Presiden Prabowo Subianto mertinjo sepur mligi petani lan pedagang ing Stasiun Manggarai, Jakarta, Selasa, 4 November 2025. Gerbong-gerbonge sepur iku katon luwih longgar yen dibandhingake karo gerbong KRL reguler. Bangkune cacah 73 ditata adhep-adhepan mepet gerbong. Gang antarane kursi sing adhep-adhepan mau bisa dienggo nyelehake dagangan asil bumi.
Tujuwan dilakokake gerbong sepur petani lan pedagang mau amrih penyaluran barang dagangan luwih cepet saengga ora rusak. Kanggo sauntara, sepur petani lan pedagang iku nglayani rute Rangkasbitung-Pelabuhan Merak, Banten. Jrone sedina, sepur iku mlaku budhal mulih kaping 14 dicocogake karo jam-jam aktivitase petani lan pedagang cilik.
Direktur Utama PT Kereta Api Indonesia Bobby Rasyidin nerangake, barang dagangan apadene komodhitas pertanian sing diemot ana sepur kasebut ora ditarik ongkos. Nanging tumrap penumpange tetep mbayar karcis sing regane klebu murah. Presiden Prabowo nambahake, kebijakan tarip layanan sepur kasebut disubsidi pemerintah, saengga cebloke rega karcis ora larang kanggo ukuran petani sarta pedagang. “Subsidine 60 persen,” ngendikane Prabowo.
Nadyan regane tiket miring, nanging standhar keslametan tetep diutamakake. PT KAI ngandharake, yen uji coba rute Rangkasbitung-Merak lancar, bakal dibacutake tekan Tanah Abang, Jakarta. Pemerintah ngajab layanan kuwi sansaya nggampangake mobilitase petani-pedagang ing wilayah Banten, utamane Serang, Lebak, lan Pandeglang ngedol asil tandurane. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







