Prang tandhing nalika ngukuhi kraton utawa junjungan, ing jaman ndhisik, wis dadi bab kang lumrah. Tradhisi kang wis turun temurun iku, saiki dadi salah sijine seni, kang dipepetri amrih tansah lestari.
Contone, peresean, kang ajeg kagelar ing madyaning suku Sasak. Yaiku tradhisi prang tandhing ijen padha ijen. Katindakake paraga lanang, manganggo gaman pedhang saka penjalin/rotan, lan tameng seka kulit kebo kang arane ende.

Manut sejarahe, ndhisik peresean mujudake gladhene para prajurit kanggo ngundhakake kaprigelan lan ketangkasan. Mula, kagelar uga nalika raja kasil ngasorake mungsuh. Saperangan masyarakat banjur ana kang mligi nggelar adicara iki nalika ketiga dawa, minangka ritual nyenyuwun tekane udan. Saiki, peresean kagelar minangka adicara seni. Umume, nalika mbagekake tamu agung.
Sapa kang dadi paraga ing peresean iki, ora nganggo cepak-cepak sadurunge. Warga padha nglumpuk, banjur sing sapa kepengin melu, ya maju. Utawa, bisa uga wasit langsung nuding pawongan, sing wajib saguh mlebu kalangan.
Wasit iki ana loro. Yaiku pakembar sedi sing tugase milih pasarta, lan pakembar teqaqsing jejibahane mimpin lakune tandhing.
Pasarta tandhing, arane pepadu, kudu ucul klambi lan manganggo sarung sarta iket khas Lombok. Banjurnjupuk gaman, dicekel tangan tengen, lan tameng ing tangan kiwa. Adhep-adhepan karo mungsuhe lan wiwit nyerang sawise diabani.
Bebarengan pepadu miwiti tandhing, direnggani tetabuhan khas suku Sasak. Ana gamelan (rencek lan petuk), kendhang, gong, uga suling. Ancase kanggo ngregengake. Lumrahe pancen pepadu padha melu ngobahake anggane nyelarasake tetabuhan, lan njalari sigrak ing prang tandhing.
Aturan maine, pepadu mung entuk ngempanake gamane marang lawane ing perangan geger, pundhak, mendhuwur. Perangan weteng mengisor, pupu, lan sikil, ora kena diserang. Menang lan kalahe, ditemtokake juri ing sadawane 5 rondhe. Utawa, yen ana kang tatu nganti getihen, otomatis KO, lan peresean dilereni.
Pepadu sing nandhang tatu enggal ditulungi dening petugas kang wis siyaga ing sacelake kalangan. Tatune ditambani nganggo srana tradhisional. Wujude kaya lenga, kang dileletake ing perangan sing tatu. Kejaba nyuda rasa larane, uga dadi srana bali saras kaya maune.
Sawise tandhing, lelorone pepadu salaman, uga rerangkulan. Ora ana mangkel, serik, uga lara ati, sanadyan dheweke kena gebug lan kasoran. Ya jalaran ngelingi, nindakake peresean iku minangka atraksi seni.
***
Panulis: lie
Panitipriksa: Keanu Ibrahim







