Prabowo: Indonesia Nyengkuyung Inisiatife BRICS

Presiden Prabowo Subianto ngendikakake pemikiran-pemikirane ing BRICS Leader Virtual Meeting, Senen (8/9/2025).
(Foto: Antara/Biro Pers Sekretariat Presiden)

Presiden Prabowo Subianto nemenake, Indonesia nduweni komitmen kuwat sansaya ngraketake sesambungan klawan negara-negara anggota klompok ekonomi BRICS (Brasil, Rusia, India, Cina, South Afica). Ngendikane Prabowo mau kaucapake ing BRICS Leader Virtual Meeting Senen bengi, 8 September 2025. Sapatemon daring mau diestreni dening para pemimpin negara anggota BRICS, antara liya Presiden Brasil Luiz Inacio Lula da Silva, Presiden Cina Xi Jinping, Presiden Rusia Vladimir Putin, Presiden Mesir Abdel Fattah el-Sisi, lan Presiden Iran Masoud Pezeshkian.

Prabowo ngandharake, BRICS mujudake pilar stabilitas sarta pangarep-arep ing satengahe swasana geopolitik dinane iki. Ing kahanan donya sing ora bisa dipesthekake, tuture Prabowo, konsep multilateralisme uga ngadhepi tantangan. “Ya iki wancine BRICS saya ngrembaka, Indonesia nyengkuyung inisiatif sing dijupuk,” ujare kepala negara sing digiyarake liwat akun YouTube Sekretariat Presiden.

Miturut Presiden Prabowo, klompok negara anggota BRICS makili luwih saka 55 persen populasi penduduk donya. Jrone posisi makili luwih saka 40 persen Produk Domestik Bruto (PDB) global mau, BRICS nguwasani ekonomi kang dominan kanthi negara populasi penduduk paling gedhe, ditambah pasar sing uga gedhe. 

“Klompok negara-negara BRICS nguwasani potensi sumber daya alam paling gedhe, sarta sumber daya-sumber daya wigati. BRICS muncul minangka pilar kekuwatan,” ngendikane Prabowo kang antuk kalodhangan nyampekake pemikiran-pemikirane ing urutan kapapat. Prabowo uga nyoroti praktek standhar gandha ing pasrawungan global. Manut panjenengane, negara-negara gedhe asring nggunakake kekuwatane kanggo mlened negara-negara cilik. “Ukum internasional dilirwakake, negara kuwat bisa gawe kewenangan kanggo meden-medeni negara cilik. Perdagangan lan keuangan dadi senjata. Mula BRICS kudu sesambungan kang luwih supeket,” ujare Prabowo. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *