Nyetitekake Tradhisi lan Kreasi Seni ing Banyuwangi

ADATE, bocah padha mangkat sekolah kanthi ati seneng, amarga kejaba bakal sinau uga kepengin ketemu kanca. Sanadyan ta, yen nyipati wektu iki, bocah arep sekolah tas-e mbenthiyut, mangkate esuk mruput, kala-kala ana sing praene njepaprut. Ora liya amarga ngrasakake sekolah minangka sanggan. Kudu bisa iki kuwi, kudu apal sakehing bab, lan kudu siyap nggarap samubarang kang ditugasake gurune.

Ora sethithik bocah kang anggone sekolah nganti sore, sanadyan ta isih SD. Mulih isih duwe PR saka gurune, banjur kudu sinau nyepakake kanggo dina bacute. Yen dirasa isih kurang trampil, wong tuwane ora wigah-wigih majibake anake melu les.

Mula, tumrap kulawarga sing putra-putrine saben dinane kaya mangkono, becike ajeg menehi kalonggaran ing dina prei. Kaya ta dina Setu lan Minggu. Saperangan sekolah yen dina Setu ana netepake muride mulih rada gasik. Malah ana kang dina Setu prei. Yen Minggu wis salumrahe padha prei. Ya ing wektu iki bisa digunakake kanggo ngenggar-enggar ati, amrih bocah ora spaneng.

Museum Maneka Koleksi
Banyuwangi

Nanging, milih papan kanggo plesiran uga kudu migatekake bab paedahe. Yen bocah kerep diumbar ing mal, contone, kang nyedhiyakake maneka dodolan, ya kurang becik. Padha karo nuwuhake pradatan seneng tetuku, klebu nuku barang kang ora patiya perlu.

Salah sijine papan kang prayoga kanggo wisata yaiku museum. Amarga ing museum, bocah ora mung ngulatake koleksi barang kang edi peni. Nanging uga bisa tuwuh rasa mongkog lan tresna marang seni, budaya, lan pangajining bangsa.

Ing wewengkon Jawa Timur, Dinas Pariwisata Banyuwangi bisa dadi jujugan. Sanadyan mung cilik, ing papan iki ana kreasi seni kang mranani. Kaya ta barang kuno wujud materai lan koin, kendhi susu, patung beksan Gandrung Banyuwangi, busana adat, lsg. Uga ana bathik tulis khas Banyuwangi, kang katitik saka anane motif “oling”. Kejaba iku ana tiron barong utawa caplokan, lan isin akeh liyane.

Dene yen ngepasi ana acara, bisa uga sanja ing Pantai Boom. Yen kapeneran, ing papan kasebut sok-sok dianakake festival layangan. Saka wong tuwa, nom-noman, nganti bocah padha ngregengake. Ana kang melu lomba kreasi layangan, nglukis ing layangan, uga ngulukake layangan lan sabetan. Kejaba seneng dolanan ing pantai, bocah uga bisa sinau bab kreativitas lan maneka seni tradisi kang khas.

Panulis : lie
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 199

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *