Perlima: Ngimpun Pawestri sing Seneng Nulis

Logo Perlima.
(perempuanpenulispadma.com)

Nduwe daya lan ati rena. Iku kang dadi gegayuhan pokok tumrape Perlima, Perempuan Penulis Padma. Komunitas kang wiwit mula anggotane para pawestri, lan seneng nulis. 

Wis kulina nulis, iya. Wis nduwe tulisan sing tau dimot kalawarti, bener. Wis tau nulis buku, mundhak apik. Ananging, Perlima uga mbukak kalodhangan kanggone para pawestri sing isih lingsem, nduwe tulisan ananging dipek dhewe. Utawa miwiti nulis ananging durung paja-paja rampung. 

Ing Perlima, saben pawestri anggotane ora amung dioprak-oprak amrih nerusake kekaremane nulis. Ananging ditanting tenanan amrih kasil netesake tulisan. 

Sranane werna-werna. Klebu kang paling lumrah yaiku nggelar gladhen nulis cerkak. Ngundang penulis kang wis onjo, ora saderma kareben nggugah semangat. Ananging aweh tuladha lan tuntunan kanthi nyata. Angkahe, bisa enggal ditrapake dening anggota Perlima. “Nalika ndhaftar melu gladhen, langsung daktanting, saguh nerusake tulisane nganti tuntas apa ora,” ujare salah sijine anggota, Fifi Maidarina. 

Madeg 30 Maret 2021, Perlima dipandhegani dening Wina Bojonegoro. Penulis sing klebu kawentar lan karyane uga wis akeh. “Mula bukane saka kelas nulis, kanggo para pawestri. Suwe-suwe tansaya ngrembaka nganti anggotane cacah 99,” kandhane Wina. 

Wina ngedegake Perlima kanthi nggandheng tepungane, Didi Cahya lan Heti Palestina Yunani. Ing jagading tulisan, mesthi wis wanuh karo jeneng loro kasebut. Lan minangka ketuane, Tjahjani R. Wilis. 

Dhek umure meh 1,5 taun, Perlima nggelar “Malam Sastra Perlima” ing Rumah Budaya Malik Ibrahim, Sidoarjo. Ing kalodhangan iku, Perlima nekakake sastrawan-sastrawan saka Surabaya lan Sidoarjo. 

Ana Sunlie Thomas Alexander, pamenang Anugerah Cerpen Kompas. Uga penyair lan anggota Komite Sastra Dekesda, Ribut Wijoto. Ora kalah mumpuni klawan tamu liyane, ana aktivis Budaya Panji, Henry Nurcahyo. 

Ing umur samono, karyane Perlima wis nyata. Ana buku sing wis terbit. Covad-Covid, Bungkusan Boybanddan Menunggu Kabar Baik terbit ing wektu setaun. Lan disusul Rumah Berdinding Kasih, sing isine 23 tulisan, critane saben anggota Perlima. 

Buku-buku karyane Perlima, ujare Ribut ing kalodhangan iku, nantang jaman. Nalika para pawestri umume lingsem utawa wedi, Perlima ngajak amrih wani lan andayani. Lan liwat tulisan-tulisan sing diterbitake, isine ora saderma crita kang bisa diwaca. Ananging uga tuntunan kanggone sing maca, amrih kagugah melu ngasilake tulisan. 

Kejaba buku isi tulisan cerkak, Perlima uga nerbitake buku kumpulan puisi. Irah-irahane Rupa Cinta. Sing istimewa, ing buku iki ana lukisane Yoes Wibowo. Seniman iku wis kawentar klawan kawasisane ngejawantahake isine puisi ing wujud lukisan. Nalika kepyakane buku kasebut, uga dibarengake pameran lukisane Yoes Wibowo. 

Yen nulis puisi/ geguritan kok kudu ngronce tembung-tembung endah lan unik, nulis cerkak ya kudu atusan tembung. Ora mokal yen kanggone saperangan uwong, iku abot. Nyipati kasunyatan iku, Perlima ada-ada gladhen petigraf. Apa iku? Cerpen tiga paragraf, alias cerkak kang butuh telung pada wae. Ora tanggung-tanggung, Perlima nekakake dr. Tengsoe Tjahjono, M.Pd. 

Saka gladhen iku terbit buku asesirah Kopi Tanpa Gula. Buku iku dikepyakake ing Surabaya kanthi memitran karo Wisma Jerman. 

Jenenge kekareman lan kaprigelan, lumrahe kudu diundhakake. Mula Perlima nggawe “tantangan” kanggo anggotane. Sing sapa kasil nulis saben dina ing wektu sesasi nutug, tulisane bakal diterbitake. Gol! Sidane terbit Surat Cinta di Lemari Tua.  Karya-karya sabanjure susul sinusul. Perlima uga ngemonah website kang ngemot werna-werna. Ana tintingan buku lan filem, ana pawarta kegiyatan anggota, seminar, lsp. Lan anggotane uga terus mundhak gunggunge. (lie)

Selebaran acarane Perlima. Hawane pancen kanggo kaum Hawa.

***

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *