana ing Jawa Pos Radar Madiun.





