
Puluhan narapidana utawa warga binaan ing Lembaga Pemasyarakatan (Lapas) Kelas II A Ambarawa, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah melu lomba estafet mindhah glepung nganggo tutuk, Selasa, 12 Agustus 2025. Lomba unik kasebut dianakake kanggo mahargya HUT RI kaping 80. Kejaba estafet mindhah glepung nganggo tutuk, uga digelar lomba-lomba liyane sing ora kalah unik. Upamane nyebul gelas plastik, nglebokake sedhotan menyang njero botol, ngudhunake karet gelang, lan nglungguhi kursi. Tujuwan saka lomba-lomba mau kanggo nukulake jiwa lan semangat nasionalisme sarta mikuwati gotong royong ing antarane warga binaan. (Foto: Aprillio Akbar/Antara)