Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nambah gunggunge sing nampa Beasiswa Pemuda Tangguh minangka bagian saka kabijakan redistributif ing bidang pendidikan. Yen sadurunge program iku mung nggayuh 3.000-nan mahasiswa, saiki jumlahé tambah akeh dadi 24.000 mahasiswa pra-sejahtera ing Kota Pahlawan.
Tumangkare program iki ora mung nargetaké mahasiswa Perguruan Tinggi Negeri (PTN), nanging uga mahasiswa Perguruan Tinggi Swasta (PTS). Komitmen waratane akses ksb kanthi pratandha penandatanganan Nota Kesepahaman (MoU) antarané Pemkot Surabaya karo sawetara perguruan tinggi ing Lobby Balai Kota Surabaya, Kemis (5/2/2026).
Program Beasiswa Pemuda Tangguh dirancang kanggo mbébasaké biaya kuliahé mahasiswa saka keluarga pra-sejahtera supaya bisa nerusaké studi tanpa kuwatir masalah mbayare. Bantuan sing diwènèhaké dumadi mbayar Uang Kuliah Tunggal (UKT) utawa SPP kanthi full, uga dhuwit sangu saben wulan kanggo ndhukung kabutuhan akademik lan aktivitas kuliah.

Salah sawijining penerima manfaat program iki yaiku Nabila Aura Fariska, mahasiswi Program Studi Manajemen ing Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Mahasiswi saka Kecamatan Tambaksari Surabaya iku kandha yen program beasiswa iki nduwé pengaruh gedhé kanggo bacutan kuliahé.
“Seneng banget amarga mbantu mbayar UKTku supaya bisa kuliah,” ujare Nabila, Rebo (11/2/2026).
Nabila nyritakake kondisi ékonomi keluargané sasuwene iki dadi tantangan utama kanggo nyukupi biaya kuliah. Bapaké sawijining sopir ojek online, ibuné dadi ibu rumah tangga biasa, saengga pametune keluarga mung cukup kanggo mbayar kuliah saben semester.
“Amarga bapakku mung tukang ojol lan ibuku ibu rumah tangga biasa, cukup angel kanggo mbayar saben semestere,” kandhané.
Miturut Nabila, Beasiswa Pemuda Tangguh ora mung nyuda beban biaya kuliah, nanging uga menehi rasa aman sacara finansial sasuwene kuliah. Dhèwèké nganggep bantuan iki banget mbantu kanggo kabutuhan akademik apadene kabutuhan padinan minangka mahasiswa.
“Gedhé banget (manfaaté). Amarga UKT dibayar lunas, uga diwènèhi dhuwit sangu saben wulan kanggo ndhukung kegiatan kuliah saben dinane,” tuture.
Malah, sadurungé nampa beasiswa iku, Nabila tau ngalami tekanan psikologis kanthi ora arep nerusaké kuliah. Iki amarga gagal oleh bantuan pendidikan liya sarta winatese biaya keluarga.
“Tau kepikiran ora kuliah amarga wektu iku ora ditampa KIP (Kartu Indonesia Pintar), dadi kudu golek beasiswa liyané. Tapi untungé ana Beasiswa Pemuda Tangguh sing mbantu aku bisa kuliah,” ujare.
Sawisé resmi dadi penerima Beasiswa Pemuda Tangguh, Nabila kandha luwih ayem amarga ora ana manèh kuatir ora ana biaya kuliah. “Seneng, amarga ora ana beban biaya sing kudu ditanggung,” tuture.

Nabila ngajab program Beasiswa Pemuda Tangguh bisa terus dibacutake lan luwih akeh maneh supaya luwih akeh mahasiswa pra-sejahtera ing Surabaya sing kabantu lan tetep semangat ngrampungaké kuliah. “Matur nuwun Pak Eri Cahyadi wis nganakake program Beasiswa Pemuda Tangguh. Amarga iki mbantu aku lan mahasiswa liyané supaya bisa neruské kuliah,” kandhané.
Manfaat sing padha uga dirasaké déning Anisah Wahyu Triska, mahasiswi Program Studi Administrasi Publik ing Universitas Wijaya Putra Surabaya. Minangka mahasiswa PTS, Anisah ngaku biaya kuliah sing kudu ditanggung keluargane cukup gedhé, saengga anane beasiswa iki wigati bangèt.
“Gedhé bangèt manfaaté. Aku saka universitas swasta, dadi SPPé krasa banget. Nalika éntuk beasiswa iki lumayan kabantu, ngenthengake bebane wong tuwa,” ujare Anisah.
Anisah ngajab program Beasiswa Pemuda Tangguh terus diarahaké kanggo nggayuh mahasiswa saka keluarga kurang mampu kanthi tepat sasaran, utamané ing PTS. “Matur nuwun kanggo Pak Wali Kota wis nekakake program Beasiswa Pemuda Tangguh iki, apamaneh ing universitas swasta,” imbuhe.

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, njlentrehake kabijakan iki minangka implementasi nilai Pancasila lan semangat gotong royong ing pembangunan kutha. Pak Eri nandhesake suksesé program iki ora bisa dipisahaké saka dukungan perguruan tinggi sing siap kerjasama karo pemerintah daerah.
“Ana kira-kira 32 perguruan tinggi, negeri uga swasta, sing nandatangani kerjasama, lan jumlahé bakal tambah sacara bertahap,” kandhane Wali Kota Eri Cahyadi.
Cak Eri njlentrehake ningkate penerima beasiswa saka 3.000 dadi 24.000 mahasiswa mujudake asil evaluasi sistem lan penguatan koordinasi karo kampus. Miturut Pak Eri, saya jembare jangkauan dadi prioritas utama tinimbang mung gedhene angka sing nampa. Kanggo ngleksanakaké program ksb, Pemkot nyiapaké anggaran Rp150 miliar nganti Rp200 miliar ing taun 2026.
“Taun iki luwih gedhé, nanging sing paling penting dudu jumlahé, nanging jangkauané sing luwih amba. Kabijakan iki diprioritasaké kanggo keluarga pra-sejahtera (Desil 1-5) kanthi prinsip Satu Keluarga Miskin, Satu Sarjana, kanggo medhot rante kemiskinan,” terangé.
Wali Kota Eri nganggep kerjasama iki mbuktekaké owah-owahan tetep bisa ditindakake sanajan UKT dadi wewenange pemerintah pusat lan kampus. Pak Eri kandha niyat mbantu masyarakat cilik dadi dhasaré kabijakan iki. “Iki bukti owah-owahan bisa ditindakake, yen niyaté kanggo mbantu rakyat cilik,” tambahé.
Dukungan kanggo Program Beasiswa Pemuda Tangguh iki teka saka maneka perguruan tinggi ing Surabaya. Rektor Universitas Negeri Surabaya (Unesa), Prof. Nurhasan, nganggep kabijakan iki langkah strategis jroning ningkataké kualitas SDM liwat akses pendidikan sing luwih akeh kanggo masyarakat kurang mampu.
“Iki program luar biasa kanggo medhot rante kemiskinan liwat SDM unggul. Unesa siap ndhukung penuh, pira wae kuota sing ditugasaké Pak Wali,” ujare Prof. Hasan.
Rektor Universitas 17 Agustus 1945 (Untag) Surabaya, Harjo Seputro, nganggep program iki menehi dampak nyata kanggo mahasiswa sing winates ékonominé. Dhèwèké nganggep bantuan iki bisa nyuda potensi putus kuliah akibat biaya. “Kita matur nuwun atas bantuan pendidikan, utamané kanggo mahasiswa Untag Surabaya sing isih butuh bantuan ékonomi,” kandhané Harjo.
Dhèwèké uga nandhesake dukungan kanggo program Satu Keluarga, Satu Sarjana minangka upaya ningkataké taraf urip masyarakat kurang mampu ing Surabaya. “Aku matur nuwun marang Pak Wali Kota Surabaya lan Pemkot Surabaya atas bantuan pendidikan kanggo anak-anak kita sing kurang mampu lan lagi kuliah ing Untag Surabaya,” kandhané.
Dene Rektor Universitas Wijaya Putra Surabaya, Budi Endarto, nganggep kabijakan iki minangka langkah revolusioner amarga ngilangaké dikotomi antarané PTN lan PTS, lan mapanake mahasiswa minangka pusat kabijakan.

Dhèwèké mawas program iki minangka redistributif policy sing duwe orientasi marang warga Surabaya sing nduwé KTP Surabaya saka keluarga kurang mampu. “Yen kita ndeleng perspektifé, Pak Wali Kota nindakaké redistributif policy, ora mung kanggo mahasiswa PTN, nanging uga PTS. Iki terobosan sing fundamental lan substansial,” jelase Budi.
Miturut Budi, bantuan pendidikan mujudake investasi sosial jangka panjang. Iki butuh sinergi antarané pemerintah lan perguruan tinggi supaya mahasiswa bisa ngrampungaké kuliah kanthi optimal. “Iki bangèt migunani. Mula aku matur nuwun marang Pak Wali Kota wis wani nindakaké reorientasi lan redistribusi biaya Beasiswa Pemuda Tangguh iki,” kandhané.
Mula iku, Budi nelakake apresiasine atas kabijakan sing dianggep konstruktif kanggo mahasiswa PTS. “Kanggo Wali Kota Surabaya Pak Eri Cahyadi, kita matur nuwun atas kabijakan sing cukup konstruktif lan ngarah marang mahasiswa perguruan tinggi swasta,” pamungkasé.(ADV)







