Pamilut Maut Agus Buntung

Sawenehe priya tanpa tangan dilapurake mrawasa wanita cacah 17. Modhuse rata-rata padha, yaiku ngrimuk calon kurbane ing taman, banjur diajak ngamar. Berkase perkarane wis dipasrahake jaksa akhir Desember iki.

Taman Udayana, Kutha Mataram, Nusa Tenggara Barat, sawijining awan, 19 Nopember 2024.

Sawenehe kenya lungguh dheleg-dheleg ing bangku taman. Saka guwayane sing surem ketara banget yen dheweke lagi nyangga beban pikiran abot. Rehne ketungkul nglamun, kenya mau ora nglegewa marang tekane priya sing alon-alon nyedhaki. Swara alus saka lesane priya anyar katon iku njugarake angen-angene M, inisiale kenya mau.

M noleh. Priya iku mbalang esem simpatik. Esem ngemu wadi. Awake ditutupi jaket rapet. Sawatara menit candhake M lagi ngerti menawa pawongan iku tanpa tangan utawa buntung. Priya kang nepungake dhiri kanthi jeneng I Wayan Agus Suartama iku banjur ngajak ngobrol.

Saka kapinterane Agus ngolah tembung pamilut, jroning wektu sedhela M terus akrab. Dheweke ora kabotan menehi enggon Agus lungguh mepet. M uga tanpa wigah-wigih nglairake panguneg-unege marang priya difabel sing mentas ditepungi kuwi.

Sawise M katog nyuntak beban masalahe, Agus kandha menawa bakal mbiyantu aweh solusi. Priya 22 taun kuwi banjur akon M nyawang pasangan kekasih sing lagi mesra-mesraan ing bangku sebelahe. Dumadakan M nangis. Sumurup wanita iku rapuh atine, Agus wiwit ngempakake jurus-jurus maute. Dheweke ndheseg pitakon, apa M ya tau nglakoni sing kaya ngono? Tanpa isan-isin M kandha menawa dheweke nate nglakoni tumindak sing ora samesthine karo sawenehing priya.

Agus banjur ngajak M pindhah menyang gazebo samburining Taman Udayana. Ing kono Agus nuturi akeh-akeh sarta mengaruhi amrih M ngresiki dosa-dosane kanthi cara adus sesuci. Yen M nulak, Agus ngancam bakal mbukak wadine wanita iku marang wong tuwane. M kober tidha-tidha, nanging wusana ora suwala.

Ngerti calon kurbane wis mlebu wuwu, Agus banjur ngajak M mbonceng sepedhah motore rodha telu tumuju penginepan (home stay). Resepsionis ngarahake Agus menyang kamar nomer 6 ing poncod bangunan. Ing njero kamar mau Agus katon umak-umik ngrapal mantra. Agus akon M nguculi kabeh sandhangane, nuli M uga diakon ngrucat busanane dhewe. Ing kahanan padha-padha nglegena, Agus banjur nindakake patrap sing nerak angger-angger.

M satemene risi. Nanging dheweke wedi karo pangancame Agus. Jarene Agus yen M mbengok utawa mlayu, yen konangan wong liya malah cilaka. Sebab manut ukum adat, lelorone kudu dirabekake. M akhire nglanggati kekarepane Agus. Sawise Agus rampung butuhe, M lagi kegugah atine. Dheweke ora trima. Dina iku uga M nglapurake pakartine Agus marang Polda Nusa Tenggara Barat dikantheni asile visum sing nyatakake menawa pawadonane M ana tilas tatu kang disebabake dening sodhogan barang bujel.

I Wayan Agus Suartama alias Agus Buntung (kiwa) nalika ditangkep pulisi tengahing sasi Nopember 2024 kepungkur. (Foto: Antara)

Sawise nampa lapurane M, pulisi enggal tumandang mriksa seksi-seksi, klebu pengelolane home stay kang arane Sinta. Miturut pangakuwane pengelola home stay mau, Agus kerep booking kamar karo nggawa wanita isih mudha. Sedina bisa kaping telu Agus check in karo wanita sing beda-beda, Senengane kamar nomer 6. Dina kuwi uga Agus ditangkep.

Nalika prekara kekerasan seksual iku diunggah menyang media sosial dening media lokal, racake para netizen padha ora percaya. Ngendi ana priya tanpa tangan bisa mrawasa wanita. Agus malah antuk simpatine para warga net, klebu tokoh-tokoh nasional, jalaran priya difabel iku dianggep dadi kurbaning bully. Dupeh kahanane ora sampurna banjur kanggo bahan lok-lokan, ngono antara liya tanggepane netizen.

Agus dhewe uga aktif ngunggah status ing akun Instagrame sing wose mbantah tau ngaloni tindak asusila karo M. Agus malah ngancam bakal nglapurake akun media lokal mau nganggo pasal pencemaran nama baik. Dheweke uga mbukak lawang omahe amba kanggo diwawancarai wartawan.

Agus sing isih kacathet minangka mahasiswa salah sijine perguruan tinggi ing Mataram kuwi sasuwene iki pancen kerep ngunggah kegiyatan-kegiyatane menyang media sosial. Dheweke kepengin mbuktekake senadyan tangan kekarone buntung nanging isih bisa nindakake aktivitas normal, antara liya nunggang motor rodha telu, nulis nganggo sikil, nabuh gamelan nganggo sikil lan nggebug drum nganggo sikil.

Nanging kahanane malik 180 derajat bareng pulisi ngetokake bukti-bukti, klebu rekaman swara pangrimuke Agus marang M nalika lelorone lungguhan ana gazebo samburine Taman Udayana. Agus saya kepepet sawise ana wanita cacah 14 sing uga lapur marang Polres Mataram minangka kurban rudhapeksane Agus. Telu ing antarane isih kegolong di bawah umur. Disusul maneh wong 3 sing uga lapur merga prekara sing padha. Saploke kurban-kurbane rame-rame lapur, Agus sing maune gampang ditemoni wartawan, malih nutup dhiri. Akun Instagrame dipateni.

Direktur Reserse Kriminal Umum Polda NTB Komisaris Besar Polisi Syarif Hidayat mratelakake saka wong 17 sing ngaku tau diprawasa Agus, 4 ing antarane wis dipriksa. Saka katrangane seksi kurban mau, Syarif duwe dudutan menawa modhuse Agus nindakake kekerasan seksual umume padha, yaiku mengaruhi kondhisi psikologise kurban lan nibakake pangancam.

Taman Udayana dadi papane Agus nglorobake kurban-kurbane. Dheweke ngulat-ulati wanita sing lagi leledhang ing ruang terbuka hijau kuwi. Sing diincer racake mahasiswi. Yen ana sing katon lagi galau, dening Agus banjur dicedhaki. “Sawise tetepungan, Agus  takon-takon  masalah pribadi apa sing lagi dialami calon kurbane kuwi. Dheweke ngaku saguh menehi solusi,” kandhane Syarif kaya sing dikutip saka Kantor Berita Antara.

Ora sethithik netizen sing ngira menawa Agus duwe ngelmu gendam kanggo nelukake atine wanita saengga calon kurbane ora rasional maneh. Buktine kurbane Agus nganti cacah 17. Yen ora duwe ngelmu khusus, sengara ana wanita sing gelem ngglanggati kekarepane  Agus. Ngenani anggepan iki penyidik durung menehi konfirmasi.

Pengacarane Agus, Aminudin, mbantah Agus nindakake rudhapeksa. Miturut Aminudin apa sing kedadeyan ing njero kamar penginepan karo M dudu kategori perkosaan, nanging padha dene senenge. Yen ora padha dene karep, mokal si wanita gelem nyopotake sandhangane Agus. “Merga kanthi kahanane sing winates iku Agus ora bisa nganggo lan nguculi sandhangane dhewe,” tuture Aminudin.

Pulisi nindakake reka ulang adegan (rekonstruksi) pakartine Agus marang M ing telung panggonan Mataram, NTB, Rebo (11/12/2024). (ANTARA/Khaerul)

Rebo, 11 Desember 2024 kepungkur pulisi nindakake reka ulang adegan (rekonstruksi) pakartine Agus marang M ing telung panggonan, ing antarane Taman Udayana lan home stay sing jarake 1 km. Saka telung lokasi reka ulang kuwi mung adegan ing njero kamar home stay nomer 6 sing ora oleh diliput dening wartawan. Mung wong-wong tinamtu wae sing diolehi mlebu. Manut Syarif Hidayat reka ulang iku wigati kanggo mepaki berkas pemeriksaan sadurunge dipasrahake marang jaksa penuntut umum.

Humas Kejaksaan Negeri Nusa Tenggara Barat Efrien Saputra ngandharake jaksa penuntut umum lagi nliti berkas perkara kekerasan seksual mau. Jroning berkas perkara sing dipasrahake pulisi, materi kasuse isih kang tumanduk marang M.  

Pulisi, kandhane Efrien, wis nindakake penyerahan tahap kedua berkas perkara mau menyang kejaksaan. Tegese, berita acara pemeriksaan sarta Agus sing maune ditangani pulisi, saiki ganti dioper marang jeksa kanggo persiapan sidhang pengadilan. “Yen berkas perkarane wis dinyatakake komplit dening jaksa penuntut, secepete dilimpahake menyan Pengadilan Negeri supaya disidhangake,” kandhane Efrien marang Kantor Berita Antara, Senen, 23 Desember 2024.

***

Panulis: KSW
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital
Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *