Pangarep-arep Anyar saka Becak Listrik

Ing umure sing wis ngunduri tuwa, dalan rejeki lumarap marang Satiman (63 taun). Warga Desa Bulusari, Kecamatan Gandrungmangu, Kabupaten Cilacap, Jawa Tengah iku antuk peparing becak listrik saka Presiden Prabowo Subianto kang disalurake liwat Yayasan Gerakan Solidaritas Nasional (YGSN). Becak listrik kuwi ngganteni becak onthel kang dipancal wiwit dheweke umur 30’an. Nalika isih narik becak konvensional taun 80’an, Satiman ngaku entuk-entukane cukup kanggo nempur beras

“Wektu kuwi sedina bisa ngemot penumpang kaping 10 nganti 20. Merga angkutan umum jarak dekat durung akeh. Uwong isih seneng numpak becak,” tuture Satiman durung suwe iki. Sairing karo lumakune wektu, sarana transportasi ngalami kemajuan. Kendharaan pribadi uga wimbuh akeh. 

Kahanan mau otomatis nyuda pengasilane tukang-tukang becak, klebu Satiman. Lha piye, wong penumpang becake sansaya langka. Uwong pilih numpak ojeg online sing luwih cepet.  Ing sisih liya, ragane uga tambah ringkih. Ora bisa akas digawe nggenjot kaya 30 taun kepungkur. “Saiki entuk Rp 50.000 sedina wis apik,” ujare.

Pangarep-arep anyar tinarbuka nalika dheweke kapilih minangka salah sijine tukang becak lansia sing antuk bantuan becak listrik saka Presiden Prabowo. Satiman optimis kanthi becak listrik penumpange bakal bali akeh kaya dhek jaman jaya-jayane becak konvensional taun 80’an. “Numpak becak listrik rak luwih cepet tekan ngenggon, tur mbokmenawa akeh sing penasaran kepengin nyoba,” tuture Satiman.

Beda karo Satiman, Suradi (68 taun) bungah nanging kuwatir nalika oleh jatah becak listrik. Bungahe, ana pangajab anggone nyambut gawe ora rekasa kaya dhek isih mancal pedhal becak onthel. Kuwatire, aja-aja lengganane ora gelem maneh numpak becak listrik. Biyen nalika isih mancal becak konvensional, nadyan lon-lonan nanging penumpange seneng merga bisa karo ngresepi swasana. 

“Yen saiki dikon pindhah numpak becak listrik apa lenggananku gelem?” ujare Suradi sing saben dina mangkal ora adoh karo Alun-alun Cilacap kuwi.

Wakil Ketua YGSN Nanik S. Deyang ngandharake, bantuan becak listrik kang disalurake ing Cilacap gunggunge 180 unit. Saka cacah semono mau, 80 unit disalurake ana wilayah Sidareja, dene 100 unit kanggo Kota Cilacap. Kabeh ditampakake marang tukang becak kang umure sandhuwure 60 taun.

Sadurunge dicekeli becak listrik, tukang-tukang becak konvensional iku digladhi carane numpaki luwih dhisik. Dadi ora langsung diserahne. Nanik sumelang bakal timbul kacilakan-kacilakan yen becak-becak listrik iku dipasrahake marang wong-wong sing durung “mahir.” Luwih-luwih sebageyan gedhe tukang becak konvensional lagi sepisan kuwi weruh becak listrik.

 Mungguhe Nanik, sapa-sapa sing diwenehi becak listrik ora diseleksi ketat. Bakune tukang becak iku isih aktif makarya lan umure wis lansia, utamane 70 taun mendhuwur. Nanik kandha, pengadaan becak-becak listrik iku saka dhuwit pribadine Presiden Prabowo. Dadi ora dijupukake saka anggaran pemerintah. Becak listrik siji regane Rp 22 juta.

“Presiden Prabowo kepengin tukang-tukang becak kang wis lansia mau ora sansaya rekasa ing dina tuwane. Becak listrik bisa ngentheng-enthengake anggone nyambut gawe,” kandhane Nanik, Jumuah, 5 Desember 2025.

Nanik nyritakake, bantuan becak listrik iku ora digagas ujug-ujug. Nanging wis dadi ancase Prabowo wiwit panjenengane njabat Menteri Pertahanan. Miturut Nanik, nalika tindak lawatan menyang dhaerah lan pirsa tukang-tukang becak lansia isih pethengkisan mancal, Prabowo welas atine. Panjenengane ngrancang dhewe modhele becak listrik banjur dipesenake panggawene marang pihak katelu.Prabowo narget ewon becak listrik bisa diprodhuksi lan sabacute disalurake satahap-mbaka satahap menyang kutha-kutha sa-Indonesia sing isih akeh tukange becak. Kanthi nyekel becak dhewe, wong-wong mau ora perlu ngetokake dhuwit sewan becak Rp 5.000 sedina. “Presiden Prabowo banget migatekake nasibe kawula cilik,” ujare Nanik. (Antara/Sumarwoto)

Panulis : Antara/Sumarwoto
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *