Nyegah Bullying, Sekolah Rakyat Pamekasan Dijaga Bengi

Sekolah Rakyat Menengah Pertama (SRMP) Kabupaten Pamekasan, Jawa Timur nerapake sistem jaga bengi kanggo nyegah praktek perundungan (bullying). Kepala Sekolah SMRP 29 Pamekasan Aisyah Minarni Mukti mratelakake kasus perundungan kerep kedadeyan ana lembaga pendidikan merga kurange pengawasan. “Aku ora kepengin ana praktek perundungan ing sekolah sing dakpimpin iki, mula saka kuwi saben bengi ana petugas sing mligi njaga asrama,” ujare Aisyah, Rebo, 20 Agustus 2025.

SMRP 29 mapan ana tilase kampus Akademi Keperawatan (Akper) Jokotole. Wiwit pasinaon tanggal 15 Agustus 2025 kepungkur, ana murid cacah 50 sing manggon asrama. Saka bocah 50 mau 26 lanang lan 24 wadon. Nadyan asrama lanang lan wadon papane kapisah, nanging pihak sekolah tetep ngawasi 24 jam amrih ora kedadeyan sesrawungan bebas.

Keputusan nerapake jaga bengi mau, kandhane Aisyah, wis oleh pasarujukane wali asuh, wali asrama, lan guru. “Kabeh sarujuk dibentuk sistem jaga bengi supaya murid-murid ing kene tentrem atine melu pasinaon,” imbuhe Aisyah.

Pola pengawasan mau, miturut Aisyah, salaras karo instruksine Menteri Sosial Saifullah Yusuf (Gus Ipul) sing tanggung jawab marang lumakune program Sekolah Rakyat sacara nasional. Gus Ipul wanti-wanti aja nganti timbul praktek bullying ing lingkungan Sekolah Rakyat jalaran bisa njalari kurban cuklek atine kepara lampus dhiri. Gus Ipul ora kepengin kasus sing kaya mengkono kedadeyan ing Sekolah Rakyat.“Gus Ipul meling supaya pihak sekolah mbudidaya nyegah perundungan ing sekolah lan asrama. Mula aku ngoptimalake pengawasan, sarta nyawisi guru konseling,” kandhane Aisyah. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *