
Presiden Prabowo Subianto sing uga Ketua Umum Partai Gerindra ngandharake, sawenehe pemimpin lan negarawan sejati kudu landhep panggraitane nalika nyumurupi panguripan bangsane. Panguwasa kang diregem, ngendikane Prabowo, kudu dienggo nyebar kabecikan. “Uga kanggo mbusak kemlaratan lan njejegake kedhaulatan,” ujare Prabowo ing acara Taklimat Ketua Dewan Partai Gerindra kanthi tema Kompak Bergerak Berdampak ing Padepokan Garuda Yaksa, Hambalang, Bogor, Jawa Barat, Setu, 9 November 2025.
Prabowo uga ajak-ajak marang kabeh kadher Gerindra amrih tumindak becik kanggo kapentingan bangsa lan negara sadurunge tinggal donya. Prabowo dhawuh marang kadher-kadher Gerindra sing samengko nglungguhi jabatan eksekutif, wiwit tataran menteri, gubernur lan bupati/wali kota supaya ora wedi-wedi mutusake kebijakan sing becik kanggo bangsa lan negara.
“Awake dhewe mesthi ngadhep (tinggal donya), kita ora perlu wedi-wedi. Mula mmpung isih urip, awake dhewe kudu tumindak sing becik. Gajah mati ninggalake gadhing, macan mati ninggal belang. Manungsa mati ninggal jeneng, luwih becik jenenge awake dhewe tansah dieling-eling,” tuture Prabowo.
Prabowo kepengin kabeh kadher Gerindra sing nduweni jabatan strategis ing pamarentahan mengkone sawise tinggal donya jenenge tetep dikenang dening masyarakat jalaran nalika isih urip wis ninggalake kabecikan-kabecikan. Ing antarane dikenang merga nduweni kebijakan sing mihak rakyat lan kebijakan mau dirasakake dhampak positipe dening wong cilik.
“Klebu dikenang merga nggawa Indonesia tumuju karaharjan, dikenang merga menehi pangan marang kabeh bocah lan ibu nggarbini sa-Indonesia,” kandhane Prabowo. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital








Pog79? I’ve given it a shot. The interface is pretty user-friendly. It is good and worth checking out. Here’s the link: pog79
Vswina1 isn’t bad at all! Easy to sign up, and I found some games I enjoyed right away. Give it a shot: vswina1!
Bet288 is just alright. It’s nothing special but you can definitely find some fun things to do on the site if you’re bored. Check it out for yourself: bet288!