Presiden Prabowo Subianto ngaku ajeg ngecek ngrembakane panampa manfaat Makan Bergizi Gratis (MBG) saben ndina. Presiden rutin mundhut lapurane Badan Gizi Nasional (BGN) kang ngleksanani program kasebut. Prabowo ngandharake, lapuran pungkasan sing ditampa nyatakake menawa panampa MBG gunggunge wis luwih saka 21 juta.

Miturut Prabowo, panjenengane sengaja ngawasi langsung lumakune program mau supaya bisa oleh lapuran yen petugase nemoni masalah-masalah ing lapangan. “Mau bengi (Senen, 25 Agustus 2025), aku oleh lapuran (panampa MBG) wis ngliwati 21 juta. Dakmonitor saben dina, dina iki sepira, dina iki sepira, ing ngendi ana masalah. Dadi sedulur-sedulur, we can do it,” ngendikane Prabowo nalika ngepyakake Gedung Layanan Terpadu lan Institut Neurosains Nasional Rumah Sakit Pusat Otak Nasional (RS PON) Prof. Dr. dr. Mahar Mardjono ing Jakarta, Selasa, 26 Agustus 2025.
Presiden mratelakake sengaja nyenggol bab MBG jrone sesorah paresmian RS PON Mahar Mardjono mau jalaran kepengin nuduhake menawa yektine Indonesia keconggah mawujudake maneka program ambisus, senadyan sadurunge akeh sing tidha-tidha.“Masalahe bangsa Indonesia ya kuwi mau, masalah ora yakin. Wektu dakcanangake program MBG kanggo kabeh anak-anak kita, akeh kang ora percaya, akeh sing ora sarujuk. Lan tumrap kang setuju umume padha ngira MBG lagi bisa mawujud jroning wektu 5 nganti 10 taun,” tuture Prabowo.
“Nanging aku dhek sawatara dina kepungkur, 15 Agustus, duwe rasa bombong amarga bisa ngadeg ana sangarepe wakil-wakil rakyat, daklapurane menawan makan bergizi gratis, nalika kuwi, wis dirasakake dening 20.400.000 panampa manfaat,” Prabowo mbacutake.
Mula saka kuwi panjenengane optimistis Indonesia bakal sanggup mujudi program-program liyane, antara liya nyukupi jumlahe dhokter umum kang kurang 140.000, lan dhokter spesialis 70.000. Presiden narget taun iki mbukak 148 program studi spesialis lan subspesialis ing 57 fakultas kedokteran. Sabacute mbukak 30 fakultas kedokteran anyar ing sawatara kampus. “Sepisan will (pepinginan), dhisik. Kudu! Yen kita duwe niyat, Insya Allah kasembadan. We have resources, we have to manage our resources. Mengko dideleng,” ngendikane presiden. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital