Panggonan Wingit 2: Miss K, Ruharane Apartemen Wingit ing Surabaya

Wis dudu barang mokal maneh yen filem horor banget digandrungi dening sadhengah masarakat Indonesia. Wis dadi sega jangan. Ateges yen ora horor, nonton dadi kurang mak nyus.

Apamaneh yen judhule sinartan tembung ‘angker’ apa dene ‘wingit’. Mesthi wae filem kuwi nyritakake panggonane bangsa alus kang siyaga nebar teror tumrap sapa wae kang mecaki panggonan kuwi. Lire salah siji filem horor kang lagi anget iki. Juduhule yaiku Panggonan Wingit 2: Miss K.

Panggonan Wingit 2: Miss K minangka filem horor kang dadi seri kapindho saka filem kanthi Panggonan Wingit kang wis tayang taun 2023 (tembus 1.8 yuta panonton). Kaya dene filem sepisanane, filem iki isih disutradharani dening Guntur Soeharjanto.

Senajan minangka seri kapindho, lakone filem Panggonan Wingit 2: Miss K ora mbacutake filem sadurunge. Antarane filem Panggonan Wingit lan Panggonan Wingit 2: Miss K nduweni alur beda. Ateges para maos bisa nonton filem sing kapindho tanpa nonton filem iki langsung tanpa bingung ngenani alur critane. 

Njupuk setting wektu taun 1998, filem iki nyeritakake sawijining apartemen wingit ing Surabaya—sebut wae “Apartemen S”—kang dienggoni dening Alma (Cinta Laura) lan Mia (Callista Arum) kang bubar boyongan saka Jakarta krana urusan nyambut gawe.

Pengurus apartemen wis andum pepacum tumrap pengunjung yen ora kena mlebu kamar 610 ing lantai 6. Sebab kamar kuwi isih direnovasi. Tur lawange ya gembokan. Nanging nuju salah sawijining wektu, ana sawijining alasan kang meksa Alma lan Mia kudu mlebu kamar kuwi. Eman, sebab kekarone kudu nrajang pepacuh kang wis dikandhakake dening pengurus apartemen.

Samlebune ing kamar 610, Alma lan Mia ketemu wanodya abusana putih kanthi rambut dawa (waca: kuntilanak penunggu kamar 610). “Patang dina, magrib”, mangkono ukara kang kocap dening wanodya kuwi marang Alma lan Mia. Kekarone banjur tunggang langgang nggeblas ninggalake kamar kuwi.

Bebasan ngenteni mbledhose bom. Unen-unen “patang dina, magrib” kuwi mratandhani yen sapa ae sing bubar ketemu wanodya kuwi bakal nemoni palastra kanthi ‘nggegirisi’ ing dina kapapat wektu magrib.

Kaya dene kang wis dialami kurban-kurban sadurunge. Alma lan Mia kang bubar konsultasi mrana-mrene bab kedadeyan iki nuli ngupayakake supaya terore kuwi ora nganti dumadi marang kekarone.

Senajan ta judhule tumuju marang sawijining panggonan kaya dene kang sinebut ing judhule, para penonton uga bakal dijak ngulandara menyang sawernane papan ing Jawa Timur. Salah sijine gunung Bromo. Kejaba saka kuwi, filem iki uga bakal nyuguhake pasugatan beksan topeng gagrag Malang ing sawijining adegane. Filem iki wis kaputer ing bioskop saindenge Indonesia wiwit dina Rebo, 25 Desember 2024. O ya, mbokmenawa para maos kepengin wruh cuplikane filem iki, bisa kanthi nonton trailer-e lumantar pranala iki: https://youtu.be/_tPATdOd8aw. Penasaran kelawan crita jangkepe Alma lan Mia ing filem Panggonan Wingit 2: Miss K? Mangga sami mirsani.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *