Plesir Menyang Vietnam (3)

Pancen banh xeo mau paling enak yen dipangan ngepasi isih anget. Mula rikala banh xeo cumawis ana meja, ya langsung diserbu. Carane mangan, banh xeo kang wujude kaya martabak mau banjur dibungkus karo sayuran jinis sawi, terus diblondrehi saos. Sateruse ya kari ngemplok ngono wae. Kepiye rasane? Ya enak. Wong ana rasa gurihe barang. Pancen ilate wong Jawa iku ukuran panganan enak iku enak apa ora yen ana rasa gurihe. Lha yen woh-wohan,  diarani enak apa ora, tengerane mayar, legi apa ora.

Semono uga banh xeo iki ana rasa gurihe barang. Cocog kanggo ilat Jawa. Karo ngobrol lan ndeleng oleh pramuladi masak, ora krasa sapiring banh xeo gusis. Rehne wis tekan Vietnam sengaja olehku mangan daklosake. Nanging kanggo ngimbangi kesehatan, saben ndina aku tansah olahraga. Semono uga sasuwene ana Vietnam olahragaku yen ora mlayu-mlayu entheng ing wayah esuk apa sore, ya nge-gym ana hotel.

Ora lali aku uga nggawa obat-obatan. Obat-obatan apa wae wis digawakake dening anakku mbarep kang kebeneran dokter spesialis anak ing RSUD dr. Soedono Madiun. Dadi ya ora patiya kuwatir ana apa-apa ing paran ngenani awakku. Malah dening anakku uga wis dilebokake asuransi kesehatan ing Vietnam. Dadi sakwayah-wayah ana kedadeyan emergency  ora bingung maneh. Pamujiku aja nganti ana apa-apa. Nanging uwong iku rak ya jaga-jaga. Pancen wong Landa iku carane mikir nganti samubarang kang ana risikone wis diantisipasi. Beda karo cara mikire sebageyan wong Indonesia, yen ana apa-apa jarene pancen wis takdire.

Marem mangan banh xeo kang kawentar ing Hanoi lan antuk rekomendhasi Michelin, baline menyang hotel aku mlaku maneh. idhep-idhep karo olah raga. Sing dakgumuni, putuku kang lagi umur patang taun kok ya mlaku wae kaya ora nduwe kesel. Arang njaluk gendhong. Wong ya ana negarane kana wiwit cilik wis dibiasakake menyang ngendi-endi numpak sepedha apa mlaku. Dadi kaya wis biasa kae rikala plesir menyang Vietnam.

Tekan hotel wis wengi watara jam 21.30. Sawise ngresiki awak aku banjur turu. Angkahku sesuk esuk jam 07.00 sawise sarapan ana hotel aku bakal jogging maneh. Nanging wengi iku aku rada was-was merga awane ngombe kopi. Aja-aja bengine ora bisa turu. Lha kok malah suwalike. Sawise aku ngrungokake giyaran wayang lumantar YouTube, langsung turu les. Tangiku wanci subuh. Neng awak rasane seger. Segering awakku iki amarga olehku ngombe kopi telor apa amarga ati legi seneng, aku ora bisa ngira-ira. Mbokmenawa merga loro-lorone.

Bubar sarapan ana hotel, dakkoberake leren sauntara supaya weteng rada angglong. Sawise awak entheng,  aku banjur jogging dibacutake mlaku menyang pasar. Esuk iku sisihanku sengaja melu, amarga kepengin mlebu pasar Hanoi. Pariyayi putri rak biasane seneng menyang pasar lan blanja. Kebeneran pasar Hanoi rada adoh karo hotel. Nanging amarga aku ora ngajak putuku, mula dak-sengaja mlaku. Esuk iku karo mlaku ing pedestrian, aku nyawang warga Hanoi kang lagi padha sarapan. Saben bakul panganan daksawang dirubung wong tuku.

Ora beda karo ing Indonesia, sadalan-dalan ya ana kang dodolan jajanan pasar dideleh boncengan sepedha. Bakule nganggo caping saka pring, kaya petani Indonesia. Bakul jajan kang numpak sepedha iku paham banget endi turis lan endi warga lokal.  Yen sing tuku turis, regane rada dilarangi. Beda banget yen sing tuku wong asli Hanoi. Ngertiku amarga aku bubar tuku jajanan mau lan nyoba maspadakake, yen warga Hanoi regane kok luwih murah.

Mlebu pasar bleng kahanane ora beda karo pasar tradhisonal Indonesia. Persis banget swasanane. Regane barang-barang kang diedol dicantumake pisan. Dadi kanggone turis kaya aku arep tuku ya mamang. Mengko gek diregani larang. Mula aku trima mlaku-mlaku mubeng pasar. Sakwise kateg, aku banjur mlaku maneh golek souvenir khas Vietnam. Regane jebul ora patiya larang. Pernak-pernik stiker tempelan kulkas upamane, regane watara VND 20-40. Gumentung marang jinis lan barange.

Baline aku mlaku maneh. Tekan hotel, anak lan putuku lagi padha sarapan.  Amarga aku wis sarapan mula mung ngancani neng meja makan karo njupuk juice buah. Wong ya olehku plesir menyang Vietnam ora melu tour travel, dadi santai. Wektuku omber. Yen esuk anak lan mantuku ora kepingin tangi kesusu. Dadi yen metu mlaku-mlaku ya watara jam 10.00 banjur menyang destinasi wisata karo mangan awan pisan. Sorene bali menyang hotel maneh.

Lan olehku mangan awan ing dina iku sengaja tuku banh mi lewat online. Amarga wis kesel mlaku. Kaya ing Indonesia, samengko tuku samubarang kalir gampang. Yen ora kepengin rekasa, kari liwat online. Klebu tuku panganan bisa diterake menyang hotel. Pegawe hotel uga cepet layane. Yen pesenane wis teka enggal diterke menyang kamar. Mula panganan kang dipesen isih anget.

 Para maos perlu ngerti, panganan Vietnam iku umume kang akeh ya kaya-kaya mi-mian lan roti. Ana ngendi panggonan, restoran apa café, menune yen ora mi ya roti. Malah aku ora nate nyumurupi retoran kang menune sega. Mangka yen ana Indonesia sing diarani restoran mono mesthi ana segane. Beda karo Vietnam. Mangan esuk, awan, bengi mesthi nganggo mi lan roti. Mula ing Indonesia amarga sarwa sega mau, banjur nganti impor beras.

Bengine aku sengaja mangan ana restoran kang klebu mewah, yaiku Cha Ca Thang Long. Alamate Duong Thanh 6B. Restorane cukup gedhe. Tingkat loro. Lan restoran mau manggon ana omah kuna kang katone biyen tilas omahe wong sugih ing Hanoi. Wis direhab lan ditata kanthi artistik. Endah banget yen disawang, njalari sing andhok betah. Olehku mangan mrono mau uga adhedhasar rekomendasi saka Michelin.  Amarga restoran gedhe lan ya rada larang mula kang andhok rata-rata ya sing kanthonge kandel. Ngertiku rikala aku bali, ana ndalan dikandhani anakku yen ing meja sebelahku mau ana pasangan lanang wadon isih enom nganggo priyasan kang regane larang. Aku ora ngerti priyasan kang larang iku sing kaya ngapa. Ngertiku priyasan sing larang regane iku ya mung emas. Nanging tumrap bocah wadon saiki, barang mewah mono ora winates emas.

Kebeneran bengi iku aku isih antuk nggon lungguh. Nanging kang padha mangan ing resto mau wis akeh banget. Meja-meja wis kebak tamu kang lagi padha ngrahabi panganan sing diladekake. Menu utama ing restoran iku jenenge cha ca. Wujude arupa iwak lele kang wis diiris tanpa eri. Carane mangan, masakan mau diladekake ana panci panas kaya masakan Korea apa Jepang kang ing sandhuwure meja iku dipepaki kompor pisan. Daging iwak kang wis diiris mau banjur ditumis ana panci karo digodhog bumbu bawang lan sayur-sayuran.

Yen wis mateng, iwak lan sayuran kang wis ditumis mau banjur dipangan karo mi beras kang wis sumadya ana ing mangkok lan supaya luwih enak dicampur saus iwak kang uga wis sumadya ana meja. Kanggo gantine roti ana mangkok wis sumadya mi putih diunthuk-unthuk kaya sega ana mangkok kanggo gantine roti. Rasane pancen enak, wong ya wis direkomendhasi dening Michelin. Mula sasuwene ana Hanoi pedhomanku mangan manut rekomendhasi cacah telu, siji Michelin, loro rating saka warga Vietnam, telu turis. Ngombene sejene kopi, ing Hanoi akeh cumawis ice cream lan es buah. Aku ya asring nyoba es kasebut. Yen bab es rasane uga ora beda karo es Indonesia. Legi. Regane uga padha karo rega ice cream Indonesia yen dirupiahake. (*)

Panulis : Suprawoto
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *