Walikota Surabaya Eri Cahyadi kepareng ngresmekake Pasar Karah Baru dina Senen kepungkur (23/12/2024). Pasar tradisional kanthi konsep modern ksb saikine tambah resik, nyaman lan tumata apik.
Walikota Eri Cahyadi mratelakake, Pasar Karah Baru mujudake pilot project pasar tradisional kang nduweni konsep modern ing kutha Pahlawan.

“Dak ajab kabeh pasar ing Surabaya ya kaya ngene iki (modern). Dadi mengko ing taun 2025, 2026 lan 2027, kita wiwit ngetung (gunggunge) pasar, saengga mengkone kabeh bakal kaya iki,” ujare Walikota Eri Cahyadi.
Walikota Eri ora pengin pasar tradisional ing Surabaya iku njejember, reged, lan penguk. Mula saka iku, ing tembe Cak Eri duwe rencana ngowahi siji mbaka siji stigma pasar tradisional ing Surabaya iki dadi pasar modern.
Pasar Karah Baru nduweni patang zona sing kapisah. Ing zona kapisan ana pasar kering, banjur ing zona kapindho ana pasar basah, ing zona katelu ana panggonan khusus adol jajan pasar, lan ing zona papat ana warung siap saji.
Cak Eri njlentrehake, Pemkot Surabaya ora mung asal mbangun pasar modern. Cak Eri menehi conto kaya Pasar Karah Baru. Ing pasar iki, Pemkot nyedhiyakake kran banyu ing saben stan zona pasar basah . Tujuwane yaiku kanggo ngresiki saluran lan nglancarake isntalasi pengolahan banyu limbah.
“Nalika pasar wis tutup, petugas pasar mbukak krane, supaya (banyu limbah) sing mlebu menyang saluran iku bisa langsung mlebu IPAL. Dadi ora reged lan ora ngganda, amarga saben pasar iki tutup, mula petugas pasar kanthi otomatis muter kran-kran mau saengga banyune mili menyang IPAL, kuwi bedane pasar iki karo pasar liyane“ jelase Cak Eri.

Amerga Pasar Karah Baru dadi model pasar liyane, Cak Eri ngandhakake yen bakal nindakake evaluasi sajrone sawetara minggu mengko. Manut Walikota, Pasar iki isih mbutuhake tambahan ventilator, tujuane supaya swasana pasar ora panas banget, saengga sing blanja ing pasar iki saya krasa kepenak.
Mantan Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Kota (Bappeko) Surabaya kasebut njlentrehake, Pasar Karah nduweni kenangan sing kuat jroning pribadine. Cak Eri ngaku, wiwit isih cilik nganti mbangun bale somah, kerep blanja ing pasar Karah.
“Iki pasar kenanganku, amarga wiwit cilik aku blanjane ing Pasar Karah, alhamdulillah mau (isih ana bakul) sing nalika aku nikah lan tuku dolanan kanggo anakku isih ana (bakule). Dadi iki (Pasar Karah) ngelingake jaman cilikanku lan jaman biyen,” kandhane.
Sauntara iku, Kepala Dinas Koperasi Usaha Kecil, Menengah lan Perdagangan (Dinkopumdag) kutha Surabaya, Dewi Soeriyawati, ngandhakake, Pasar Karah Baru mujudake pasar sing dikelola dening Pemkot Surabaya kanthi naungan Dinkopumdag Surabaya. Sadurungé, para bakul Pasar Karah dodolane ing pinggire dalan Karah Agung I, lan ora duwé panggonan kang kepenak kanggo dodolan.
Saikine, sambunge Dewi, para bakul Pasar Karah wis dipindhah menyang panggonan sing luwih kepenak ing Pasar Karah Baru. Jumlahe bedhag sing disedhiyakake ing Pasar Karah Baru dhewe ana 230 stan.
“Kanggo bedhag ing zona kering ana 122, ing zona basah ana 48, ing zona jajan pasar ana 24, lan warung siap saji ana 30 bedhag,” ujare Dewi.

Salah sijine pembeli ing Pasar Karah Baru, warga Ketintang Wiyata, Indah, mratelakake, blanja saya krasa nyenengake amarga pasare resik. Biasane yen blanja ing pasar mesthi wegah amarga kahanane kang njejember lan reged.
Dene, salah sijine bakul Pasar Karah Baru, Juariyah, ngandhakake, kanthi anane pasar anyar iki dagangane tambah laris. Alesane, amarga Pasar Karah Baru luwih rame tinimbang Pasar Karah Lama. “Resik, penak, rame, malah rame (ing Pasar Karah Baru), insya Allah berkah. Wis ora kudanan maneh, uga ora kepanasan,” ujare.
Panulis: (d)***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







