Tiwase mahasiswi PPDS Undip, dr Aulia Risma Lestari, mlebu babak anyar akhir 2024 kepungkur. Sawise tidhem patang sasi saka anggone ditemokake tiwas Agustus 2024, pulisi wekasan netepake tersangka cacah telu saka internal kampus sing dinuga meres kurban nganti atusan yuta.
Patang sasi sawise Aulia Risma Lestari tinggal donya, pulisi mbacutake penyelidikane. Asil panlusurane aparat kang duwe wenang mau, tiwase mahasiswi Program Pendidikan Dokter Spesialis (PPDS) Anestesiologi Fakultas Kedokteran Universitas Diponegoro Semarang kuwi ora merga di-bully seniore, nanging ngarah marang pakarti pameresan.
Direktur Reserse Kriminal Umum Polda Jawa Tengah Kombes Dwi Subagio nuturake, satemene pulisi uga nyelidiki ana orane kemungkinan bully sing njalari Aulia dhepresi banjur mutusake nganyut tuwuh. Suprandene penyidik nemoni pepalang ora bisa njaluk katrangane seksi merga kurbane wis tinggal donya. “Mangka prekara bullying mono lagi bisa diproses yen kurbane dhewe sing lapur pulisi,” tuture Dwi Subagio kaya kang dikutip saka Kantor Berita Antara, Selasa, 24 Desember 2024.

Merga panduga bully sing njalari Aulia tiwas ora bisa ditlusuri maneh, pulisi ganti konsentrasi marang prekara pungutan liar (pungli) sing nyebabake kurban ngalami stres. Apamaneh tandha-tandha tumuju mrana cukup jelas. Mula ing dina Selasa kuwi penyidik wani netepake status tersangka marang wong telu, yaiku Kepala Program Studi (Prodi) Anestesiologi Fakultas Kedokteran Undip Taufik Eko Nugroho, Kepala Staf Medis Kependidikan Prodi Anestesiologi Sri Maryani, lan dhokter residen kang uga seniore Aulia ing kampus, Zara Yupita Azra. Kementerian Kesehatan (Kemenkes) kabare nimbang-nimbang bakal nyabut surat idin praktek dhokter duweke Taufik lan Zara.
Dwi Subagio ora gelem mrinci tumindake tersangka mbaka siji jalaran bab kuwi wis magepokan karo urusan teknis penyidikan. Pakartine saben tersangka, kandhane Dwi, bakal dibukak blak ing persidhangan mengko.
Aulia Risma ditemokake tanpa nyawa ing kamar kos-kosane, Jalan Lempongsari, Kecamatan Gajahmungkur, Kota Semarang, 12 Agustus 2024. Dhokter umur 30 taun kuwi dinyatakake tinggal donya merga overdosis. Pulisi sujana Aulia lampus dhiri jalaran ora kuwat nanggung prekara abot. Titikane, lawang kamare kemunci. Ing njero kamare uga tinemu dom suntik lan turahan obat bius sing dinuga kanggo sarana nganyut tuwuh.
Rong dina candhake Kemenkes nyetop sauntara panggonan praktek prodi anestesiologi ing Rumah Sakit Umum Pusat dr Kariadi Semarang. Kemenkes uga cepet tumandang mbentuk tim kanggo nglumpukake fakta-fakta prekara apa satemene sing njalari Aulia nganyut tuwuh.
Sawise makarya kanthi srempeng, Kemenkes wekasan ndumuk yen patine Aulia ana gandheng cenenge karo pameresan sing ditindakake dening senior-seniore ing PPDS Anestesiologi. Aulia diperes kanthi ugal-ugalan. Wiwit isih semester I dheweke wis diwajibake setor dhuwit sing gedhene antarane Rp 20-40 yuta saben sasi marang senior-seniore.
“Mangka tarikan dhuwit semono mau sacara resmi ora ana jroning katemtuwan PPDS Anestesiologi. Dhuwit iku ora kanggo tambahan ragad pendidikan, nanging digunakake kanggo kaperluwan pribadine para tersangka,” ujare juru wicara Kemenkes, Mohammad Syahril, 1 September 2024.
Dudutane tim pencari fakta Kemenkes iku didhasarake marang temon bukti transfer saka rekeninge kurban, rekaman omong-omongane kurban karo pelaku, sarta asile wawancara karo sawatara mahasiswa PPSD. Saka panlusurane Kemenkes mau kawiyak menawa Aulia Risma dipilih dening mahasiswa saangkatane minangka bendhahara. Tugase ngimpun dhuwit-dhuwit pungutan saka kanca-kancane saangkatan. Sabanjure dhuwit iku disalurake marang para senior sing mbutuhake. Dhuwit iku jebul dienggo nyukupi kebutuhan-kebutuhane senior sing ora ana sambung rapete karo akademis. Upamane, menehi honor penulis njaba sing nggarapake naskah akademik seniore, mbayari office boy, lan mbayari keperluwan-keperluwane senior, kaya dene sewa mobil kanggo plesiran.
Pungutan-pungutan mau, kandhane Syahril, wimbuh ngebot-eboti sesanggane Aulia merga cengkah karo batine. Panindhese para senior kuwi sing dinuga dadi jalaran awal Aulia ngalami dhepresi. Dheweke ora nyana nadyan mlebune menyang PPSDS saka bea siswa sing kudune gratis, nanging nyatane isih dipalak dening seniore.
Sabacute Kemenkes masrahake asil panglarah tinggal donyane Aulia iku marang pulisi. Nadyan nalika kuwi tiwase Aulia Rahma wis dadi rembug rame, ewasemono wong tuwane kurban lagi lapur pulisi tanggal 4 September 2024.
Pulisi sing uga tumandang ngusut prekara kuwi malah entuk kanyatan sing nggawokake. Pakartine tersangka dinuga ora mung tumanduk marang Aulia wae, nanging uga para mahasiswa PPDS liyane. Cacahe pungutan antarane Rp 50-100 yuta sesasi. Saka etung-etungane pulisi, dhuwit sing diperes saka Aulia sakanca mau yen digunggung nggayuh Rp 2 milyar sasemester! Praktek slenca juru usaha kuwi manut pulisi wis kelakon wiwit 10 taun kepungkur.
Dwi Subagio ora nutup kalodhangan nambah cacahe tersangka yen tinemu bukti anyar, ngelingi pakarti meres wong akeh kasebut mokal menawa mung ditindakake wong telu wae. Nanging kanggo sauntara penyidik isih fokus marang wong telu kuwi nganti berkase dipasrahake marang jeksa penuntut umum.
Ngenani jumlahe kurban pemalakan senior sing dinuga ora mung Aulia Risma, pengacara kulawargane Aulia Risma, Misyal Ahmad, mbenerake. Dheweke ngaku tau krungu menawa ana kurban cacah papat maneh sing sekawit kepengin lapur pulisi, nanging embuh merga apa kok akhire wurung.
Misyal ngandharake, mligi Aulia, kulawargane kandha menawa dhokter wanita kuwi wis ngetokake dhuwit Rp 225 yuta saploke mlebu PPDS. Kulawargane ora tau dikandhani Aulia dienggo keperluwan ana dhuwit sing diwenehake seniore kuwi. Aulia mung wadul marang wong tuwane menawa dhuwit pungutan mau diwenehake marang Sri Maryani. Saka kono Misyal duwe dudutan menawa mahasiswa-mahasiswa PPDS mung didadekake mesin ATM dening seniore.
Satemene kulawargane Aulia wis nglapurake prekara pungutan ora resmi mau marang Undip, nanging ora ditanggepi. Mula Misyal ngajab kurban-kurban liyane wani lapur pulisi amrih prekarane dadi padhang ndrandhang.
Awal September 2024 kepungkur Manajer Layanan Terpadu dan Humas Undip, Utami Setyowati, pratela menawa tiwase Aulia ora ana sambunge karo prekara bully. Universitas, kandhane Utami, wis nganakake investigasi komlit. Asile, ora ana tandha-tandha yen Aulia stres merga kena bully.
Miturut Utami almarhumah nduweni masalah kesehatan sing mangaribawani anggone nempuh pendidikan dhokter spesialis keganggu. Aulia, manut Utami, wis tau nenimbang arep mundur wae saka program kasebut merga kondhisi kesehatane ora nutut yen dienggo mbacutake kuliyah.
“Nanging almarhumah murungake kekarepane mau jalaran sacara administrasi isih kaiket marang katemtuan panampane bea siswa,” tuture Utami. (KSW)
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






