Papan Wiyosane Bung Karno: Surabaya apa Jombang

Muncul panemu anyar saka komunitas Titik Nol Soekarno  menawa Bung Karno dilairake ing Jombang, Jawa Wetan. Suprandene pamarentah wis ngakoni menawa presiden kapisan Republik Indonesia kuwi miyos ana Surabaya. Garwa, lan putra wayahe Bung Karno ora ana sing kabotan marang katetepane pamarentah mau.

Pengunjung nyawang lukisan Bung Karno karyane Basuki Abdullah jroning pameran “Arsip Gagasan yang Tercetak: Bung Karno dalam Visual” ing  Rumah Pohan Kota Lama, Semarang, Rebo, 18 Juni 2025. (Foto: Antara)

Ora sethithik panyinau sejarah sing kandha lamun Sukarno mono manungsa langka. Samobah-mosike narik kawigaten kanggo disurasa. Periodhe-periodhe ing panguripane, kawit miyos nganti kapundhut, ora entek ditulis saka maneka sudut pandang jalaran pancen beneh karo tokoh-tokoh liyane. Wiwit Sukarno minangka manungsa lumrah, pelajar, aktivis pergerakan, seniman, politikus, nganti presiden. 

Kepara panguripan pribadine kang flamboyan, sarta mitos-mitos kasektene,  kabeh tansah ngundang rasa penasaran. Sukarno sing kontroversial, dhestun pindha wesi sembrani kang daya tarike kuwat banget. Cekake wiwit A nganti Z, crita ngenani Sukarno duwe daya pikat tumrap sapa wae. Ing sugenge Sukarno , mbokmenawa malah nganti saiki, akeh pendhereke sing ‘mengkultus individukan’ panjenengane. Bebasan pejah gesang ndherek Bung Karno. 

Panalti Bung Karno, Kuncarsono Prasetyo mratelakake, wiwit lair ceprot Bung Karno mula wis dadi kontroversial. Ora tinemune bukti dhokumen otentik ngenani kelairane, njalari timbule pandhaku-pandhaku ngenani papan miyose. Seprene ana keyakinan yen Bung Karno lair ing Surabaya. Keyakinan kuwi didhasarake dening asil panalitene sejarawan Peter A. Rohi. Dheweke ngrujuk marang maneka dhokumen, antara liya berita surat kabar taun 1930’an, rekaman sesorahe Bung Karno, sarta manuskrip-manuskrip.

 Nanging Surabaya dudu siji-sijine. Merga klompok-klompok pengkaji sejarah liyane uga duwe landhesan menawa Bung Karno miyos ing Blitar, Tulungagung, Kediri lan Jombang. Malah ana uga sing nduga Sukarno lair ana Sidoarjo lan Mojokerto. Endi sing bener? 

Pamarentah dhewe, ngrujuk marang asil panalitene Peter A. Rohi sing ora dibantah dening putra-putrane Bung Karno, wekasan ngakoni lamun Presiden Indonesia kapisan kuwi miyos ing kampung Pandean, Surabaya 6 Juni 1901. Sok ngonowa ora ateges kontroversi mau mendha. Durung suwe iki Binhad Nurrohmat, panliti sejarah asal Jombang sing uga ketua komunitas Titik Nol Soekarno, mratelakake yen satemene Bung Karno miyos ana Desa Rejoagung, Kecamatan Ploso, Kabupaten Jombang, 2 Juni 1902.

Ucape Binhad diundha jrone seminar kanthi tema “Jejak Tokoh Bangsa di Jombang” ing Alun-alun Jombang, Oktober 2024. Jrone seminar sing ngundang pemateri panliti Bung Karno, Roso Daras, lan sejarawan, Anhar Gonggong,  Binhad ora waton omong. Dheweke nuduhake bukti-bukti sing diyakini otentik minangka sumber primer, ditambah katrangane tokoh-tokoh kunci minangka sumber skundher.

Binhad nuduhake tulisan tangan ramane Sukarno, Soekeni Sosrodihardjo, sarta beslit pindhah tugas kang diteken pejabat kawogan pamarentah Hindia Belanda. Ing beslit iku kacetha Soekeni dipindhah tugas menyang Ploso minangka mantri guru (kepala sekolah) 1901-1907. Nalika kuwi Jombang isih mlebu wilayah region Surabaya. Binhad uga nuduhake dhokumen Institut Teknologi Bandung (ITB) sing nyatakake Sukarno lair 2 Juni 1902.

Sasuwene nlusuri sejarahe Bung Karno ing Ploso, Binhad ngaku wis ngumpulake katrangan saka wong-wong pinercaya. Wong-wong sing ditemoni iku, kandhane Binhad, anak turune wong-wong sing biyene tau srawung karo Soekeni. Binhad nuduhake foto omah sing diyakini tau dipanggoni Soekeni sasuwene dhines ana Jombang. Nanging samengko omah ing Gang Buntu, Rejoagung, iku wis ora ana. Sing kesisa kari pondhasine, tilas jedhing, lan sumur. “Omah kuwi ambruk taun 2013, nanging tabete isih bisa didelok,” ujare Binhad.

Tilas gedhung sekolah angka loro ing Rejoagung, sing miturut dheweke tau kanggo sekolah Bung Karno, ora luput saka panlusurane Binhad. Suprandene gedhung sekolah kuwi saiki kari awujud runtuhan. Njenggelege wis ora ana.

Binhad iya nuduhake fotone sawatara pawongan sing pose ana sangarepe omahe Soekeni. Salah sijine pawongan sing pose kuwi Cindy Adam, wartawati Amerika sing uga panulis buku biografine Bung Karno asesirah Penyambung Lidah Rakyat. Miturut Binhad foto kuwi dijepret taun 1964. Dheweke ngaku wis nemoni sawatara pawongan sing isih sugeng ing foto iku. Katrangane wong-wong kuwi, ujare Binhad, klop karo kanyatan. Mula adhedhasar fakta-fakta sing ditemokake mau, Binhad saya percaya lamun Bung Karno miyos ing Jombang, 2 Juni 1902.

Anhar Gonggong kandha panalitene Binhad sakanca pantes didadekake referensi anyar awit nggunakake sumber primer lan skundher, yaiku dhokumen ITB, arsip nasional, lan sumber-sumber lisan. Manut Anhar panaliten ngenani Bung Karno sasuwene iki akeh ditindakake ing Surabaya. Mangka Bung Karno piyambak ora kanthi tegas ngendikakake bab papan wiyosane.

 Ewasemono ora ateges asil panalitene Binhad iku nggugurake asil panaliten sing luwih dhisik ana. “Asil panalitene Binhad pantes diwartakake marang masyarakat minangka referensi anyar,” tuture Anhar dikutip saka kompas.com.

Sarinah ing Tulungagung

Kutha liyane sing disebut minangka panggonan miyose Bung Karno yaiku Tulungagung. Kuncarsono Prasetyo ngandharake, Tulungagung katut disebut-sebut kasebab dening artikel ing koran Walanda edhisi taun 30’an awal sing nduweni panduga  Bung Karno lair ana wewengkon Jawa Timur iring kidul kuwi. “Nanging koran Walanda iku ora mrinci bukti-buktine, mung adhedhasar pangira,” ucape Kuncarsono.

Saka literatur kang disinau, Sukarno pancen tau manggon ana Tulungagung sadurunge umur 6 taun. Nanging ora tinemu dhokumen sing mikuwati pandugane koran Walanda mau. Sing ana arupa bukti menawa Sukarno kober manggon Tulungagung lan diemong dening simbahe kakung-putri, Raden Hardjodikromo lan garwane. Jrone  Penyambung Lidah Rakyat, simbah saka pihak bapak mau njaluk amrih Sukarno dititipake ing daleme wae sasuwene Soekeni pindhah tugas. 

 “Nalika semana aku isih bocah, Simbah Putri ngendika: Titipna bocah kuwi marang aku, aku sing ngemong,” kandhane Bung Karno ing buku kasebut.

Urip ing daleme simbahe ing Tulungagung, Sukarno ora diuja ing reh bandha donya. Nanging dheweke ora kekurangan boga lan wastra. Merga eyange duwe usaha kain bathik sing bisa digondheli kanggo cagak urip. “Saora-orane panjenengane bisa menehi aku mangan saben dina,” tuture Bung Karno.

Ing buku liyane mawa irah-rahan Sarinah (1947), sasuwene manggon ana daleme eyange, Sukarno diemong dening babu  aran Sarinah. Sukarno ngaku Sarinah ngemong dheweke kanthi kebak sih katresnan. Saka Sarinah uga Sukarno diajari carane nresnani wong cilik. “Dheweke satemene uga wong cilik, nanging bebudene banget gedhe. Muga-muga Gusti males kabecikane Sarinah,” kandhane Bung Karno.

Bung Karno ngakoni Sarinah wis nginspirasi ing sadhengah tumindake. Saka Sarinah Bung Karno duwe krenteg ngajak kaum wanita mlebu donyaning politik sarta melu berjuwang. Mungguhe Bung Karno, wanita ora kena disepelekake awit nyimpen potensi gedhe ing tengahe masyarakat. Lan buku Sarinah ajeg digawa Bung Karno uger menehi kursus politik marang kaum wanita nalika ibu kota negara pindhah menyang Yogyakarta. 

“Rong minggu sepisan aku nganakake kursus politik marang kaum wanita. Eman banget bab wanita iki durung bener-bener disinaoni dening pergerakan kita. Manut panemuku, wanita kudu sacepete dipopulerake sawise kita mroklamirake kamardikan,” kandhane Bung Karno.

Tanggal 26 Pebruari 2018 kepungkur Puti Guntur Soekarno, wayahe Bung Karno, jiyarah menyang pasareyane canggahe, Raden Hardjodikromo, ing Kelurahan Kepatihan, Tulungagung. Puti ora selak menawa Raden Hardjodikromo asli wong Tulungagung. Saengga yen diurut sarasilahe mendhuwur, Bung Karno isih kenggonan getih Tulungagung.

“Tulungagung kena diarani oyode kulawargaku. Ing kene ana pasareyan eyange Bung Karno, yaiku Raden Hardjodikromo, ramane eyang buyut Soekeni Sosrodihardjo,” kandhane Puti sing uga putra putrine Guntur Soekarnoputra.

Tabet-tabet ing Surabaya

Tanggal 30 Juni 2025 kepungkur dianakake kajian publik ing Alun-alun Surabaya kanthi tema “Menelusuri Jejak Bung Karno di Surabaya, Dari Pustaka Hingga Arsip: Aku Iki Jik Arek Surabaya. Pancet.” Kegiyatan kang digelar dening RRI Surabaya iku mengku karep ngandelake keyakinan bab kelairane Bung Karno ing Surabaya.

Kajian publik ngenani Bung Karno arek Suroboyo kang digelar dening RRI Surabaya. (Foto pero: Begandring)

 Nara sumber jroning kajian publik mau dumadi saka Ketua Dewan Pakar Memori Kolektif Bangsa Arsip Nasional Republik Indonesia (ANRI) Mukhlis Paeni, dhosen Departemen Ilmu Sejarah Unair Samidi lan anggota komunitas Begandring Yayan Indrayana. 

Binhad uga teka ing dhiskusi kasebut. Dheweke njaluk kabeh pakar sejarah jujur marang apa sing ditemokake. Binhad tetep ngukuhi panemune menawa Bung Karno lair ing Jombang kanthi bukti arupa dhokumen ITB lan beslit surat pindhahe Soekeni. “Yen kita dijaluk jujur karo sejarah, ateges sapa wae uga kudu jujur yen tinemu bukti anyar,” kandhane Binhad.

Yayan nuturake sregep ngumpulake kliping surat kabar-surat kabar lawas kang macak beritane Bung Karno. Surat kabar kang diarsip Yayan utamane terbitan taun 30’an, awit ya edhisi taun semono mau sing isih bisa ditemokake. Sangisore taun 30’an wis langka banget. “Saka kliping-kliping kuwi ana sambung rapete antarane Bung Karno karo Surabaya. Uga ana panyebutan Bung Karno lair ana Surabaya,” kandhane Yayan.

Saliyane klipingan surat kabar, Yayan iya ngluru dhokumen awujud tulisan saka National Archief Belanda, Perpustakaan Bung Karno, kepara buku nikahe Bung Karno klawan Haryatie. Dhokumen liyane arupa vonis pengadilan kolonial Belanda tanggal 26 Mei 1931 lan paspor.

Sauntara kuwi Mukhlis Paeni nuturake dhokumen ‘paling tuwa’ ngenani laire Bung Karno sing disimpen Arsip Nasional yaiku saka pamarentah Jepang taun 1943. Ing kono Bung Karno nulisake laire ing Surabaya 6 Juni 1901. “Iki dhokumen sing banget wigati, jalaran Sukarno nulis dhewe ngenani kutha kelairane jangkep karo tanggal, sasi lan taune. Iki bukti kuwat,” kandhane Mukhlis.

Dhokumen resmi kapindho sing mikuwati dhokumen Jepang mau yakuwi rikala jisime Bung Karno bakal disarekake ing Blitar, 21 Juni 1970. Sadurunge pametaking layon, pamarentah lumantar pejabat sekretariat negara macakake riwayat sugenge Bung Karno, yaiku miyos ing Surabaya tanggal 6 Juni 1901. “Arsip sekretariat negara kuwi saiki disimpen ana gedhung ANRI,” ujare Mukhlis.

Tumrap Mukhlis dhokumen data sejarah luwih dhuwur ajine tinimbang tembung ‘jarene.’ Sadurunge dhokumen data sejarah mau ditemokake, sapa wae bisa duwe panemu ngenani papan kelairane Bung Karno. Nanging sawise data otentik kuwi ditemokake, sarta wis diklarifikasi kesahihane, tembung ‘jarene’ lan ‘jarene’ mau ora duwe teges apa-apa.  “Ayo kita kabeh kanthi eklas lan dhadha jembar ngakoni yen Bung Karno miyos ing Surabaya,” kandhane Mukhlis.

Miturut Mukhlis dhokumen resmi loro mau mung saperangan saka togal 43 dhokumen kredhibel ngenani riwayate Bung Karno. Kabeh nyebutake Bung Karno lair ana Surabaya.  Dhokumen-dhokumen iku samengko disimpen ana gedhung ANRI. Sejene dhokumen kang arupa tulisan apadene foto, ana uga rekaman swarane Bung Karno kang lagi sesorah nganggo dhialek Suroboyoan sing kethel ana sangarepe mahasiswa Unair Surabaya akhir 1959.

Ing pethilan swara mau Bung Karno sesorah: “Dan ada lagi satu kesalahan level. Dikatakan tadi saya ini bekas arek Suroboyo. Lho, aku iki jik arek Suroboyo. Pancet.”

Kuncarsono Prasetyo ngandharake, yen rekaman audio iku diputer kanthi wutuh, konteks sesorahe Bung Karno mau nanggapi atur pambukane Rektor Unair wektu kuwi. Rektor nyenggol Bung Karno minangka mantan warga Suroboyo. “Bung Karno sing wis dadi presiden, ngoreksi sesorahe rektor. Ing kono cetha menawa Bung Karno isih minangka wong Surabaya,” kandhane Kuncarsono.

***

Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Admin Panjebar Semangat
Admin Panjebar Semangat
Articles: 10

3 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *