Nalika aku bukak-bukak majalah Panjebar Semangat edhisi 20 Maret 1937, ketemu rubrik “Sinambi Kalane Nganggoer.” Penulise nganggo jeneng singlon Seboel. Kang dakgumuni kok jenenge paraga-paragane padha karo giyaran Obrolan Pak Besut ing RRI Yogyakarta. Para maos kang saumuranku mesthi isih kelingan sapa ta Pak Besut. Wong pancen asmane kawentar banget. Aku kang wiwit 1976 kuliyah ing UGM ngrasakake kondhange Pak Besut wektu kuwi.

Supaya ora salah olehku nulis ngenani Pak Besut, aku banjur bukak-bukak internet. Jebul keterangan ngenani paraga mau sethithik banget. Amrih informasi bab Pak Besut luwih jangkep, aku banjur golek buku ing toko-toko. Nanging ora nemu. Bareng aku golek menyang toko buku online, lha, malah entuk. Judhule buku kuwi Obrolan Pak Besut. Buku kang diterbitake dening Gadjah Mada University Press taun 1983 mau regane ora pati larang. Kang ngedol wong Bekasi.
Para maos saumuranku dakkira durung lali karo Obrolan Pak Besut RRI Yogyakarta. Aku isih kelingan paraga-paragane dumadi saka Pak Besut, Mbok Besut, Mbakyu Santinet, Asmonah, lan Man Jamina. Merga materine obrolan entheng, tur nganggo basa Jawa ngoko, mula akeh kang seneng ngrungokake. Wiwit pejabat nganti rakyat.
Mbokmenawa krana sutresnane akeh, Obrolan Pak Besut nate digiyarake seminggu kaping telu. Nanging yen dirata-rata giyarane seminggu kaping pindho. Aku lagi ngerti yen jebul program acara iku digiyarake wiwit tanggal 16 Desember 1945. Giyaran iku dicuthel Agustus 1981 rikala Pak Besut wis yuswa lungse.
Sapa sejatine Pak Besut? Saka sumber buku Obrolan Pak Besut kang diterbitake dening Gadjah Mada University Press iku, asmane kang asli Pancratius Suradi Wardojo. Lair ing Desa Gelep, Sragen tanggal 15 Januari 1910. Sawise lulus saka Normaal School taun 1930, banjur dadi guru ing Ambarawa. Nanging merga jiwa kewartawanane luwih kuwat, mula profesi guru mau banjur ditinggalake. Pak Besut milih ambyur jagading surat kabar minangka wartawan Soeara Katholik, banjur majalah Swara Tama Yogyakarta, lan surat kabar Noesantara Solo.
Taun 1946 pindhah menyang surat kabar Nasional Yogyakarta. Lan taun 1956-1976 dadi wartawan Kedaulatan Rakyat Yogyakarta. Ya ana selaning tugas minangka wartawan mau Pak Besut ngisi adicara Obrolan Pak Besut ana studhione RRI Yogyakarta.
Amarga labuh labete ing donyane penerangan, Pak Besut banjur diangkat dadi PNS RRI Yogyakarta. Nanging mung setaun banjur pensiun. Yen dinalar pancen lucu, kok bisa dadi PNS setaun thok. Pamarentah ing taun-taun kuwi pancen duwe kebijakan ngangkat pegawe kang wis ngabdi suwe, terus dipensiunake.
Ing lingkungane Departemen Penerangan, akeh pegawe kang wis ngabdi puluhan taun nanging durung diangkat merga maneka warna sebab. Ana kang ora duwe ijazah, formasi durung lowong, umur wis kliwat tuwa lan sapanunggalane. Kamangka labuh-labete tumrap nusa lan bangsa ora cilik. Kaya Pak Besut mau. Panjenengane uga seniman kethoprak lan ludrug kang rutin ngisi program acara kabudayan RRI Yogya. Kadhang kala uga dadi seniman wayang wong Sriwedari. Mula pamarentah banjur njupuk kawicaksanan ngangkat wong-wong mau dadi PNS senadyan ora suwe. Pak Besut dhewe diangkat dadi PNS umur 71 taun.
Apa rubrik PS taun 1937 “Sinambi Kalane Nganggoer” kang sesinglon Seboel mau ya Pak Besut alias Pancratius Suradi Wardojo? Nanging kok aku durung tau krungu yen Pak Besut iku uga wartawan PS. Sok ngonoa naluriku kandha yen Seboel iku tuhune ya Pak Besut.
Rubrik Sinambi Kalane Nganggoer tanggal 20 Maret 1937 katja 11 ana tulisan: “Taoen anjar. Saptoe kepoengkoer, taoen Djawa wis salin 1868. Maoene redactie ora njana ora ngira, jen akeh sedoeloer para maos ding anggatekake marang gantine taoen iki, merga adat saben sing keloemrah kaja dene Asmoenah sing dienteni moeng rijaja Lebaran soepaja oleh penganggo anjar. Dene Man Djamino sing diarep-arep taoen baroe Tionghoa, merga adat saben mesthi oleh ater ateran “koewih randjang” sangka langgananne ngebon mbako seg. Dene sing diarep arep Besoet taoen baroe Walanda merga bisa merdhajoh menjang toewan Blom
oleh…champagne.
….Santinet ja setali tiga oeang, sami mawon, sing diarep arep doedoe taoen anjar, nanging sasi anjar, soepaja enggal bisa sesandjan mitra-mitrane, awit gelange wis bisa diteboes maneh. Beda jen tanggal toewa, ora wani leloengan, merga tangane ngliga, koepinge soewoeng, moelane moeng ana ing omah wae, nek ditakoni Asmoenah, geneja kok anteng apa wis njantri dadi sripah? Wangsoelane: Anoe joe, akoe isih lara sirahkoe pileg……
Besoet moepakat bangsakoe ngoermati taoen anjar Djawa, merga nek taoen Masehi bangsakoe ja ana sing ngoermati, geneja taoene dhewe ora dikoermati? Taoen baroe Tionghoa, ja akeh sing kirim kaartjis marang bangsa Tionghoa, geneja taoene dhewe lali? Jen seneng senengan barang anjar, Sariweg ora milih taoen anjar oetawa sasi anjar, nanging ndjaloek…..kaloeng anjar. Bab iki isih aran pepenginan loemrah.
Sing krandjingan koewi rak Boeboet ta, mosok dadak arep golek…randha anjar. Nanging wong botjah oendjas-oendjoes, golek randha anjar kok dadak longgoeh ing waroeng, sidane ja moeng oleh ….randha rojal.
Sinambi kalane nganggoer, ngrembag bab taoene dhewe, ora kena dilali lali, betjik oega jen bangsakoe ija padha ngelingi parikane Tjak Doerasim “ali ali ilang matane, adj alali njang bangsane.”
Man Djamino moewoehi: Ali ali mata lima digadhekake, adja lalimenehi blandja karo…anake.”
Sengaja daktulis apa anane ing rubrik Sinambi Kalane Nganggoer iki, ing pangangkah kita bisa melu empati marang tulisane PS jaman semana. Tulisan ing rubrik kuwi pranyata uga ditulis kanthi cakrik kang entheng lan lucu. Kaya obrolan warung kopi. Ora nggumunake akeh kang seneng. PS dhewe ing jaman iku pelanggane wis tekan ngendi-endi, ora salah yen RRI Yogyakarta banjur gawe program giyaram Obrolan Pak Besut mau.

Amarga akeh kang seneng, nalika Obrolan Pak Besut digiyarake banjur di-relay RRI ngendi-endi. Siarane RRI dhek semana gampang banget ditangkep radhio-radhio dhaerah. Kabukten wektu Pak Besut ngrawuhi acara ing Lampung, pranyata uga disubya-subya dening pandhemene, ngalahake artis papan atas.
RRI Yogyakarta tanggal 27 Mei 1971 kapetik isine mangkane: ”Sajrone seminggu Pak Besut lan Ki Semar njajah desa milang kori njalak peningal ana wilayah Lampung Sumatra. Ki Semar encone Dhanyang Mataram ing siaran sarasehan saben malem Jemuwah Kliwon, sajrone ana Lampung dadi encone Pak Besut.
Sarehne tekane Pak Besut lan Ki Semar diutus dening Badan Pengendali Pemilihan Umum Sekber Golkar, mula sajrone ana Lampung akeh banget anak-anake sing bisa kepethuk. Anak-anake sing maune mung krungu swarane durung tau nyipati rupane, padha bisa nyipati kaya apa Pak Besut lan Ki Semar iku. Mesthine iya ana sing gela, dene mung kaya ngono wonge. Ora mokal ana sing ngira, Pak Besut iku wonge dhengus, gedhe bagus lan besus.
Senajan wong lanang pupuran lamatan, lambene dibenges. Manut petungane BAPILU Tingkat I, II lan III ing Lampung sajrone Pak Besut lan Ki Semar omong ana rapat umum ing 16 papan, sing teka kiwa tengene 120.000. Malah nalika Pak Besut lan Ki Semar omong ana lapangan Sadar Sriwijaya, sing teka kira-kira wong 18.000. sarehne wayah esuk, tekane ana sing nunggang sepedha, sepedha motor lan pedhati…..
Bareng Man Jamina, Mbakyu Santinet, Dhik Asmonah lan Mbok Besut dikandhani Ki Semar lelakon-lelakon sing dialami Pak Besut ana Lampung, wong papat pisan kuwatir yen ana Lampung Pak Besut dadi kaya kintel. Yaiku banjur methunthung ngampet ambegan, kareben katon gedhe. Sebab rumangsa dadi penggedhe kaya dene Menteri apa Presiden ninjo dhaerah. Sarehne Pak Besut bali kanthi slamet, wetenge ora njeblos kaya dongeng kintel lan sapi, mesthine Pak Besut ora rumangsa dadi kaya wong gedhe apa panggedhe. Mbok Besut sing dikuwatiri, sarehne Lampung tansah disuguh madhang lawuhe sarwa enak, yen mulih gek kulina. Banjur ora doyan disedhiyani tahu karo tempe. Olehe nulak kanthi alus. Banjur nembang: tahu-tahu, tempe.”
Ing kene cetha yen kepopulerane Pak Besut dipaedahake dening Golkar ing Pemilu 1971 kanggo narik pemilih. Golkar wektu iku isih mujudake partai anyar sing nyengkuyung pamarentah Orde Baru. Mula wis samestine bisa nggunakake kabeh potensi kanggo menangake pemilu, klebu Pak Basut kang wis kondhang mau.
Lan Pak Besut kang wis kondhang banjur bisa siaran ana RRI mau dakkira amarga asmane uga wis kawentar lantaran seratane ing PS. Dadi Seboel iku ya Pak Besut. Ing kene cetha sepira gedhene pengaruh lan labuh-labete PS ing jaman semana. Ya amarga tulisane ana ing PS wiwit jaman sadurunge kamardikan mau asmane Pak Besut banjur kawentar. Nuwun.
***
Panulis: Suprawoto
Panitipriksa: Kukuh S. Wibowo







