Prabowo Paring 280 Becak Listrik ing Banyumas

Program Becak Listrik pambiyantune Presiden Prabowo Subianto ing Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah ditampa dening tukang becak onthel 280, Selasa, 2 Desember 2025. Bantuan becak listrik mau disalurake dening Ketua Yayasan Gerakan Solidaritas Nasional (YGSN) Letnan Jendral (Purn) Teguh Arief Indratmono minangka upaya ngundhakake ekonomine masyarakat pengasilan kurang.

Bupati Banyumas Sadewo Tri Lastiono nelakake gunging panuwun marang Presiden Prabowo. Miturut Sadewo peparinge presiden mau luwih akeh tinimbang sing dijaluk. Pemda Banyumas, kandhane Sadewo, ngusulake 188 unit becak listrik, nanging diparingi 280. “Pemda ndhata sapa-sapa tukang becak konvensional sing pantes nampa peparinge Presiden mau jumbuh karo yuswane,” tuture Sadewo ing pendhapa kabupaten.

Miturut Sadewo 280 unit becak listrik mau didum ing Purwokerto 100 unit, Kecamatan Banyumas 100 unit, lan Kecamatan Sokaraja 100 unit. Pemda mung menehi data calon panampa, dene sapa-sapa sing diwenehi ditemtokake dening YGSN. Kejaba becak listrik, tambahan bantuan uga diparingake presiden. Yaiku arupa 21 kaca mata kercerdasan buatan (AI), iPad kanggo nem SD kang mapan ana wilayah blank spot internet, sarta paket sembako kanggo warga panampa manfaat.Sauntara kuwi Letjen Teguh Arief Indriatmono ngandharake bantuan becak listrik mau minangka wujud perduline Presiden Prabowo marang tukang becak yuswa sepuh sing isih makarya kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga. “Targete 80 ewu becak listrik kang disalurake satahap mbaka satahap, taun iki target 10 ewu unit, taun ngarep 80 ewu unit,” kandhane Teguh. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *