Panjebar Semangat kinarya kalawarti kang setya tuhu nggandheng lakune donyaning pawiyatan luhur. Jalaran suguhan-suguhan sajrone Panjebar Semangat mesthi bae ginayut karo darmane mahasiswa lan dhosen jurusan basa Jawa sadawane ngambah marganing akadhemis.
Saben edhisi sing diterbitake ora ngemungake marang suguhan populer abasa Jawa. Nanging kalawarti Panjebar Semangat mujudake sarana tumrap mahasiswa lan dhosen kanggo mawas kepriye basa, sastra, lan budaya Jawa terus urip ing bebrayan Jawa lan satengahe gempuran jaman.

Darni, ya guru besar sastra Jawa kang uga tinanggenah minangka dhosen Jurusan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya (Unesa) ngaku saben taune mesthi bae ngajak mahasiswane supaya lengganan kalawarti Panjebar Semangat. Saben mahasiswa utawa ora ketang gandhengan rong mahasiswa kapurih supaya lengganan Panjebar Semangat saben minggune. Saengga akses marang Panjebar Semangat isih kajaga.
Mungguhing Darni, Panjebar Semangat ing donyaning pawiyatan luhur bisa dadi wahana kanggo (1) ngasah katrampilan nulis, (2) bahan piwulang, lan (3) objek panliten. Pindha dene prodhuk seni sadurunge munggah pameran, karya sastra Jawa sing arupa fiksi, guritan, apa dene macapat uga mbutuhake proses kurasi. Nah proses ngasah katrampilan nulis bakune kudu nggatekake babagan proses kurasi iki.
Proses kurasi ing meja redhaksi Panjebar Semangat wigati kanggo nenimbang kuwalitas karya sastra Jawa babagan ‘pantes’ tur ‘mentes’ sadurunge dipublikasekake. Yen isih tinemu kurange, utawa durung ginayuh babagan ‘pantes’ lan ‘mentes’, karya sastra Jawa kasebut bakal ‘dibalekake’ dhisik menyang penulise kanggo didandani luwih dhisik.
Sawise didandani, karya sastra Jawa kasebut bisa dikirim menyang pehak redaksi kanggo sabanjure diseleksi lan direvisi maneh dening redaktur. Nah, lekas karya sastra Jawa sing kirimane panulis kuwi bisa disuguhake menyang pamaca lumantar kalawarti Panjebar Semangat.
Proses kurasi iki dadi bageyan wigati kang wus dileksanani turun-temurun wiwit jaman mbiyen. Tur iki sing agawe Panjebar Semangat madeg jejeg lan tetep jinaga kuwalitase sasuwene puluhan taun jinejer minangka sesuluhe bebrayan Jawa.
“Mahasiswa jurusan basa lan sastra Jawa bisa nekseni langsung kepriye prosese sawijining karya sastra Jawa ngliwati tahap kuratorial iki, saengga ora mung sinau nulis wae, nanging uga mahami standar kuwalitas sajrone panerbitan karya sastra Jawa sing sejatine,” katrangane Darni babagan ngasah katrampilan nulis sastra Jawa mungguh mahasiswa.
Mungguhe Darni, Panjebar Semangat nduweni potensi kang strategis minangka bahan piwulang ing pawiyatan luhur. Rubrik-rubrik sing ngemot crita fiksi, guritan, macapat, engga artikel populer bisa didadekake bahan piwulang sajrone kelas kuliyah.

Mula mahasiswa basa Jawa saliyane bisa sinau babagan teori sastra saka buku, uga bisa ndeleng kepriye karya sastra Jawa urip ing media cethak kang isih aktif nganti seprene, ya lumantar kalawarti Panjebar Semangat kuwi. Anane kalawarti Panjebar Semangat tumrap dhosen bisa dadi tambahing kaskayaning materi kuliyah sebab bisa nyedhiani teks aktual kang bisa ditintingi utawa dianalisis.
Saka rubrik fiksi, mahasiswa bisa sinau teknik nulis naratif abasa Jawa, saka guritan, mahasiswa bisa ngasah katrampilan apresiasi puisi, dene rubrik macapat bisa digunakake kanggo ngecakake modhel pasinaon nembang.
Mahasiswa bisa nggunakake materi sajrone majalah Panjebar Semangat minangka objek panliten kanthi maneka werna metodhe. Sajrone mata kuliyah kritik sastra, upamane, teks fiksi apa kuwi cerkak, cerbung, roman remaja, wacan bocah, bisa katliti struktur, lelewane basane, lan wos kang kinandhut.
Ancangan sing digunakake bisa dislarasake karo punjer sing pinujul/onjo (dominan) sajrone karya sastra kasebut, kaya dene sosiologi sastra, psikologi sastra, sastra feminisme, sastra bandhingan lan sapanunggale.
“Kanthi mangkono, Panjebar Semangat kang uga minangka treteg panyambunge sastra Jawa lan donyaning pawiyatan tundhone kanggo nggathukake teori akadhemik kalawan praktik nyata ing lapangan,” ujare Darni nandhesake babagan Panjebar Semangat minangka bahan piwulang sajrone kuliyah.
Ngrembug praktik sajrone lapangan, Panjebar Semangat uga didadekake bahan piwulange guru basa Jawa nalika mulang ing sekolahan. Mula mahasiswa jurusan basa Jawa minangka bibite guru basa Jawa tembene, dijak kawitan awal wanuh karo Panjebar Semangat. Pangajabe, nalika ing kelas mbesuk bisa nggayutake materi-materi tekstual kang asumber saka media kang kredibilitase nyata.
“Materi-materi kang kaimpun sajrone Panjebar Semangat sabanjure bisa didadekake dening guru basa Jawa minangka panjurung pasinaon basa Jawa kang kadhapuk saka patang katrampilan yaiku nulis, maca, nyemak, lan micara.”
***
Kanggo pahargyan 92 taun iki, Panjebar Semangat uga katut nyoroti sawijing mahasiswa Jurusan Basa lan Sastra Jawa, Unesa angkatan 2023 karan Dyah Puspita Ningrum. Dyah ngaku yen gedhe minate tumrap bidhang panulise sastra Jawa. Cerkak lan guritan kang dadi favorite.

Kenya asal Nganjuk kuwi ngandhakake lamun nulis karya sastra Jawa arupa apa wae kuwi pancen mbutuhake proses sing dawa. Dadi ora bisa arep-arep sepisan kirim langsung kepacak, apamaneh tumrap panulis sing isih sinau.
Karya sepisanane Dyah sing arupa roman remaja nembe kepacak ing taun 2025 iki, senajan naskahe wis kakirim taun wingi. Saka pengalaman iki, Dyah yakin lamun redhaktur Panjebar Semangat tansah mbudidaya njaga kuwalitas karya sastra Jawa kang dipacak.
Sadurunge roman remajane sing judhule “Kanggeg” sepisanan kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi 35 taun 2025 kuwi, Dyah uga wis tau nyoba ngirim karya-karyane, nanging isih durung ana tengara bakal katampa apa ora. Dyah ngrumangsani lamun standar dhuwur kasebut kang agawe saben karya perlu ngliwati proses kurasi rapet sajrone Panjebar Semangat.
Dyah uga nambahake lamun prinsip dhasar kang kudu diduweni dening penulis sing isih sinau yaiku ngakeh-akehi maca. “Tak kenal maka tak tayang. Panulis kudu luwih dhisik kenal Panjebar Semangat. Kepriye gaya tulisane, lelewane basane, kaskayane tetembungane, sarta substansine,” tambahe Dyah. Mungguhing Dyah, pakulinan maca iki kang dadi gegaman utamane sadurunge nulis. Mesisan iki kang dadi cara kanggo nylarasake dhiri marang standar kuwalitas kang dijaga dening Panjebar Semangat sasuwene puluhan taun madege iki. Blaka wae Dyah ngandhakake lamun kapacake karya sepisanane ing Panjebar Semangat kuwi sabanjure bakal dadi pamecut kanggo terus makarya sastra Jawa nganti dina tembe.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







