Rikala aku isih nyambut gawe ing pemerintahan biyen, sejatine wis nate menyang Vietnam. Mung bedane wektu iku amarga tugas dhines. Ya krana tugas dhines mau mula wektune mung mligi kanggo ngestreni agendha kang wis ditetepake panitia. Lan agendhane padhet banget. Yen adicarane wis rampung, aku ya terus bali maneh menyang Jakarta. Upamoa plesir, bisane mung melu city tour kang wektune winates.

Beda karo yen wis pensiun kaya saiki. Bisa bebas nemtokake menyang ngendi wae bakal dolan. Mula nalika anakku kang ana Belanda lagi liburan “musim panas”, sadurunge bali menyang Indonesia mampir dhisik menyang Vietnam. Aku lan ibune dikongkon nyusul mrana. Rehne wektuku omber, akhire aku lan sisihanku budhal. Mantuku nyambut gawe dadi dhosen ing TU Delf University. Putuku kang wiwit mlebu play group uga pas prei. Saben prei panjang mesthi dienggo tilik Indonesia. Jrone lelaku menyang Indonesia, anakku sakulawarga ngoberake mampir menyang negara-negara Asia. Taun iki sing dipilih Vietnam.
Lungaku menyang Vietnam ora melu rombongan tour, nanging wisata keluarga kang diatur dening anak lan mantuku. Ing Vietnam dirancang sangang ndina suwene. Budhal tanggal 21 Juli 2025 mulih tanggal 29 Juli 2025. Sangang ndina wis taneg kanggo plesir menyang nggon wisata pinilih.
Budhalku numpak Vietjet Air saka Jakarta. Sengaja aku numpak Vietjet Air, amarga mung maskapai iki kang langsung tumuju Vietnam, ora ndadak transit ana Singapur utawa Kuala Lumpur. Maskapai iki klebu low cost, ora diwenehi jatah mangan kajaba tuku dhewe. Mula sadurunge budhal aku tuku camilan luwih dhisik. Nanging nganti jam 14.00 durung ana tanda-tanda boarding. Jebul pesawate delay rong jam. Lagi jam 15.45 boarding. Kebeneran aku bareng sapesawat karo rombongan tim Volley Putra Vietnam kang mulih tandhing saka Jakarta. Dadi ya rada rame merga yen ngobrol swarane banter.
Merga kesuwen nunggu delay mau, mula lagi lungguh sedhela wae ing kursi pesawat, aku wis ngantuk banget. Nalika pesawat take off aku wis ora eling. Ngerti-ngerti pesawat kaya dientrog-entrog merga nabrak mendhung. Aku tangi. Daklirik sisihanku isih turu angler, katone iya kesel banget. Aku banjur ndeleng arloji, pranyata olehku turu wis meh rong jam. Wah rak ya wis cukup suwe. Aku banjur ngira-ira pesawat iki mesthine wis tekan wewengkon Thailand. Bisaku ya mung ngira-ira amarga ora ana TV monitor.
Jam 20.00, kang kebeneran ora beda wektune karo Indonesia, pesawat landing ing Badara Hanoi. Sadurunge landing pesawat kober muter-muter. Lan rikala pesawat siap-siap arep landing katon ing njaba udan deres campur angin. Aku rada was-was. Ketambahan pilot olehe ndharat kanthi cara hard landing. Nganti swarane rodha pesawat keprungu sora mak dhagg!
Rehne pesawat low cost dadi olehe parkir ya ora neng garbarata. Saengga kabeh penumpang kepeksa diunjal bis menyang terminal kedatangan. Kamangka isih udan. Dadi ya karo mlayu payungan aku ngoyak bis. Sawise nunggu bagasi sauntara suwene, aku banjur menyang lawang kedatangan. Wis akeh sopir kang nunggu kanthi ngawa kertas ditulisi jenenge sing dipapag. Amarga kang pesen anakku, mula ana salah sijine sopir kang nyekel tulisan jenenge anakku. Aku enggal ngampiri lan kandha yen kang dijemput iku aku lan sisihanku. Enggal wae mas sopir ngrewangi aku nglebokake bagasi menyang njero mobil.
Bandhara Hanoi manggon ana njaba kutha. Kaya bandhara Soekarno-Hatta ing Jakarta. Wong saka bandhara menyang Hotel Somerset panggonanku nginep watara 40 menit. Rikala mobil mecaki dalan tol lan banjur wiwit mlebu kutha Hanoi, aku mbatin dalane kok ora patia macet. Merga udan apa merga wis bengi? Biyasane kutha-kutha ing Vietnam, kaya dene Hanoi, Ho Chi Minh, sibuk lan macet.
Bareng aku tekan hotel, lan dipapag ana lobby hotel dening anakku, aku lagi ngerti yen Vietnam mentas kesapu udan angin. Malah amarga anane udan angin kang gedhe mau sekolah lan kantor pemerintah ditutup. Dening petugas hotel aku diterangake yen fasilitas arupa lapangan tennis, kolam renang lan playground kanggo sauntara ditutup. Malah payon-e wae nyingkap lan wit-witan ana pinggir kolam pange akeh kang ceklek.
Barang-barang kang dakgawa banjur dibantu dening petugas hotel karo troli. Dene aku lan sisihanku bablas menyang kamar. Aku kebageyan lantai 12. Fasilitase kamar mau lengkap banget. Ana kamar tidur cacahe telu, dhapur jangkep prabotan, mesin cuci uga ana, meja makan, meja lan kursi kerja, meja lan kursi santai. Malah ana tendha kanggo putuku yen arep dolanan utawa turu. Semono uga dolanane bocah uga cumawis. Sawise nyelehake barang aku mudhun maneh saperlu golek mangan. Weteng wiwit kroncongan.
Panganan Khas Vietnam
Yen kita lunga menyang ngendi wae, apa maneh menyang njaban rangkah, mesthi golek apa kang khas ing negara mau. Semono uga yen arep mangan, mesthi uga golek kang khas. Aku lan anakku bengi iku sengaja golek panganan kang enak. Untunge saiki jaman digital, dadi gampang banget milih panganan khas Vietnam.
Salah sijine yaiku njaluk rekomendhasine Michelin, ana ngendi pangananan kang paling enak ing Hanoi. Michelin iku sejatine biyen jenenge pabrik ban mobil ing Prancis. Ing taun 1900-an, Andre lan Edouard Michelin sing kapernah kakang adhi iki ngedegake pabrik ban. Amarga rikala semana kang jenenge mobil durung akeh, supaya akeh kang padha tuku kendharaan, mula kakang adhi mau banjur nerbitake buku pandhuan piye carane ngganti ban mobil, ndadani mesin, peta perjalanan, dununge pom bensin, uga ngendi ana restoran.
Lan buku pandhuan mau didum kanthi gratis. Saka ngendi ongkos kanggo nerbitake buku mau? Buku pandhuan mau diragadi saka iklan kang dipasang ana kono. Pranyata ing jaman semana wis maju banget cara marketing kang ditindakake dening kakang adhi kasebut. Sejene pabrike ban wimbuh gedhe lan kawentar, uga buku pandhuan mau tansaya suwe tansaya gedhe paedahe kanggone kang duwe mobil. Buku pandhuan mau kuwawa ngrangsang saben pawongan kepingin duwe mobil. Malah taun 1930-an, buku mau banjur mung mligi kanggo pandhuan dununge restoran lan panganan enak. Cekake, buku pandhuan iku nggampange pelancong kang seneng pesiar numpak mobil. Ana ngendi wae mengko mandheg saperlu mangan wis ora bingung.
Ndeleng gedhene pengaruh marang pelancong, akhire buku pandhuan mau ora digratisake maneh. Negara-negara kang kepingin restorane di-review dening Michelin, kudu nganakake kerja sama dhisik. Lan kerja sama mau ora gratis. Mbayare ya ora murah. Kanggo conto wae, Korea Selatan mbayar $1,8 yuta setaun, Thailand $4,4 yuta kanggo limang taun.
Kebenaran ing negara-negara ASEAN, yaiku Thailand, Vietnam, Malaysia lan Singapura wis kerja sama karo Michelin. Emane Indonesia durung. Apa merga mbayare larang iku apa piye, aku kurang dhong. Kudune Kementerian Pariwisata ora mung ngetung untung rugi yen kanggo kapentingane masyarakat. Apa maneh pengaruhe Michelin iki gedhe banget kanggo majokake pariwisata mligine kuliner. Mangka kuliner Indonesia iku akeh banget jinise lan ya enak-enak. Mula bengi kuwi kanggo golek restoran kang enak ya adhedhasar rekomendasine Michelin. Semono uga rikala arep mangan bengi.
Mula aku banjur mutusake mangan menyang restoran Pho Ga Nguyet. Rehne cuacane isih grimis, mangan soup anget mesthi nyamleng. Amarga isih grimis lan kutha mentas ketrajang lesus mau, mula aku banjur numpak taksi online menyang restoran. Sejatine ora adoh, mlaku wae bisa. Nanging merga ngajak bocah cilik, yen nganti kudanan lan lara harak kojur.
Ora nganti sepuluh menit taksi online wis tekan restoran Pho Ga Nguyet. Restorane cilik lan sedherhana banget. Olehe masak wae ana ngarep mepet pedestrian. Lha sing mangan disediyani meja lan kursi ana njero ruwangan kang ambane mung watara 3×4 meter. Dadi yen sing andhok kebak, kepeksa liyane kudu nunggu dhisik ana tritisan. Daksawang sing antri padha sabar ngenteni. Mertandhani yen rumah makan mau pancen mirasa.
Kebeneran rikala aku teka isih ana meja kothong. Kira-kira wae merga wis wengi, lan ketambahan udan riwis-riwis. Aku enggal pesen soup daging ayam ditambah jerohan. Sengaja aku lungguh cedhak sing masak saengga bisa ndeleng olehe masak. Sing masak ana wong loro. Lanang siji sing ngracik, dibantu dening bocah wadon ngrajang-ngrajang sayur lan iwak. Dene liyane ana bageyan kasir lan pramuladi. Ora suwe soup ayam pesenanku wis diladekake.
Menu kang dakpesen iki basa Vietnam-e Pho Nuoc (Noodle Soup). Yen ing Jawa kaya soup manten, nanging akeh bedane. Mie-ne putih gedhe-gedhe, sayure akeh, ditambahi daging ayam kang empuk lan jerohan. Porsine akeh, wadhahe mangkok. Mangan sak mangkok wae wis wareg. Soup pesenanku kuwi dipangan wayah bengi kathik ketambahan udan, jian nikmat tenan. Mak nyus. Awakku lan rasaku padha-padha kepenak. Aku takon mantuku kang asli wong Landa piye rasane soup mau, jarene uga enak.

Wareg lan marem ngrasakake salah sijine soup Vietnam, aku enggal bali menyang hotel. Amarga sesuk wis ana agendha kang wis ditata dening anakku. Rancangan sakawit rong ndina ana Hanoi lan telung ndina ana Halong Bay. Halong Bay iku yen ing Indonesia kaya Raja Ampat, Labuhan Bajo, lan Taman Nasional Wakatobi. Sasuwene ana Halong Bay olehe nginep ana kapal. Saka Halong Bay banjur bali menyang Hanoi terus menyang Ho Chi Minh (biyen Saigon, ibu kotane Vietnam Selatan).
Tekan hotel, sawise resik-resik awak, aku langsung turu less. Kesel nanging ana ati seneng. Dolan kang tanpa nduwe sanggan apa-apa kejaba mung mligi wisata. Mula tangi esuk ing awak krasa seger. Jam Vietnam padha karo jam WIB Indonesia. Ora ana bedane. Dadi ora prelu nyocogake jam maneh. Tangi ya ora kedandapan.
Sarapan esuk wis siap jam 06.30. Dene aku sarapan jam 07.00. Wong ya hotel bintang lima, kang jenenge sarapan sawernane menu panganan cumawis. Wiwit panganan khas Vietnam (kang mesthi ana soup), masakan Barat kaya bangsane roti, salad, buah lan sapanunggalane. E, kok ya ana masakan godhogan barang. Aku nyoba godhogan, kaya jagung, tela rambat. Ya pokoke ora beda kaya ing Indonesia. Mung jinis segane sega goreng thok. Ora ana liyane. Sawise aku rampung sarapan, tamu-tamu hotel padha gemrudug nyerbu masakan. Kang akeh tamu kulit putih. Ora mokal yen jinis sarapane akeh-akehe masakan barat.
Aku nuli mlaku-mlaku ngiras-ngirus joging amarga mau bengi wis mangan jerohan. Mlaku saurute pedestrian esuk iku pranyata dalan-dalan wis rame. Ya rame kendharaan lan uga rame kang padha sarapan ing pinggir dalan. Umume warga Vietnam yen esuk padha sarapan Pho Nuoc ditambah kaya roti cakue kae. Olehe mangan bubar nyendhok soup terus ngrakot roti. Yen ora mengkono rotine banjur dicelupake ana duduh soup.
Sarapan Pho Nuoc ing Hanoi kok rasane kaya warga Surabaya yen esuk sarapan soto ayam. Utawa yen wong Madiun sarapan pecel, lan wong Yogya sarapan gudheg. Mung bedane ana Hanoi olehe sarapan padha karo cangkruk ana meja lan kursi cilik (persis meja kursine bocah TK) ing pedestrian. Katon nikmat banget.
Bedane, restoran ing pedestrian mau yen esuk akeh-akehe dipasangi kipas angin. Malah ana kang dipasang AC portable. Kipas angine diarahake menyang wong mangan. Sepisanan aku ya rada gumun, kena ngapa kok kipas angin mau padha disentrongake marang wong-wong sing lungguhan. Tibane pancen wektu iku warga Hanoi lagi kesumuken. Srengenge ing iring lor, dadi hawane ya panas banget.
Aku akhire lagi ngerti kena apa AC ana kamar hotel kokdipasang pener tempat tidhur. Tibane kanggo njagani yen ngepasi hawane panas kaya saiki iki. Wong esuk iku olehku joging tekan sawijine tlaga. Lha kok kang padha lungguh tepining tlaga mau akeh kang padha ngesis nganggo kipas. Kamangka ana pinggir tlaga tur isih esuk.
Pancen Hanoi kang saiki dadi ibu kotane Vietnam, wiwit dandan-dandan kutha. Ditata dening pemerintahe. Pedestriane wiwit dibangun, saengga kang mlaku uga dadi kepenak. Pinggir dalan ditanduri wit-witan. Dene wit-wit kang ditandur dening panguwasa sadurunge (jaman dijajah Prancis) iya diupakara kanthi becik. Katon yen wit-wit kang gedhe-gedhe mau kuwat oyode saengga ora gawe kuwatire kang ana ndalan. Semono uga tlaga ing satengahe kutha mau uga dirawat. Wit-witan sapinggire tlaga katon kerumat.

Warga Hanoi esuk iku akeh banget kang olahraga. Ana kang senam, mligine ibu lan bapak lansia. Dene kang isih enom padha joging, sepedhahan, badminton lan sapiturute. Akeh uga kang mung lungguhan ana pinggire tlaga. Amarga ing pinggir tlaga mau ana bangunan Wihara. Warga Hanoi akeh kang sembahyang ing Wihara. Malah aku tau tomon ana sing sembahyang ing plataran.
Ngepasi mangan awan aku sengaja golek panganan khas Vietnam kang karan Banh Mi. Supaya antuk restoran kang enak aku golek referensi saka Michelin maneh. Banh Mi iku kaya Sanwich. Wujude roti dawa (roti baguette). Tengahe roti sing disigar mau diseseli daging ayam, sapi (ana sing babi), acar, sayuran, lan saus Vietnam. Rasane enak, lan rotine renyah rasane. Dipangan dhong isih anget wuih nikmat banget rasane. Saestu.
Panulis : Suprawoto
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







