Nurul Azizah Syafitri: Kridhane Moncer ing Donyaning Beksan

Indonesia ra tau kurang nom-noman kang pinunjul. Salah sijine kaya dene Nurul Azizah Syafitri. Bocah wadon umur 12 taun kuwi kasil ngukir prestasi kang agawe bombonging manah ing ajang World of Dance (WOD) Indonesia Junior 2024 (kompetisi beksan Internasional tumrap remaja) ing Bali, minangka juwara 1 bareng karo klompok sanggare, Miracle Dancer.

Azizah bareng karo kelompok beksane, Miracle Dancer

Bakat beksane Azizah kuwi wis katon wiwit umur 4 taun. Wong tuwane ndeleng Azizah minangka bocah kang sigrak lan sarwa rikat tumandange. Awale, dheweke kober dijaluk kanggo melu les nyanyi, nanging ora bisa suwe merga kawigatene kurang.

Sang Ibu nuli mutusake kanggo ndhaftarake Azizah menyang sanggar beksan. Ing kono wekasane Azizah bisa nemokake jati dhirine kang sejatine. Panjurunge wong tuwane tamtu ora tau kandheg, uga minangka obor tumrape Azizah kanggo mecaki dalane.

Saka panggung siji menyang panggung liyane, saka sayembara lokal menyang internasional, Azizah ora tau sambat kanggo sinau. Malah nalika sepisanan melu WOD ing umur 7 taun lan durung kasil ngolehake juwaram dheweke ora pupus pangarepe. Kekalahan kepara dadi pamecut kanggo terus ngasah katrampilane.

Azizah kesengsem marang cakrik hiphop, tur kerep mbeksa manut larasing lagu-lagu kang viral ing media sosial. Dheweke uga sinau akeh saka pambeksa gegadhange, lire Agnez Mo saka Indonesia, sarta Reina Queenme lan Rinka Sawakami saka Jepang. Lumantar media sosial, Azizah ngresep sakehing inspirasi lan nambahi koleksi ukele beksane.

Nurul Azizah Syafitri

Nem wulan sadurunge WOD 2024, Azizah wiwit nglakoni gladhen ajeg bareng tim. Bocah asal Mataram, Nusa Tenggara Barat kuwi kudu pinter andum wektu antarane sekolah, les, ngaji, silat, lan gladhen beksan. Jadwale pancen padhet, nanging dheweke bisa nglakoni kuwi kabeh kanthi semangat sing makantar-kantar.

Sajrone sawulan wekasan sadurunge kompetisi, dheweke uga tau tampil ing ajang Indonesia’s Got Talent (IGT) 2023. Senajan mung bisa nganti perempat final, pengalaman kuwi nabet banget ing atine. Dheweke bisa sinau akeh bab donyaning hiburan lan media, klebu nglakoni proses syuting nganti sewengi natas.

Prestasine ora kandheg tekan kono. Azizah tau tampil nyuguhake beksan ing MotoGP Mandalika 2024, malah nglebetake gendera finis. Dheweke uga tampil ing Pahargyan Dina Pendhidhikan Nasional ing Jakarta, sarta makili anak Indonesia ing World Water Forum (pasamuwan internasional kang ngrembug bab isu banyu ing saindengi donya) ing Bali.

Ora mung mbeksa, Azizah uga ibut sajrone pencak silat lan kasil nyabet maneka gelar ing tataran dhaerah. Kagabung sajrone Persaudaraan Setia Hati Terate, dheweke diajari bapake kanggo njaga dhiri. “Yen wis bisa nglipur wong lumantar beksan, mula aku uga bisa njaga dhiri,” ujare sambi sumringah. Ing tembene, Azizah nduweni gegayuhan ngarumake parabe pertiwi lumantar beksan lan silat. Dheweke kepengin dadi juwara ing PON utawa Asian Games, tur saiki lagi titi-siyaga tampil ing ajang Super Dance 24 ing Singgapur, Agustus 2025. (ARW)

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *