Pemkot Surabaya nggawe langkah tegas kanggo ngatur parkir kanthi majibake sistem mbayar nontunai utawa digital nggunakake kertu dhuwit elektronik prabayar, kaya e-toll utawa e-money. Kebijakan iki bakal dileksanakake bertahap, diwiwiti saka panggonan usaha sing mbayar pajak parkir, banjur parkiran pinggir dalan umum (TJU), wiwit Januari 2026 iki.

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nerangake yen digitalisasi iki kunci utama kanggo nggayuh transparansi pengasilan.
“Kita wis aweh instruksi marang kabeh pengusaha sing narik parkir ing panggonane, yen sistem parkire kudu ganti dadi digital,” tandhese, Selasa kepungkur (9/12/2025).
Aturan iki ditrapake kanggo kabeh papan usaha ing Surabaya. Kanggone usaha anyar, sistem parkir digital dadi syarat wajib oleh ijin. Dene usaha sing wis lawas lan wis mbayar pajeg parkir, kudu langsung ganti sisteme dadi parkir digital.
Sistem parkir digital iki dibagi dadi rong pilihan yakuwi migunakake palang otomatis utawa mbayar nontunai liwat kertu e-toll utawa e-money. Langkah iki dijupuk adhedhasar pengalaman Pemkot Surabaya sing sadurunge nggunakake QRIS, sing njurung supaya nggawe strategi luwih mateng lan bertahap, diselarasake klawan kesiapan masyarakat lan petugas parkir.
“Ndhisik kita nyoba QRIS, tapi respone masyarakat mosok mbayar Rp5.000 ae nganggo QRIS, aluwung mbayar cash jarene. Mula, wusanane kita mutusake wiwit ngecakake nontunai kanthi bertahap, lan fokus ing pajeg parkir kanthi ngendelake e-toll,” jelase. Kanggo nyengkuyung suksese kawicaksanan iki, Pemkot Surabaya kerjasama karo Bank Mandiri kang bakal nyedhiyakake pirantine mbayar.
“Sawise kasil ngecakake sistem ing papan-papan usaha, sistem mbayar nontunai iki bakal dicakake menyang parkir pinggir dalan umum. Sosialisasi bakal ditindakake ing awal taun ngarep, kanthi pangajab sistem nontunai ing pinggir dalan wis bisa dilesaksanakake ing awal taun 2026, “ ujare.
Saliyane kuwi, Wali Kota Eri uga bakal ngecakake sanksi tegas. Sanksi iki ora mung kanggo operator sing nakal, nanging uga kanggo warga sing ora gelem nontunai.
“Aku ngajab anane kerjasama saka warga Surabaya. Yen sistem non tunai ditrapake, sing nolak nontunai bakal didenda. Kita ora kena padhadene nyalahake, aja nganti operator disalahake amarga ora digital, mangka warga dhewe sing nulak, alesane ora nggawa kertu, mbayar cash ae,” tandhese.

Wali Kota nandhesake kepatuhan lan dukungan aktif saka pangguna dadi kunci sukses digitalisasi.
“Nontunai iki intine kanggo aweh kejelasan marang petugas parkir amrih dhuwit sing ditampa iku jelas. Kanthi jelas hasile, dum-dumane uga bakal dadi transparan lan adil,” kandhane.
Wali Kota Eri yakin yen kebijakan iki bakal didukung penuh saka paguyuban parkir, amarga tujuane njaga kerukunan lan keadilan.
“Ing Surabaya iki ana Batak, Ambon, Jawa, Medura, Menado, Sumatera, kabeh golek rezeki. Aja nganti kita ribut amarga perkara rezeki. Insyaallah kebijakan iki efektif wiwit Januari 2026,” pamungkasé. (d)***
Panulis : Donny Toenggoel
Edhitor : Donny Toenggoel







