Malah aku ditawani nulis saben minggu. Lan terbit saben dina Senin esuk. Walah rikala aku ditawani mau aku ya langsung kelingan PS. Kamangka aku wis nulis ana PS saben minggune lan meh sepuluh taun. Apa ya aku banjur arep mandheg olehku nulis ana PS. Terus aku yen banjur nyaguhi apa kang dijaluk dening redaktur Jawa Pos Radar Madiun, apa ya ana wektu. Kang cetha aku ora bakal ninggalake PS kang wis ora angger wong Jawa gelem nulis ana kalawarti basa Jawa. Nanging rasane kok ya ora kepenak yen banjur nulak apa kang dijaluk redaktur mau.
Akhire aku njaluk wektu lan dakpikir luwih jero. Aku ya ora banjur terus nyaguhi ngono wae. Mula aku banjur njaluk wektu seminggu kanggo mikir lan nari awak apa ya bisa. Bareng seminggu mikir, kok ya terus wae aku nggawe keputusan yen aku sa- guh nulis saben minggu ana ing Jawa Pos Radar Madiun. Malah aku ditawani, jenenge rubrik kang dakembani mau gumantung marang aku. Wangsulaku rikala iku ya dak- pasrahake marang redaktur. Aku mung trima pasrah bongkokan wae.
Olehku saguh nulis mau, sepisan ora saben bupati bisa lan gelem nulis. Kapindho, lo yen pasang iklan ana media wis pira. Rak ya larang nganggo banget. Mula aku minangka bupati Magetan rak ya bisa ngetokake gagasan lan idhe kang kudu dimangerteni dening masyarakat mligine masyarakat Magetan. Katelu, aku yakin pegawe pemda lan uga masyarakat mesthi mongkog nduwe bupati kang saben minggu nulis ana koran hehehehee.
La dening redaksi akhire rubrik kang dakembani mau diwenehi jeneng “Bupati Menulis.” Yen aku dina Selasa di WA dening redaksi PS ngelikake kapan naskahe dikirim lan biasane paling telat dakkirim lewat email Kemis esuk. Redaktur Jawa Pos Radar Ma- diun biasane minggu esuk aku di-WA kang isine aja lali ngirim naskah. Biasane aku nulis naskah ana Radar Madiun dina Minggu esuk apa awan. Mengko dak-email Minggu sore watara jam 16.00-17.00.
Yen para maos takon apa aku antuk honor. Heeeeeee, babar pisan ora. Ya amarga alesan kang wis dakandharake ana ndhuwur mau aku blas ora nate mikir honor. Senadyan kudu tansah mikir tugasku kang ora entheng aku saben-saben kudu mikir bahan kanggo nulis mau, nanging tetep daktindakake kanthi seneng wae. Blas ora dakgagas abote. Barang abot yen dianggep entheng rasane rak ya entheng.
Untunge aku wis biasa nulis ana PS. Mula aja gumun kadhang tulisanku ana PS lan Radar Madiun ana mempere. Malah kadhang bahan lawas kang wis daktulis ana PS bisa mengko bakale tetep bisa kanggo bahan nulis ana Radar Madiun. Paling ora olehku biasa nulis ana PS ndadekake olehku nulis ana Radar Madiun ya lancar wae.
Nanging ana bedane lo nulis basa Jawa lan basa Indonesia kuwi. Amarga nulis basa Indonesia meh saben ndina dienggo mula ya lancar wae. La kepriye ana ing pesrawungan kantor utawa dhines mesthi basa Indonesia. Semono uga layang-layang dhines uga nganggo basa Indonesia. Kamangka saben ndina satumpuk layang lan konsep surat kang kudu dakwaca lan kudu di disposisi. Dadi ya lancar wae.
Mula ora nggumunake senadyan olehku nulis nganggo basa Jawa ana PS wis meh puluhan taun, nanging nulis naskah ana PS lan Radar Madiun tetep angel nulis nganggo basa Jawa. La kok ora. Coba para maos bandhingake. Yen aku nulis basa Jawa kadhang perlu wektu telung jam. La yen aku nulis ana radar Madiun mau saben minggune aku mung nyedhiakake wektu kira-kira mung siji setengah jam. Dadi yen dietung, yen aku nulis ana PS antuk sak- naskah ana Radar Madiun aku wis antuk rong naskah heeheeheeeee.
Amarga saben ndina dienggo nulis lan maca mau mula nulis basa Indonesia lancar wae. La yen nulis basa Jawa kena ngapa luwih angel. Sepisan basa Jawa mung kadhang digunakake ana pasrawungan. Kapindho, basa Jawa ora nate dienggo ana paprentahan apa yen nulis layang dhines ana kantor. Mula ora nggumanake yen nulis basa Jawa banjur luwih angel lan butuh wektu mau. La yen mengkono terus bisa- bisa basa Jawa saya suwe saya adoh saka basa tulisan. Mung dadi basa kanggo komunikasi. Iku kang kadhang dadi keprihatinanku dhewe.
Nyumurupi bab kasebut aku ya banjur ngreka daya. Paling ora kanggo ing Kabupaten Magetan kang kebeneran aku saiki dipercaya dening masyarakat minangka Bupati. Kapercayaan lan kawenangan mau bakal dakgunakake kanggo supaya kabeh tansaya becik. Kaya bab basa Jawa mau. Ana ing PAUD lan TK ing taun 2019 iki bakal dakcakake ana ing pamulangan PAUD lan TK nggunakake basa Jawa krama inggil. Mula saiki ana ing Magetan sengkut para guru PAUD lan TK padha Pelatihan mulang nganggo basa Jawa krama. Semono uga tetembangan uga basa Jawa. Kaya lagu dolanan Gundhul-gundhul Pacul, Jamuran lsp.
Usahaku mau apa bisa kasil? Aku yakin yen bakal kasil. Kabeh apa kang kasil iku dhasare ya kudu yakin dhisik. Yen ora yakin mosok bakal bisa kasil. Supaya kasil mau aku banjur nyiapake kanthi becik. Kaya Pelatihan mau. Terus tansah dimonitor lan dievaluasi. Saben-saben aku dhewe bakal ngecek ana lapangan kepriye mungguh perkembangane. Yen ana kang kurang enggal digolekake dalan.
Mula aku banjur kelingan para empu sastra Jawa kang isih mersudi sastra tanpa golek pamrih apa-apa. Malah pawongan kang isih mersudi sastra Jawa lan ugi seni iku bener-bener “orang gila/wong edan- nyuwun duka.” Angel anggonku golek ukara kang pas kanggo menehi apresiasi marang para penggiat sastra Jawa mau. La yen dudu wong edan kepriye? Arep njagakake honor tulisan ya mung antuk pira? Apa ana kang dadi penulis basa Jawa bisa sugih mblegedhu? Kaya almahum Suparto Broto kang wis nulis buku semono akehe uripe tetep prasaja wae. Bandhingake karo penulis basa Indonesia kang saiki lagi kawentar kaya Andrea Hirata kang nulis “Laskar Pelangi” kang banjur difilm kae. Kamangka sadurunge nggawe novel Laskar Pelangi piyambake pegawe ana Kementerian Keuangan. Kamangka nyambut gawe ana Kementerian Keuangan iku dadi idhamane para muda-mudi Indonesia lan idhamane para calon maratuwa. Amarga salah sijine bayare gedhe. Nanging buktine Andrea Hirata metu saka PNS lan milih dadi penulis. Kanthi conto mau mbuktekake yen dadi penulis basa Indonesia luwih njan- jekake dibandhingake dadi penulis Jawa. Kira-kira wae kaya bumi lan langit.
Tansaya sithike penulis basa Jawa mau, manut panemuku kudu ndadekake gumregahe warga mligine wong Jawa. Ngakehake kegiatan kang ana gandheng cenenge karo nulis basa Jawa. Kaya Pelatihan nulis kanggo guru basa Jawa. Murid-murid SMP, SMA/SMK diajari blajar nulis. Ana lomba-lomba nulis kanthi ha- dhiah paling ora piagam. Yen kabeh kegiatan iku dileksanakake aku yakin yen ing mbesok ora angel maneh golek penulis basa Jawa. Malah tansaya akeh dibandhingake saiki. Lan nulise ora mung mligi ana ing media cetak nanging uga ana ing media digital kang saiki wis dadi jamane. Bocah saiki wis luwih akeh maca informasi saka dunia maya dibandhingake buku. Mula seneng ora seneng para penggiat basa Jawa kudu nduwe strategi anyar. Kaya nggawe group basa Jawa. Nulis kang lucu-lucu kaya “Apa Tumon” nanging ana group, cerkak lsp. Yen kabeh dalan dienggo aku yakin penulis basa Jawa bakal tansaya ngrembaka. Saengga ing mbesuk para taruna bisa nulis basa Jawa, Inggris, Indonesia kanthi gampang. Ora kaya aku heheheeee.***
Diembani dening: Bupati Magetan Dr. Suprawoto, S.H., M.Si.
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital





