Plesir Menyang Vietnam (2)

Sorene aku sengaja ngopi menyang kutha Hanoi. Kena ngapa kokadoh-adoh menyang Hanoi? Wong ya ing Indonesia kopine ora kalah enak. Alesanku mayar wae, merga mantuku sing saka Negara Landa iku rak senengane ngopi. Lan yen ana Belanda kana, uger kepingin ngopi, yen ora ngecom dhewe ya menyang café.  Nanging kopi Hanoi iki beda. Kang banget kawentar yaiku “kopi telor.”

Rikala arep ngopi menyang Hanoi mau aku kokbanjur kelingan taun 2007 rikala isih dhines tugas menyang Bengkulu. Bubar acara pokok, aku sengaja mlaku-mlaku menyang Rejang Lebong. Amarga aku yen menyang Bengkulu biasane nyuk lik wae. Tegese yen tugasku wis rampung banjur enggal bali Jakarta. Mula ngertiku ya mung kutha Bengkulu thok. Ngepasi wektu rada longgar, aku  mutusake dolan menyang Kabupaten Rejang Lebong utawa kutha Curup.

Tujuwanku mung kepengin mlaku-mlaku wae, ngiras-ngirus ketemu karo kanca lawas kang wektu iku nyambut gawe ana kono. Sawise ketemu kanca, aku banjur mlebu pasar. Ing kono ana warung rame banget. Sing tuku jan kemrubut kae. Sengaja aku ngalonake laku karo maspadakake panganan apa kang diedol, kokwarung mau reja banget. Tibake warung mau sejene adol jajanan, kang akeh dirubung yaiku “teh telor.” Kokaneh, batinku. Teh dicampur endhog kuwi rasane piye?

Dakwaspadakake, olehe nggawe teh telor mau carane banyu teh umob banjur dileboni endhog pitik siji. Sawise iku terus diudheg nganggo gepyok sada. Olehe ngudheg cepet banget, nganti teh endhog panas iku munthuk. Kang tuku  padha lungguh dhingklik sajak nikmat.

Aku mbayangake mendah aruse. Wong ya endhog mentah dicampur teh. Aku banjur nerusake laku mlebu pasar saperlu golek arit khas Rejang Lebong kanggo oleh-oleh. Nanging karo tumuju nggon wong dodol arit,  suwe-suwe kokpenasaran kepingin ngrasakake kaya ngapa teh telor mau. Mula baliku tuku arit banjur mampir warung kasebut Rikala sepisanan nyruput, lho koknikmat banget rasane. Blas ora ana ganda aruse.

Mula rikala mantuku ngajak ngopi telor menyang Hanoi, aku ya gelem-gelem wae, wong biyene wis  tau ngrasakake teh telor. Olehku arep ngopi  ya mung trima mlaku wae. Wong ya ora patiya adoh saka hotel. Watara mung sekilo meter dohe. Idhep-idhep karo olahraga. Hotel panggonanku nginep pancen ana tengah kutha. Dadi menyang ngendi-endi cedhak.

Ora nganti setengah jam wis tekan café sing daktuju. Cafene cilik. Lawange café cakrike kaya yen arep mlebu gang cilik. Saking ciyute, yen papagan karo wong tuku, olehe mlaku salah siji kudu miring. Batinku, yen kebeneran simpangan karo wong lemu terus piye. Kiraku, ya salah siji kudu ngalah, kanthi cara ngenteni salah siji kudu metu dhisik, ben ora papagan.

Mlebu café bleng, dening pelayane aku diakon lungguh ana ndhuwur amarga ruwangan ngisor wis kebak. Aku banjur munggah menyang lantai loro. Ana ndhuwur tibane ya wis ana sawatara wong ngopi. Nanging isih ana kursi kothong. Kira-kira wae amarga olehku mrono awan. Yen sore, apa maneh bengi, dakkira ya kebak. Malah bisa-bisa ora kebegeyan enggon. Amarga kopi ing cafe mau pancen kawentar. Saking kawentare, ana unen-unen: durung menyang Hanoi yen durung mampir cafe kuwi.

Olehku menyang café iki dudu rekomendhasi saka Michelin, nanging rekomendhasine warga Vietnam lan turis. Mung wae aku rada was-was amarga ora nate ngopi. Wiwit SMA biyen aku wis kena lara maag. Dadi yen ngombe kopi biasane banjur kembung. Mula wiwit biyen aku nyirik kopi. Mung ngepasi ing Hanoi iki aku pengin weruh kaya ngapa rasane kopi telor. Wong wis tekan Hanoi rak ya rugi yen ora ngicipi.

Aku ya banjur pesen kopi telor, kang yen ing Vietnam jenenge café trung nong/da, basa Inggris-e egg coffee hot/ice. Aku sengaja pesen sing panas. Regane sacangkir VND 40. Yen dirupiahake kari ngepingake 0,8 wae. Dadi luwih dhuwur rupiah. Tumrapku ora patiya larang. Muga-muga wetengku ora kembung, batinku. Lan aja nganti banjur kancilen ora bisa turu. Yen nganti ora bisa turu rak ya kojur. Watara sepuluh menit kopi sing dakpesen wis diladekake ing meja cilik. Pancen meja lan kursine kabeh cilik kaya bangku TK. Kang dakgumuni, sing padha tuku olehe lungguhan karo ngopi mau kokbetah nganti suwen-uwen. Apa istimewane?

Sadurunge kopi dakombe, aku dakudheg dhisik. Tibane kenthel banget. Wernane wis ora ireng, nanging soklat semu kuning. Dakambu ora ngganda arus babar pisan. Aku nyoba ngicipi sasendhok. Rasane enak nganggo banget. Rasa kopine mung sithik. Aku ora bisa nggambarake marang para maos kejaba mung bisa muni “enak.” Yen ora percaya, para maos yen tindak Hanoi bisa ngrasakake piyambak.

Jenenge café mau “Café Giang.” Café iki bukak wiwit 1946 dening  Nguyen Van Giang. Mula caféne banjur dijenengake Café Giang. Seprapat jam aku lungguh ana Café Giang sinambi ngobrol karo anakku lan mantuku, nanging rasane wis ora kuwat amarga kursine kang cilik mau. Gumunku kang padha cangkruk ana kono kokbetah. Kira-kira wae kaum maniak kopi. Yen aku rak mung trima kepingin ngerti rasane wae.

Rada taneg ana Café Giang aku enggal bali menyang hotel amarga sesuk jadwale menyang Halong Bay. Pancen jadwalku ing Hanoi mung telung bengi, dibacutake telung bengi ana Halong Bay. Nanging aku was-was jalaran wis watara patang ndina iki Halong Bay ditutup salebare ana angin lesus kae. Malah tanggal 21 Juli 2025  ana kacilakan kapal boat kang nggawa turis kerem. Kurbane wong 38 tiwas. 

Nanging kang gawe ayeming ati, rancanganku telung mbengi ana Halong Bay mau  nginepe ing kapal gedhe, jinise kapal pesiar Doris Cruise. Dadi ya aman. Lan pancen wis suwe anakku olehe pesen kapal mau. Yen pesene adoh sadurunge, regane saya murah. Anakku olehe pesen kanggo wong lima (klebu putuku yang umur patang taun), yen dietung-etung luwih  murah. Yen dirupiahake watara Rp 35 yuta. Iku wis klebu nginep telung bengi ana kapal, ditambah mangan kaping telu, snack, fasilitas kamar bintang lima. Ing kapal mau ana kolam renange barang. Kamar lan balkon ngadhep njaba (laut), hiburan, alat olahraga lan sapanunggalane. Wis pokoke pepak kaya hotel bintang lima.

Lagi enak-enak mlaku ana pedestrian bali saka ngopi, lha kok anakku kandha yen pemerintah durung ngidinake Halong Bay dibukak lan kapal-kapal ora oleh layar. Nanging aku kabeh ya ora sepira kaget, awit pancen dening pihak travel kang ngatur perjalanan wiwit saka Hanoi nganti Halong Bay tansah diwenehi informasi saben ndina. Ing informasi mau uga diterangake, muga-muga pas dina Rebo 23 Juli 2025, pemerintah wis ngolehake kapal-kapal lelayaran. Nanging sore iku travel ngandhakake yen pemerintah durung ngidini Halong Bay dibukak. Ya akhire aku wurung menyang Halong Bay. Saengga wancine ing  Hanoi didawakake saka telung dina dadi nem ndina. Arep kepriye maneh, wong keslametan iku kang kudu diutamakake. Tekan hotel aku lan anakku banjur ngatur jadwal maneh. Lan kebeneran ing bengi iku aku wektune mangan bengi ana resto Mr. Bay Mien Tay.

Mula  watara jam 18.50 aku wis ana lobi hotel nunggu anakku. Duwe mantu wong Landa iku kudu on time. Aja nganti ngaret. Amarga ora ana kang jenenge jam karet kaya awake dhewe..  Jam 19.00 aku banjur budhal mlaku turut pedestrian kang nembe dibangun. Karo nyawang sesawangan kutha Hanoi wanci bengi kang kebak turis. Dadi olehku mlaku keslimur, ora kesel.

Bedane ing Vietnam karo Indonesia,  mall  kena dietung. Sithik banget. Iku wae manggon ing pinggir kutha. Ana tengah kutha dienggo resto lan café cilik-cilik. Malah aku nate menangi  café  ambane  2,5 x 4 meter. Sing tuku lungguh ana kursi cilik ing pedestrian. Lan sesawangan ngono mau ora mung siji loro. Rata-rata ana pinggir dalan gedhe arang banget restoran apa café gedhe. Kang dakgumuni, cafe lan resto cilik  iku  kokajeg kebak  turis.

Kira-kira 20 menit aku wis tekan restoran. Restoran iki dakpilih ya amarga wis antuk rekomendasi saka Michelin. Dadi para maos yen lelungan menyang negara-negara ASEAN kaya kang wis kasebut ing dhuwur mau, yen arep dhahar apa ngunjuk, bisa golek referensi saka Michelin, rating saka warga negarane, lan turis. Ing jaman digital kaya saiki iki pancen sarwa kepenak.

Restorane sing dakparani iki uga cilik. Mung ukuran  3 x 4 meter. Malah olehe masak wae ana pedestrian. Rikala aku lagi arep mlebu, dipapag ambune masakan kang sedhep. Wengi iku kebeneran restorane durung rame. Aku  milih ngombe banyu degan. Dene mangan bengi iku aku kabeh milih pesen banh xeo kang jinis banh xeo bo/ga. Yen basa Inggris fried rice pancake with beef/chicken. Olehku pesen patang porsi. Daging loro lan ayam loro. Dadi bisa sharing.

Aku sengaja ndelok carane masak. Sengaja dakrekam. Kang masak bocah lanang isih mudha taruna, ngadhep wajan loro. Ing sandhinge  cumawis jladren winadhahan ember werna putih (saka beras Vietnam). Wajan loro kang panas mau banjur disoki jladren beras mau lan banjur diratakake tipis kanthi cara wajan mau digoyang-goyangake. Yen wis rata, banjur ditambahi endhog loro (endhoge dipecah ing lingire wajan banjur ratakake ana ing sandhuwure jladren kang wis dibleber). Lha yen wis dirasa cukup mateng banjur ditlangkepake kaya martabak. Diiris-iris satempe-tempe gedhene. Olehe nyuguhake banh xeo mau dideleh ana piring kang rada gedhe, banjur diwenehi sayur-sayuran jinis sawi. Ditambah saos ing mangkok. Aku ya lagi ngerti iku. Ora perlu thingak-thinguk piye mangane, amarga ing meja wis dicepaki gambar kepriye carane mangan. Dakkira olehe nyedhiyani gambar mau amarga kang mangan ana resto racake ora mung warga Vietnam, malah luwih akeh turis saka njaban rangkah. (*)

Panulis : Suprawoto
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *