Nyegah Super Flu, Pemkot Surabaya Nindakake Skrining lan Nyiapake Puskesmas

Pemkot Surabaya ngajab masyarakat padha luwih waspada klawan kaséhatané, amarga mobilitasé warga tambah akeh, kalebu potensi nyebaré virus super flu.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi nelakake, nganti saiki pancen durung ana laporan kasus iki ing kutha Pahlawan. Nanging senajan mangkono, langkah pencegahan tetep ditindakake, utamané tumrap wong-wong sing padha liburan, apa kuwi sing ing njero kutha utawa sing nembe bali saka luar negeri.

“Nganti saiki durung ana laporan resmi. Nanging, kita tetep ngajab warga sing lelungan utawa liburan, apa kuwi sing liburan ing dalam negri utawa sing mentas bali saka luar negeri,” ujare Wali Kota Eri, Rabu (7/1/2026).

Cak Eri nerangaké, kanggone sing mentas saka luar negeri, skrining wis ditrapaké kanthi ketat. Papriksan kaséhatan, kalebu ngukur suhu awak nalika teka, ditindakake minangka langkah deteksi dini tumrap maneka penyakit, kalebu virus super flu.

Sauntara iku, tumrap mobilitasé domestik, Wali Kota Eri nandhesake wigatine kesadaran masyarakat jroning ngreksa kaséhatane.

“Kita ngajab masyarakat duwé kesadaran dhéwé. Yen rumangsa awake kurang sehat, kaya demam, watuk, utawa gejala flu liyané, enggal lapor menyang fasilitas kaséhatan sing paling cedhak,” tandhese.

Minangka antisipasi, Pemkot Surabaya wis nyiapake kabeh puskesmas lan nguwati koordinasi karo rumah sakit. Kabeh fasilitas kaséhatan dikon enggal lapor yen nemu pasien kanthi gejala sing ngarah marang penyakit nular, kalebu super flu, supaya bisa dipriksa lan ditangani.

“Yen jroning papriksan nemu indikasi tinamtu, kudu enggal dilaporaké supaya bisa ditindaklanjuti kanthi papriksan sabanjure,” kandhané.

Sauntara kuwi Kepala Dinkes Surabaya, Nanik Sukristina, mesthekake yen nganti saiki durung ana pasien sing kena super flu ing Surabaya. Nanging, Dinkes tetep nindakaké langkah antisipatif aktif kanggo nyegah nyebaré penyakit pernapasan iki.

“Langkahé yaiku nguwataké surveilans kaséhatan, nyatheti kasus ISPA lan influenza ing kabeh fasyankes, ningkatké kesiapsiagaan puskesmas lan rumah sakit, uga ngecakake standar PPI (Pencegahan dan Pengendalian Infeksi)” ujare Nanik.

Dinkes uga nguwati edukasi kaséhatan kanggo masyarakat, utamané kelompok rentan kaya balita, lansia, ibu mbobot, lan pasien kronis. Koordinasi lintas séktor terus ditindakake bebarengan rumah sakit rujukan, kecamatan, kelurahan, kadér kaséhatan, lan sapanunggalane.

Sistém deteksi dini lan laporan cepet uga wis mlaku. Saben kasus penyakit pernapasan dicathet lan dianalisis saben dina kanggo ndeleng tren kasus. 

“Yen nemu pasien kanthi gejala flu abot utawa ora biasa, fasyankes kudu nindakake skrining lanjutan lan nglaporake liwat sistem resmi kurang saka 24 jam,” jlentrehe.

Istilah super flu dhewe satemene dudu istilah medis resmi. Istilah iki kanggo nggambaraké influenza utawa infeksi saluran pernapasan akut (ISPA) kanthi gejala sing dirasakake luwih abot utawa sumebare cepet banget ing masyarakat. Gejala sing kudu diwaspadani ing antarane yaiku; nggreges dadakan, watuk, pilek, lara gorokane, ngelu, linu, lan awak lemes.

Masyarakat diajab tetep tenang, ora gampang percaya informasi sing durung jelas sumbere, lan tansah ngakses info kesehatan saka saluran resmi pemerintah. 

“Yen ngalami gejala flu abot utawa ora mari-mari, enggal priksa menyang puskesmas utawa rumah sakit. Tetep ngecakake perilaku hidup berih dan sehat (PHBS), etika watuk-wahing, lan jaga imunitas,” pangajabe.

Kemenkes RI dhewe tumekane akhir Desember 2025, wis nglaporake ana 62 kasus influenza A(H3N2) subclade K kang sumebar ing 8 provinsi. Nanging kondisiné isih ‘terkendali’, ora nuduhake saya nemen dibandhingake klade liyané.

Sumber: Pemkot Surabaya
Editor: Donny Tunggul

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *