Ing tlatah Kecamatan Juwiring, Kabupaten Klaten wis wiwit puluhan taun kawentar minangka asil produksi kerajinan Payunge. Nanging saiki, sentra industri payung tansaya langka sing nerusake, apa maneh pengrajin payung hias malah surut. Werna-werna payung pancen wis suwe diproduksi ing tlatah kene, wiwit payung sing kerep dienggo nalika wayah udan lan panas, uga jenis payung mligi kanggo upacara kepaten. “Naging jenis payung hias sing gunane mung kanggo hiasan, ora kanggo payungan, saiki pengrajine tansaya langka utawa arang-arang sing nggawe, saengga nguwatirke yen nganti kelangan generasi paneruse,” ujare Mardiyono, pengrajin payung hias, warga Dukuh Gumantar, Desa Tanjung, Kecamatan Juwiring, Klaten iku.
PANCEN, Mardiyono iki wis wiwit cilik taberi dadi pengrajin payung hias karo sanak kadange. “Pelanggan tetep payung hias asil karyaku saksedulur, yaiku pedagang payung saka pasar Beringharjo, Yogyakarta,” kandhane marang PS ing omahe karo nambahi, usaha minangka pengrajin payung hias iki wis ditekuni udakara 19 taun. Sakdurunge dheweke mung minangka buruh payung hias marang tanggane. Ing ndesane pancen akeh wong sing gawe payung, nanging sing miligi gawe payung hias mung sethithik, saiki malah suda.
Sakwise rumangsa bisa gawe payung hias dhewe, mula mung kanthi pawitan Rp 500 ewu Mardiyono karo bojone, Sofiatun, banjur madeg dhewe dadi pengrajin payung hias. Wiwit iku sacara turun temurun kerajinan payung hias ditekuni dening saperangan generasi. Nanging keri-keri iki para pengrajin payung hias akeh sing wis ganti profesi gawe bentuk payung liya, kayata payung kuburan, payung pura, payung keraton utawa payung dekorasi penganten sing regane luwih larang, kajaba iku uga pasarane luwih akeh, saengga ndadeke pengrajin payung hias saiki tansaya langka.



Nadyan mengkono Madiyono tetep nekuni minangka pengrajin payung hias, kanthi alesan khusus. Sepisan, dadi pengrajin payung hias wis dilakoni suwe lan wis nduweni pelanggan tetep. Para pelanggan iki nganti wis kaya dadi sedulur. Kaloro, nadyan saka segi omzet bisa diarani luwih cilik ditandhingke produksi jenis payung liyane, nanging usaha iki jelas pasare, sebab wis ana sing nampung lan cara mbayare uga kontan. “Sing kaping telu, pengin terus nguri-uri usaha sing wis suwe dilakoni dening para leluhure, eman-eman yen nganti musna ora ana sing neruske” panuture
Kanthi direwangi dening sedulure papat, paling sithik Mardiyono bisa mroduksi 40 nganti 50 iji payung hias ing wektu seminggu. Produksi payung hias iku biasane adole sepasang, dadi yen dipajang bisa ana kiwa lan tengen utawa dipasang kanggo ngapit sawijine barang, kayata guci, lemari, buffet, jumbuh karo karepe sing migunake.
Payung hias produksine Mardiyono ana 2 macem, yaiku motif kembang lan motif emas. Yen motif kembang didol kanthi rega Rp 75 ewu nganti Rp 150 ewu saben sijine. Nanging yen motif emas regane udakara Rp 150 ewu nganti Rp 250 ewu, apa maneh saiki bahan-bahane tansaya mundhak regane. Nanging kanggone pedagang ing kutha-kutha gedhe kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Denpasar mesthi wae regane tambah larang maneh dibandhing rega ing kene.
“Dene bentuk payung hias kembang maneka warna, ana ijo, kuning, abang lan perak. Yen warna emas pancen katon eksklusif, uga bahanne ya luwih larang, uga luwih awet bisa nganti setaun tanpa udhar” imbuhe.
Bahan baku utamane saka kayu kenanga, kertas karin, benang wol, manik renda, paku, sarta lem kanggo ngrakete. Ing antarane bahan baku iki sing paling angel golekane yaiku kayu kenangane, sing biasa digunake minangka bahan dhasar wadhah payung, cagak lan cekelan payung.

“Kerep kayu kenanga kuwi ujug-ujug ilang saka pasaran utawa langka, saengga lumrah yen regane larang” ujare Mardiyono rada sambat. Mula dheweke kadhang milih cepete kanthi tuku bahan bentuk dadi, saengga kari ngrakit lan nggathuk-nggathukake wae.
Kajaba luwih efisien, ngurangi tenaga, ngirit wektu lan dhuwit, uga bisa menehi kalodhangan marang pengrajin sing mroduksi perangan-perangan payung kasebut.
Manut ngakune pelanggane Mardiyono, asil karya payung hias-e wis sumebar ing saperangan toko suvenir wilayah Yogya, Purworejo lan Purwokerto.
“Akeh-akehe para pelangganku padha ngedol ing pasar-pasar tradisional lan ndhompleng yen ana event-event kusus, kayata ing pasar malem utawa kerameyankerameyan ing kutha lan pinggiran desa” jlentrehe.
Pasaran payung hiase yen pas rame, ujare Mardiyono bisa oleh pesenan saka Jakarta, Surabaya, Banjarnegara, Cirebon, sarta Denpasar. Mligi kanggo Denpasar saiki wangunne payung ana modifikasi sithik, yaiku wangune wis ana sing ora bunder, nanging rada kothak. Biasane pesenan rame iku ing dina-dina sakwise Riyaya Idul Fitri, ing wanci iku pengrajin payung hias bisa kerepotan ngladeni pelanggan, nganti direwangi nglembur-nglembur, la kepriye maneh pengrajine tansaya langka.

Dene masa sepine ing wulan sura, paling mung payu 10-15 iji payung hias. Mula saka kuwi para pengrajin kudu gelem nyelengi, kanggo ngadhepi masa sepi order.
Proses gawe payung hias iki, sing paling njlimet nalika menehi ornamen utawa nglukis payung sisih ndhuwur. Ya, ornamen iki sing mbedake payung gaweyan Juwiring karo produksi daerah liya. Ciri khas payung Juwiring iku ana gambare kembangkembang, manuk, bathik lan iwak koki.
“Khase payung Juwiring ora mung saka gambare wae, nanging uga pilihan werna, yaiku werna sing nyolok, saengga luwih penak disawang” pamungkase Mardiyono anggone ngobrol karo PS ing sore iku.
Panulis: Kang Hong
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







